--- 71 ---
[...n] / kiyamu
binapsihi //
iya iku jumênêng
kalawan dhawak / wadoniyah sawiji / kudrat kang kuwasa / iradat aran karsa /
ngèlmu kawruh kayat urip / samak miyarsa / dhasar wruh kalam angling //
pan kadiran kuwasa
muridan karsa / ngaliman kang undhagi / kayan ingkang gêsang / samingan kang
miyarsa / basiran ingkang ngawruhi / muntakaliman / iyèku ingkang angling //
pikukuhing Islam pan
limang prakara / sadat ingkang rumiyin / waashaduana / lailaha ilullah /
waashaduana nênggih: / Nabi Mukhamad / iya rasulullahi //
satuhune pan ora ana
Pangeran / nanging Allah sayêkti / pan satuhunira / Kangjêng Nabi Mukhamad /
utusaning Maha Suci / artining sadat / ngandêl marang Hyang Widhi //
kaping kalih
ashaduana ilaha / ilaana kang arti / satuhune nora: / nana aran Pangeran /
nanging ingsun kang mandhiri / angandêl marang: / angên-angên lan eling //
kang kaping tri:
ashaduana ilaha / ilahuwa kang arti / satuhune nora / nana aran Pangeran /
nanging suwung kang mandhiri / angandêl marang: / jumênêngirèng ghaib //
kaping catur
ashaduana ilaha / illa anta kang arti / satuhune [satuhu...]
--- 72 ---
[...ne] nora / nana
aran Pangeran / nanging kudrat kang mandhiri / angandêl marang: / ana lawan
pribadi //
kaping kalih salat
warna ro winahya / juga salat ngabêkti / subuh lohor ngasar / mahrib kalawan
ngisa / ping kalih ran salat daim / swasananira / lumaku manjing mijil //
iya iku puji kang tan
kêna pêgat / u: kalamun umanjing / utêg têgêsira / Allah: kalamun mêdal /
angên-angên lawan eling / swarèng sasana / yèn suptagung kapyarsi //
kang kaping tri jakat
warna ro winahya / juga jakat wèh picis / miwah rajabrana / lawan eklasing
manah / dwi jakat danakkên kardi / myang kabêcikan / nanging kang sêpi pamrih
//
kaping catur wong
pasa tiga winahya / juga ngam datan bukti / sarupaning pangan / nanging lamun
tan bêtah / nginang udud iku kêni / noraran batal / dwi kas yèku tan bukti //
sarupaning pangan
apadene kinang / lan udud nora kêni / tri wong pasa aksa / iku sasênêngira /
nanging ywa lali ngabêkti / riwusing nadhah / mrih antuk sihing Widi //
kaping lima khaji
warna ro winahya / juga wong munggah khaji / mring nagari Mêkah / laju maring
Madinah / nujum astana jêng nabi: / dinil mustapa / nayakèngrat sinêlir //
--- 73 ---
salallahu angallaihi
wasalam / dwi têgêse wong muphti / sajatining Islam / wallahu karibuna / yèku
minkibaril warit / Allah rakêtan / lan unggyan kang winadi //
kang ingaran:
sarengat iku sêmbahyang / lan anut rèhing nagri / tarekat tatanya / sapa
ingkang sinêmbah / lan apêpatut mèstuti / agnyaning praja / ywa kongsi salah
dalih //
de kakekat manêmbah
sabênêrira / lan manut rèh kang titi / komram ing sapraja / makripat kinawruhan
/ ya nêmbah kang tanpa budi / lan manut prentah / ywa tan wrin kang kinardi //
kang ingaran: lêluri
dayaning kudrat / kayata: bayi lair / warnane ki jabang / nêmu saking kaanan /
pêpak saranduning dhiri / tur yayah rena: / nira tan ngrasa ngukir //
de nalaring yèku bayi
sinusonan / karo-karoning tunggil / bisa tanpa ajar / nêtêpi prajanjian /
saking lêluhurirèki / nganti tan ngrasa / amung nêtêpi wajib //
de ngakali yaiku bayi
dinadah / nglêstarèkkên pakarti: / nira janma wrêdha / pênêt kadadiannya /
sumambung tumrahing wuri / tur kinurmatan / pêncar praptèng samangkin //
de ngadadi: bêbayi
pinulasara / wusing diwasa nuli / pinardyèng piwulang / dening yayah renanya
[rena...]
