Call Our Toll-Free Number: 123-444-5555
  • Jagad Pewayangan

    Tan samar pamoring Sukma, sinukmanya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusiping rasa jati..Ooo..
    Suluk.

    See All Features
  • Pitutur Jawa

    Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
    Sekar Macapat-Pupuh Gambuh-Serat Wulangreh.

    See All Features
Tampilkan postingan dengan label SESORAH. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label SESORAH. Tampilkan semua postingan

30 Nov 2014

Tuladha Sesorah



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan panjenenganipun Bapak Kepala Dhesa Sumbersari, inggih menika Bapak Drs. Subagiyo. Ingkang kula kurmati sedaya kepala dhusun, kepala RT, sarta sedaya perangkat kelurahan Dhesa Sumbersari. Sedaya warga masyarakat ingkang kula kurmati ugi.
Ingkang sepisan sumangga kita tansah nagturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring karaharjan dhumateng kita. Saengga dinten menika kita saged makempal wonten ing adicara pentas budaya menika kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
Ingkang kaping kalih kula minangka panitia keparenga nggempil kamardikan panjenengan ingkang nembe sakeca ambal wacana. Kula inggih paring gunging panuwun dhumateng sedaya warga masyarakat Dhesa Sumbersari ingkang sampun rawuh wonten ing adicara pentas budaya menika.
Para rawuh ingkang kula kurmati, Jawa Tengah menika satunggaling dhaerah ingkang nggadhahi kathah kabudayan. Kabudayan menika saged awujud upacara tradhisi, ritual-ritual, tetembangan jawi, utawi  kesenian tradhisional. Sedaya kabudayan menika kedah kita jagi sarta kita kembangaken supados budaya Jawi menika saged lestantun ing salami-laminipun.
Para rawuh ingkang kula kurmati, adicara pentas budaya menika satunggaling adicara ingkang wigati sanget kagem kita sedaya. Wonten ing adicara menika kita saget mirsani menapa kemawon kesenian tradhisional ingkang minangka hasil kayaipun saben dhusun wonten Dhesa Sumbersari menika. Wonten pinten-pinten kesenian, kayata Jathilan, Topeng Ireng, Ndolalak, Kobra Siswa, lan sapanunggalanipun. Sedaya kesenian menika badhe kalombakaken wonten ing adicara menika. Cacahipun 10 kelompok kesenian saking saben-saben dhusun wonten ing Dhesa Sumbersari menika.
Wonten ing adicara menika, sedaya masyarakat supados kedah nderek partisipasi amrih mujudaken Dhesa Sumbersari menika dados dhesa teladan, dhesa ingkang tansah nguri-uri budaya Jawi, sarta saged dados salah satunggaling dhesa wisata wonten ing Jawa Tengah menika.
Sedaya masyarakat ingkang kula kurmati, cekap semanten sambutan saking kula. Pesen kula, sumangga kita kedhah nglestarekaken budaya kita supados tetep utuh lan tetep lestari wonten ing majuning jaman menika. Hambok bilih wonten kalepataning atur, kula nyuwun gunging sih samudra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam budaya !!

jawa

jawa

About

Menapa panjenengan remen kaliyan blog menika?

Contact Details