Call Our Toll-Free Number: 123-444-5555
  • Jagad Pewayangan

    Tan samar pamoring Sukma, sinukmanya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusiping rasa jati..Ooo..
    Suluk.

    See All Features
  • Pitutur Jawa

    Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
    Sekar Macapat-Pupuh Gambuh-Serat Wulangreh.

    See All Features
Tampilkan postingan dengan label TRADHISI. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label TRADHISI. Tampilkan semua postingan

11 Jan 2015

DOLANAN DHAKON

Dhakon



Dhakon utawa congklak, kuwi dolanan sing nganggo piranti kayu, isa uga saka tèmbaga, plastik kang luwih sèdhèrhana digambar ing lemah. Ing kono isa dilègoki pitu, sanga, utawa séwèlas lègokan, lan digawé rong larik, tèrus ing pucuk kiwa tèngèn ana lègokan gèkdhé (lumbung) loro. Sak liyané kuwi, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahe 7, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, 9 legokan 9x9x2=162, yen 11 legokan 11x11x2=242.

Étimologi
Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku antuk panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni yèn barang kuwi duwéké dèkné. Dadi ing dolanan dhakon iku ancasé kanggo ngakoni yén barang iku duwèké dhéwé. Tumrap masyarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing tahun 1970-an, dhakon pancen wis ora asing. Dhakon kayu awujud ukiran akeh ditemokake ing kraton. Pancen, dolanan dakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mligine ing lingkungan kraton. Eman, dene bocah-bocah saiki wis akeh sing ora tepung lan kulina dolanan dakon.

Jeneng ing panggonan liya
Ing Malaysia dolanan iki luwih dikenal kanthi jeneng congkak lan istilah iki uga dikenal ing sawetara dhaérah ing Sumatra kanthi kabudayan Melayu. Saliyané iku ing Lampung dolanan iki luwih dikenal kanthi jenneng dentuman lamban déné ing Sulawesi luwih dikenal kanthi jeneng Mokaotan, Maggaleceng, Aggalacang dan Nogarata. Jeoning basa Inggris, dolanan iki disebut Mancala.

Tata Cara dolanan
  • Legokan cilik diisi kecik cacahé padha karo cacahé lègokan
  • Giliran sing mlaku dhisik diundhi nganggo pingsut
  • Carané mlaku, sing oléh giliran milih salah siji lègokan sisih ngarèpé, kècik sing ning kono dijupuk, tèrus ditibakké siji-siji ning lègokan wiwit sisih tèngèné. Satèrusé lègokan tèngèn diisi, ugo lumbung sisih tèngèn. Yén kèciké isih turah, ditèruské mutèr ning lègokan musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lumbung, giliran ditèruské musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lègokan sing kosong, giliran mandheg, ganti musuhe.
  • Yén kecik pungkasan tiba ing legokan sabrange ono isine, kabeh dipindhah ning lumbunge dhewe.
 http://jv.wikipedia.org/wiki/Dhakon

Cublak-cublak Suweng



Cublak-cublak Suweng

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Lirik :
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong

Dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.

Carané dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.

Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng

30 Nov 2014

Telaah Pranata Keluarga, Agama, lan Sosial



TRISNA DWI SETIANINGSIH
TELAAH PRANATA MASYARAKAT JAWA


1.      Telaah Pranata Keluarga

Unen-unen “Mangan Ora Mangan sing Penting Kumpul”
dadi Tradhisining Kaluwarga

Mangan ora manggan sing penting kumpul, unen-unen sing banget dirasakake dening kaluwargaku. Saben dina mesthi kudu ana wektu kanggo kumpul bareng sakaluwarga. Ya namung crita-crita bae ning ruang kaluwarga. Biasane nalika bengi bubar ngaji, watara tabuh 9 bengi nganti jam 10an mesthi bae kudu kumpul dhisik. Acara kumpul iki kaleksanan saben dina. Yen pas ora ana jadwal ngaji, yaiku dina setu lan minggu, biasane kumpul kaluwarga bisa luwih suwe, jam 8 bengi wae kabeh padha kumpul. Biasane yen dina setu lan minggu bengi bulik lan putra-putrane uga melu kumpul, dhasare omahe cedhak karo omahku.
Kabeh sekeluwarga bisa kumpul amerga yen ana sing crita marang salah sijining kaluwarga, tuladhane nalika iku aku lagi crita-crita marang ibu. Banjur kang mas lan adhi-adhiku banjur melu-melu marani lan ngrungokake critaku. Bapak uga melu-melu kumpul. Mesthi bae ana rasa kurang yen ora melu kumpul kaluwarga iku.
Acara kumpul bareng iku minangka sarana kanggo putra-putra supaya bisa cedhak karo kaluwarga, bisa rerembugan babagan masalah apa bae, lan bisa cerita-cerita kedadeyan sing diweruhi utawa dilakoni. Biasane padha gantian anggone nyritakake kabar utawa kedadeyan sing lucu-lucu utawa kedadeyan liyane sing kira-kira bisa kanggo crita. Ing wektu iku sakliyane kanggo crita, kadang kala padha ngrembug tugas-tugas utawa PR sing durung rampung digarap. Biasane adik sing njaluk warah marang ibu. Nanging kabeh padha ngrewangi uga menehi saran.
Kumpul kaluwarga iki wis dadi kegiatan saben dina ing kaluwargaku. Wis dadi tradhisi khusus kanggo kaluwarga. Yen pas ning ngomah kok ora melu kumpul iku rasane gela banget.

2.      Telaah Pranata Agama

Tradhisi Qosidahan ing Dhusun Plikon
Desa Trasan, Kecamatan Bandongan, Kabupaten Magelang

Tradhisi Qosidahan minangka sawijining tradhisi sing wis aran banget anane. Ing desaku, tradhisi iki namung katindakake dening siji dhusun, yaiku Dhusun Plikon. Sakliyane ing dhusun Plikon ora ana maneh sing nduweni grup Qosidahan. Menawa ana kagiyatan dhesa utawa kagiyatan dhusun, RT, utawa kaluwarga iku ana sing nduweni hajatan, biyasane grup Qosidahan iki diutus ngisi adicara. Ananging biyasane grup Qosidahan iki diundang ing adicara pengajian, bisa pengajian sing dianakake ing desa, dhusun, RT, utawa kaluwarga.
Tradhisi Qosidahan utawa Rebana iku tansah kaleksanan ing Dhusun Plikon, dhusun tangga nanging isih sak desa. Dhusun Plikon ikiwis nduweni grup Qosidahan dhewe, uga ana sragame barang. Saben ana pengetan ing acara desa biyasane grup iki tampil. Ananging grup qosidahan iki kabentuk tujuwane kanggo ngiringi nalika pengajian.
Warga masyarakat ing dhusun iku tansah kerep latian Qosidahan. Saben-saben ana acara pengajian dhusun, yaiku saben malem Rebo Pahing mesthi dianakake pengajian gedhen. Mesthi bae ngundang Pak Kyai saka liya desa. Saben acara pengajian, mesthi bae ana Qosidahan sing ana ing dhusun iku. Kagiyatan iki pancen wis dadi tradhisi ing dhusun Plikon. Yen arep ana pengajian gedhen, kudu ana grup Qosidahan, ngundang kyai sala liya desa, lan kudu ana panganane.
Senadyan Qosidahan iku ora ana tuntunane ing Al-Qur’an utawa Al-Hadis, ananging tetep bae dianakake Qosidahan. Warga masyarakat nganakake Qosidahan iku kanggo njaga tradhisine Wali Sanga. Jaman biyen Wali Sanga anggone nyebarake agama Islam nggunakake metode Qosidahan iki. Saengga saben ana acara pengajian gedhe mesthi bae ana Qosidahan.