--- 74 ---
[...nya] / ing kawruh
sabilik-bilik / pangarahira: / ywa kongsi tibèng nisthip //
kang ingaran: dat
sipat asma: apêngal / yèku rupa sawiji / dat: araning rupa / sipat: tandhaning
rupa / asma jênêngirèng warni / miwah apêngal: / panggawenirèng warni //
kang ingaran: wajib
wênang: lawan mokal / yèku asmaning Widhi / wajib: sinêbuta / lan wênang:
ingandêla / nanging mokal wujud dadi / awit tan ganjar / mulung saking ngastèki
//
dalil Kuran:
bakaratan waasila / esuk sore mèngêti / ananing pangeran / mung yèn ing wayah
rina / yèn wêngi kêkês murinding / kêndêl swuh sirna / têpa luh wèh mêmanis //
Dhandhanggula
ciptèng nala nora
maro kapti / kang katampan dening woding prana / lir pangrasa upamine / lêbda
mangapus kinung[14] / nanging nora bisa anyambi / pakarti
liyanira / beda kang winuwus / rasa bisa maro karsa / angrasakkên lêgi atanapi
pait / barêng padha kêrasa //
netra ugi bisa maro
kapti / kadi ta anon lintang rêmbulan / dinulu katon karone / grana bisa
angambu / bêbarêngan wangi lan pêsing / karna amaro karsa / awit bisa ngrungu /
unining bêndhe
--- 75 ---
angangkang / bêbarêngan
lawan jumêdhoting bêdhil / mung dhêle kang kapyarsa //
pagawean tumindak
pribadi / obahe lawan nora ingagnya / lembehan lumaku kêdhèdhèp /[15] lêluri aranipun / dene lamun dipun
owahi / binarêng kang lembehan / anjog yèn lumaku / kang kêdhèp pyêke ginantya
/ angowahi lêluri ran jirim jisim / yèku agnyaning driya //
kang ingaran Mukhamad
kakiki / jumênêng kita lawan priyôngga / têlung prakara adêge / Mukhamad jaba
milu / raga kita ingkang sajati / Mukhamad jêro ana / jro paesanipun / Mukhamad
kadim awarna / wêwayangan kang ana sajroning manik / mêngku têlung prakara //
iya iku rasul awarna
tri / juga rasul jaba pratandhanya / yèn krasa gatêl awake / rasul jro
kalihipun / angrasakkên lêgi lan gurih / rasul kadim ping tiga / krasa jroning
turu / kapenak lan tan kapenak / apadene ngrasakkên panganan adi / nir rasane
sanyata //
maol kayat yèku banyu
urip / utawa tirta ingkang nirmala / sastrajendrayu wus dene / bunbunan kang
kumêdut / ingaranan panggonan suci / yèku betal mukadas / lan pujining rasul /
yèku kêkêtêking jaja [ja...]
--- 76 ---
[...ja] / apadene
pujining roh tuwuh sidhi / kêdut kêtêking tangan //
Nur Mukhamad lir
soroting rawi / iya iku wayanganing netra / lawan pinêtêl katone / praptaning
môngsa layu / yèn tan keguh kagodhèng eblis / ing kono dunungira / amanggih
swargagung / mung rasa nikmat muphangat / limut marang kaananirèng dumadi / tan
jalu tan wanita //
dalil Kuran ana
ingkang muni / betal makmur ênggon paramean / yèku utêk angêmbêng we / wor
tirta kamandhalu / angêbêsi otot kang manjing: / ing netra lan ing karna / ing
grana myang tutuk / yèn asat kang tirta marta / anuwuhkên rogèng raga angranuhi
/ luput-luput antaka //
Kyai Agêng Wulusan
têlas piwulangipun dhatêng ingkang putra Radèn Udakawimba, kasok sihipun, malah
salêbêting galih: Radèn Udakawimba badhe kapupu kapundhut mantu piyambak,
nanging dèrèng kawêdhar, awit Rara Sêndhang dèrèng diwasa.
Kacariyos Radèn
Udakawimba karêmênipun anênêpi dhatêng ing rêdi-rêdi sarta ing jurang-jurang,
pinambêng dhatêng ingkang rama Kyai Agêng Wulusan: botên kenging. Galihipun
[Galihi...]
--- 77 ---
[...pun] Radèn Udakawimba
kados rinujit kèngêtan sariranipun dhumawah ing papa sande dados gêgadhanganing
satriya ingkang binadhe raja, ing wanci bakda sêmbahyang ngisa nilapakên
ingkang rama kesah nênêpi dhatêng ing rêdi kados sabênipun, nuju wulan purnama
hyang sitarêsmi katawêng ing imalaya nipis rumamyang katingal lumampah badhe
oncat saking pêpêtêng, lintang-lintang sami surêm sorotipun kados dening
kênyaring sasôngka rudatos angêmu susah, lampahipun Radèn Udakawimba dumugi
sukuning rêdi Kênaka, wontên guwanipun panêpèn, angongkang jurang ingkang
angubêngi rêdi, rêdi Kênaka botên patos agêng nanging mênggêr, antawis namung
saêpal mubêng, lambunging rêdi ingkang sisih kidul mêdal toyanipun lajêng mili
mangilèn angoncori pasabinan ing Sumbêrêja, ingkang lèr kalèthèkan jurang
ambambing, radèn sare wontên ing guwa alèmèk ron palasa aking, akajang sirah
tugêlan kajêng sêmpu, sadalu amêrêm mêlik botên sagêd sare ngantos mèh gagat
enjing, botên amanoni utawi botên angsal sasmita punapa-punapa, kakên galihipun
lajêng sare pisan. Ing wanci byar hyang aruna nyoroti lawanging guwa,
--- 78 ---
Radèn Udakawimba
wungu saking sare kagèt aningali sadhasaring jurang nyrêmomok kados wana
kawêlagar, dipun waspaosakên têtela yèn wontên mrêngangah abrit dening
kasorotan padhanging srêngenge, radèn eram ing galih dene wontên kêtingal anèh
salêbêting jurang, sêkunging galih badhe kanyatakakên dhatêng ing dhasar, Radèn
Udakawimba lajêng mudhun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih
undhak-undhakan sela cêndhani sampun katutup ing rumput mêrakan, radèn eram ing
galih dene undhak-undhakan wontên ing jurang, lajêng gampil udhunipun, namung
kantun miyak rêrungkudipun, dumugi ing ngandhap: Radèn Udakawimba sumlêngêrên
aningali wêdhinipun abrit kawoworan mas ore sarta sêsotya amôncawarni, katingal
pating karêlip, saha eram malih têtela yèn ingkang katingal abrit wau tutuping
kori gapuraning kadhaton: têmbaga sari kagêmbêlèng, wontên sorogipun agêng
taksih manjing, kori lajêng kawêngakakên gampil kemawon, byar katingal candhi
kadhaton salêbêting guwa, kados punapa kemawon eraming galihipun Radèn
Udakawimba, [Uda...]
--- 79 ---
[...kawimba,] saha
eram malih dene salêbêting guwa kados kaswargan sagêd padhang kados kapadhangan
ing diwangkara, botên sumêrêp bilih sampun wontên pintên-pintên bolongan margi
angin ambêkta pêpadhang saking jawi, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt dhatêng
kadhaton, dumugi kori agêng kèndêl aningali rêrêngganing kori, tutuping kori
gêmbêlèngan salaka pêthak, tinatah ing kênaka angrawit, têbênging kori wontên
sasêratanipun budakala, mungêl: Sang Prabu Kalapardha, iya Sangkalawêrdati,
gêgunungan utawa ratune para diyu rasêksa kang adhêdhôngka saubênging guwa-guwa
sarta gunung-gunung talatahing nuswa Jawa kang angrênggani sarta akadhaton ing
Tirtakandhas.
Radèn Udakawimba
sawêg sumêrêp yèn punika kadhaton ing Tirtakandhas, ing galih ragi ajrih bilih
taksih rêksasanipun, nanging ing sêrat pêpakêm cariyos purwa Prabu Kalapardha
sampun tumpês sawadyabalanipun kala andhustha Dèwi Erawati dening Wasi Jaladara
sarta Radèn Pamade. Amargi saking nyênyêtipun botên wontên sabawa kêmirêng,
nelakakên suwêngipun kadhaton, [kadhato...]