3.      Telaah Pranata Sosial

Kerja Bakti Resik Kubur ing Dhusun Semaitan
Desa Trasan, Kecamatan Bandongan, kabupaten Magelang

Dhusun Semaitan iku mapan ing Desa Trasan, Kecamatan Bandongan, Kabupaten Magelang. Dhusun iku yen ditonton saka kahanan masyarakate, katon yen ing dhusun iku ora ana gegeran. Saben warga masyarakat bisa rukun, iku katon nalika ana acara kerja bakti resik kubur. Kerja bakti resik kubur mesthi kaleksanan dening kabeh warga masyarakat
Dhusun Semaitan saben minggu ing awalan sasi. Ing dhusunku iku kabeh warga masyarakat sing lanang mesthi kudu melu acara kerja bakti iki. Kerja bakti ing desaku iki biasane diwiwiti tabuh 6 esuk. Kabeh warga masyarakat padha kumpul ing pinggiran kuburan. Sawise padha kumpul kabeh padha dedonga bareng dipimpin satunggaling sesepuh. Sawise iku banjur padha mlebu ing kuburan lan ngresiki kuburan. Kabeh godhong-godhong lan kabeh larahan diresiki kabeh, dilumpukake dadi siji. Sawise godhong-godhong lan larahan garing dikumpulke, banjur diobong ing pinggiran kuburan.
Sawise padha resik-resik biyasane banjur ana suguhan panganan saka dhusun. Kabeh banjur padha leren, padha ngunjuk lan dhahar panganan sing wis cumawis. Nalika iku, mesthi bae padha crita-crita. Iki bisa nuwuhake kerukunan antar warga masyarakat.
 Acara resik kubur iki wis dadi tradhisi saben sasi ing Dhusun Semaitan. Kabeh warga masyarakat padha melu kerja. Ora cilik ora gedhe, ora tua ora enom, kabeh sing ngrumangsani yen dheweke isih kuwat anggone kerja bakti padha melu kabeh. Kajaba wong sing temenanan ora bisa, amarga ana kagiyatan liya sing luwih penting, biyasane dheweke banjur lapor marang kepala RT utawa kepala dhusun lan biyasane melu nguruni jajanan kanggo wong sing mangkat kerja bakti. Kagiyatan iki bisa nuwuhake raketing warga sak dhusun.

22 Nov 2014

Tradhisi Grebeg Gethuk ing Kutha Magelang




Tradhisi Grebeg Gethuk ing Kutha Magelang

dening Trisna Dwi Setianingsih


Ing kutha Magelang, ana sawijining tradhisi aran Grebeg Gethuk. Tradhisi iki minangka sawijining tradhisi sing mesthi kaleksanan saben taun, yaiku saben pengetan ambal warsane kutha Magelang. Tradhisi Grebeg Gethuk iki kabentuk saka crita rakyat asal dumadine kutha Magelang. Kanggo nglestarikake cerita rakyat iki, mula pemerintah ngupayakake warga Magelang supaya ora lali marang dumadine kuthane dhewe. Penetapan Kutha Magelang iki kabukten saka Peraturan Daerah Kota Magelang Nomor 6 Taun 1989, sing isine yaiku tanggal 11 April 907 Masehi katetapake dadi pengetan Hari Jadi Kota Magelang.

A.               Cerita Rakyat Dumadine Kutha Magelang
Cerita rakyat dumadine Kutha Magelang yaiku nalika iku ana Kerajaan Pajang sing nduweni raja nama Sultan Hadiwijaya. Ing kana ana Kadipaten Jipang sing dipimpin Arya Penangsang. Arya Penangsang iku senajan dheweke wong sing paling ampuh sak kutha Magelang, ananging dheweke nduweni watak sombong. Wusanane ing antarane rong dhaerah iku padha ora rukun, kabeh padha tantang-tantangan.
Sultan Hadiwijaya banjur ngutus Sutawijaya dadi senopati perang lan diampingi Ki Gedhe. Sakloron banjur mangkat perang kanthi nggawa senjata tombak Bambu Runcing. Wusanane senopati bisa ngalahake Arya Penangsang.
Amarga Sultan Hadiwijaya bungah amarga musuhe wis bisa dikalahake, banjur dheweke paring lemah ing dhaerah Hutan Mentoak maring Sutawijaya lan Ki Gedhe supaya kanggo mbukak kerajaan anyar. Wusana kerajaane bisa dadi gedhe lan di jenengi kerajaan Mataram Hindu.
Senopati Sutawijaya banjur kepengin ngambakake kerajaan. Wusanane senopati saruju yen arep mbabar dhaerah Kedhu. Jaman biyen Dhaerah kedu iku isih awujud hutan, durung ana bangunan babar pisan. Kahanan hutan iku isih sepi lan angker. Kabar-kabare yen hutan iku ana jin penunggune aran Jin Sepanjang.
Rombongan Senopati Sutawijaya banjur ngobrak-abrik hutan iku. Wusanane jin-jin sing ana ing kana padha nesu amarga omahe diobrak-abrik. Amarga Sutawijaya iku wong sing sekti, dheweke isa merangi jin-jin iku, banjur kabeh padha lunga saka hutan.
Dhaerah Kedhu banjur bisa dikuasani Kerajaan Mataram Hindu. Ing kana digawe maneka werna papan panggonan, pendhudhuk Mataram uga padha manggon kanthi damai, pemandhangan ing kana digawe apik, dhesa ditata kanthi tumata, lan kahanan ing kana tansah gemah ripah loh jinawi. Nganti jaman pemerintahan wis ganti, kahanan ing dhesa iku tetep isih subur makmur kaya sadurunge.
Banjur adhedhasar prasasti sing katemokake, kasebutake yen nalika jaman pemerintahane Raja  Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), kasebut Dhesa Mantyasih lan Dhesa Glangglang. Ing prasasti iku menehi ngerti titimangsa 11 April 907 Masehi.
Dhaerah sing disebut Dhesa Mantyasih, sabanjure dadi Kelurahan Meteseh. Dene dhaerah sing dijenengi Dhesa Glangglang, sabanjure dadi Magelang. Titi mangsa 11 April 907 Masehi iku ditetapake dadi Hari Jadi Kota Magelang.

B.               Bahan kanggo Grebeg Gethuk
Adicara Grebeg Gethuk arupa kirab ngubengi alun-alun Kutha Magelang sing didherekake dening Wali Kota lan jajarane. Sing dikirab yaiku Gunungan Gethuk lan Gunungan  Palawija utawa Sayuran.
Gunungan Gethuk sing dikirab iku ana loro, yaiku gunungan lanang lan gunungan wadon. Gunungan gethuk lanang yaiku gunungan gethuk sing dibentuk lancip (kaya bentuk kerucut) kanggo simbol jaler. Dene gunungan gethuk wadon dibentuk bunder (bentuk setengah lingkaran) kanggo simbol estri. Gethuk sing digawe gunungan iku dibunteli nganggo plastik putih dibentuk kothak-kothak. Gethuk sing digawe gunungan yaiku gethuk asli Magelang. Ana telung jenis gethuk, yaiku Gethuk Eco, Gethuk Marem, lan Gethuk Trio. Buntelan gethuk sing digawe gunungan iku cacahe 1104 bungkus. Digawe cacah 1104 amarga supaya padha karo tanggal lan wulan Hari Jadi Kota Magelang, yaiku tanggal 11 sasi April utawa sasi kaping papat. Bahan sing kanggo gunungan iku gethuk amarga gethuk iku panganan khas sing ana ing kutha Magelang.
Gunungan palawija lan sayuran digawe cacah 17. Digawe cacah 17 gunungan amarga ing Kutha Magelang ana 17 kelurahan. Anggone nggawe gunungan iki miturut kreasi saben kelurahan. Dene jenise palawija lan sayuran ora ditemtokake. Gunungan palawija lan sayuran iki kanggo mratelakake yen kutha Magelang iku kahanane tansah gemah ripah loh jinawi kawit mbiyen nganti sakiki.

C.               Paraga Kirab
Dene paraga sing melu kirab iku nganggo rasukan adat lan rasukan prajurit, uga ana sing nganggo rasukan tradhisional. Kanggo Wali Kota lan jajarane di khususake nganggo rasukan adat. Dene kanggo paraga sing mikul gunungan gethuk, rasukane nganggo rasukan prajurit. Kanggo paraga sing mikul gunungan sayuran lan palawija, di khususake nganggo rasukan tradhisional. Ana sing nganggo rasukan wong tani, ana sing nganggo klambi lurik, ana sing nganggo kebaya tradhisional.
Kirab Grebeg Gethuk iki anggone mlaku ngubengi alun-alun ora angger tumata, ananging uga ana barisan-barisane. Barisan ngarep dhewe kanggo Wali kota lan jajarane. Barisan sabanjure yaiku barisan kanggo paraga sing minggul gunungan gethuk. Barisan samburine kanggo paraga sing mikul gunungan sayuran lan palawija. Banjur barisan samburine diiseni paraga liyane, kayata paraga kesenian lan paraga saben-saben instansi sing ana ing kutha Magelang.

D.               Prosesi Adat Grebeg Gethuk
Prosesi Grebeg Gethuk diwiwiti adicara kirab ngubengi alun-alun kaping pisan. Ing adicara kirab iki, gunungan gethuk lanang wadon diarak kanthi didherekake dening Wali Kota Magelang lan kabeh pejabat pemerintah Kutha Magelang. Ora namung gunungan gethuk, nanging gunungan palawija lan sayuran uga di kirab. Wali Kota lan jajaran kabeh sing melu kirab padha nganggo rasukan adat Jawa. Dene wong sing mikul gunungan ngagem rasukan prajurit. Kirab iki diwiwiti mubeng saka Mesjid Agung Magelang nganti tekan Klentheng Liong Hok Bio banjur dikirab mlebu ing tengah alun-alun.
Sawise mubengi alun-alun, gunungan gethuk, palawija, lan sayuran iku di jejerake ing pinggir lapangan. Adicara sabanjure yaiku upacara adat. Upacara iki beda karo upacara biasa. Bedane, yen upacara iki kabeh perintah utawa protokol kudu nganggo basa Jawa krama.
Ing sela-selaning upacara, uga ditampilake Sendratari Dyah Balitung, tarian asli Magelang sing nyritakake dumadine Kutha Magelang. yaiku crita nalika Senopati Sutawijaya lagi nglawan jin-jin ning hutan wilayah Kedhu.ing tarian iki, Senopati Sutawijaya diibaratke pandhita. Dene jin-jin iku diibaratake buta-buta sing jahat.Wusanane pandhita bisa ngalahake buta-buta sing jahat iku.
Sawise adicara sendratari, upacara dipungkasi kanthi waosan donga. Banjur Wali Kota Magelang nuthuk gong kanggo tandha menawa gunungan gethuk, palawija, lan sayuran siap kanggo rayahan para masyarakat sing nonton. Masyarakat padha percaya menawa gunungan iku bisa ndadekake berkah ing uripe. Saengga masyarakat padha rebutan supaya oleh gethuk mau
Adicara sabanjure yaiku tampilan tari-tari tradhisional utawa kesenian-kesenian tradhisional sing ana ing Kutha Magelang. Ana Tari Jathilan, Tari Kubra, Topeng Ireng, Dayakan, lan liya-liyane. Masakan kuliner asli Magelang utawa jajanan-jajanan tradhisional uga akeh sing didol njlentrek ing pinggire alun-alun.















 

jawa

jawa

About

Menapa panjenengan remen kaliyan blog menika?

Contact Details