--- 80 ---
[...n,] mila Radèn
Udakawimba sirna sumêlangipun, korining kadhaton lajêng kasorog mênga, sangêt
eraming galih dene botên wontên ingkang katingal rêpit, sadaya taksih wêtah
ayam, rêrêngganing prabasuyasa sarwa êmas, radèn lajêng ambikaki
gêdhong-gêdhong salêbêting kadhaton, sadaya kuncinipun taksih sami manjing ing
inêbipun piyambak-piyambak, pintên-pintên rajabrana karaton taksih pêpak, tuwin
bêkakas dhahar sawa êmas tuwin salaka, wusana ambikak gêdhong rajabrana, ing
ngriku kalêmpaking donya arta mas sarta salaka pintên-pintên kulah, mas ore
sampun kawadhahan ing êncèh agêng: pintên-pintên kathahipun, Radèn Udakawimba
mangartika salêbêting galih: yèn rajabrana iki lêstari kaduwe ing aku kabèh,
kasugihaku angungkuli para ratu ing ngalam dunya kang misuwur dhewe. Nanging
yèn luput-luput sêmbire nganti kauningan ing ratu kang ambawahake padhukuhan
ing Sumbêrêja kene wurung sugih: rajabrana kadarbe ing liyan, awake malah
kaparentah.
Radèn Udakawimba
sampun kacariyosakên ing ngajêng yèn lantip yêyasan pakartining kriya, kagungan
osik [osi...]
--- 81 ---
[...k] yèn sapucaking
ardi badhe kadamêl kadhaton, saubênging rêdi kapasangan bètèng, jurang ingkang
minôngka larènipun, jurang Kênaka kabobol anjog ing kadhaton, mawi pipa ingkang
amadhangi margi, dados rajabrana lêstantun wontên ing ngriku, namung kapêndhêt
saking ênggènipun kemawon, dhasaring jurang dados pasimpênan rajabrana agung,
taksih kathah malih osiking galihipun Radèn Udakawimba, lajêng mêdal saking
jurang laju kondur kapanggih ingkang rama. Kadangu dene ngantos siyang sawêg
wangsul, radèn matur bilih katilêman wontên ing jurang. Antawis dangu Radèn
Udakawimba matur dhatêng ingkang rama yèn anggènipun asring nênêpi angsal
kamirahaning pangeran sagêd nyipta wêdhi dados mas ore.
Kyai agêng kagèt
mirêng arturipun ingkang putra, cobage: nyatakna kawruhmu iku, amêsthi aku lan
kowe dadi wong misuwur. Ingkang putra matur: punika botên kenging kasat mata
ing sanès: rama, kêdah mawi salat kajat wontên ing rêdi namung kalayan ijèn.
Mênawi kaparêng: rama namung narimah anampèni saking kula sacêkapipun karsa
sampeyan, sarta sakajêng kula, nanging mênawi kaparêng [ka...]
--- 82 ---
[...parêng] rama
sampun mawi mêmancèni kajêng kula anggèn kula badhe angwêdalakên wragad kathah
angrêjakakên dhukuh ing Sumbêrêja.
Iya: gèr aku bakal
nurut ing sakarêpmu, nanging nyatakna kandhamu iku, dadi ora kaya caturane wong
ngimpi.
Mangke dalu kula
wangsul nênêpi, enjing kula wangsul, ambêkta kasagahan kula wau.
Bakda salat ngisa
Radèn Udakawimba tindak kados sabênipun, sarta ambêkta kandhi agêng, dumugi ing
guwa lajêng sare kemawon, enjing mudhun dhatêng ing jurang lajêng malêbêt ing
guwa kadhaton, ambikak gêdhong rajabrana, mêndhêt mas ore sakandhi ngantos
kêbak, lajêng kondur kapanggih ingkang rama. Ingkang rama gita amêthukakên ingkang
putra sarta lajêng dipun jak malêbêt dhatêng dalêm, pratingkahipun kadamêl
wados, bêbêktanipun ingkang putra lajêng pun sok wontên ing bèri salêbêting
gêdhong. Ingkang rama anjêngêr dene wontên mas ore samantên kathahipun, nanging
ingkang putra botên pisan-pisan katingal tumut eram, eramipun sampun katilar
wontên ing jurang kadhaton: ingkang tansah winados, ingkang putra
--- 83 ---
lajêng dipun rangkul
sarta dipun pangandikani: gèr, kowe lan aku bakal misuwur sugih saka rajabrana
pêparinging Allah, aku kang bakal anglêbur mas iki sarta andadèkake dandanan
kang akèh pangajine.
Kacariyos Radèn
Udakawimba lajêng angirup tiyang kriya sami dipun jak gêgriya ing padhukuhan
Sumbêrêja, dipun cêkap kabêtahanipun, botên antawis wulan padhukuhan Sumbêrêja
dados nagari, karsanipun Radèn Udakawimba dipun lêksanani, nyithak banon
pintên-pintên kêthi, ngobong gamping pintên-pintên lumbung, tandho wêdhi
ngantos kados rêdi, kasarêng panggarapipun bètèng sarta pangêburing rêdi,
punapadene pangrakiting kadhaton, tuwin margi agêng têrusan lan margi
simpangan, dalasan tanêman rêrêngganing kadhaton miwah pêpêthetaning margi wau
ingkang amurih aub, kajêng kênari, cêmara tuwin asêm, wringinipun katanêm ing
prapatan, kagalih sarênga dadosipun, amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba:
dadosing nagari brêng kados nagari tiban, uparêngganing kadhaton sarwa kancana,
kori jêplakan ingkang manjing ing guwa dhasar: winadi, sumingit [sumingi...]
--- 84 ---
[...t] ing
lengkonganing paningrat panêpèn, tinatanan rêrêngganing pamujan asarwa kênaka,
bilih kabikak bolonganipun bundêr pindha pipaning margi angin, wontên
timbalanipun bêsatan tarikan sarta uluran kawat balêdhèg, sakêdhap sagêd dumugi
ing ngandhap, sakêdhap sampun wangsul dumugi ing nginggil, sanadyan tukangipun
ingkang sami nandangi botên sumêrêp kajêngipun, sarta botên sumêrêp dhasaring
guwa, wêdaling prabeya sadintên-dintên ambèr kados udaling umbul ing môngsa
rêndhêng, têtiyang alit ingkang sami nyambut damêl sadintên-dintên tanpa
wicalan, kathah ingkang lajêng sami anjrak tumut gêgriya ing padhukuhan
Sumbêrêja. Èrèng-èrènging rêdi sacêlaking margi agêng kasipat kadamêl
pakampungan, trêping griya atharik-tharik tiningalan anglam-lami.
Kacariyos Kyai Agêng
Wulusan tansah ngalêmbana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, botên nyana bilih
padhukuhan Sumbêrêja enggal dados nagari agêmah arja, mirah sandhang pangan,
para juragan sampun kathah ingkang sami dhatêng sarta adamêl pamondhokan agêng.
Ciptanipun kyai agêng: Radèn Udakawimba tumuntên badhe kapundhut [kapundhu...]
--- 85 ---
[...t] mantu, awit
Rara Sêndhang sampun nêdhêng birai.
Radèn Udakawimba
kondur dhatêng padhukuhan kangên badhe kêpanggih kalihan Kyai Agêng Wulusan,
wanci wimbaning sandyakala: anjujug ing panêpèn, kados sabên-sabênipun,
kaprêgok Rara Sêndhang mêntas angladosakên wedang jae dhatêng ingkang rama,
sang rara sampun nêdhêng birai sarta sampun wiwit jajal-jajal ngagêm kasêmêkan,
awit bilih dipun mêkaki sampun ambaludag, ananging taksih sabukwala, amargi
taksih kidhung pangagêming kasêmakan, dados tansah marucut, dilalah kapêthuk
radèn bagus, sang rara gugup ambênakakên kasêmêkanipun, nanging pucuking
kasêmêkan kêsupèn taksih dipun cêpêngi ing asta kiwa kemawon, pun jajal-jajal
adamêl bilai anjalari baludhaging toya bênawi botên kêpambêng ing setubanda,
nampyuk galihipun sang pangeran, kêlêm kabalabak dening karoban ing mêmanis,
sang juwita enggal oncat malêbêt ing dalêm, sang pangeran kantun anggana
sumingêb kados kasabêt ing poncot kasêmêkan ingkang mawa wisa mandi, tujunipun
kêngengehan sagêd ningali kicating pada jumangkah katingal gumêbyar dening
kawingkising sumilakipun [sumilaki...]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar