SERAT CIPTA WASKITHA
Kapethik saking Serat Cipta
Waskitha, Anggitanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV.
By Alang Alang Kumitir
By Alang Alang Kumitir
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
– 01 –
Sakamatyan
kuma bangkit-bangkit, lir sarkara warsitaning sastra, sasmiteng karaharjane,
mring sagung anak, putu, ingkang karsa angrancang kapti, Sira puruhitaa,
Saniskareng kawruh, mring jana kang wus nimpuna, ing surasa saraseng kamuksan
kaki, kanggo ing kene kana.
– 02 –
Lamun
sira puruhita kaki, den sumandha mamrih wahyeng gita, sadarganen turidane, ywa
kongsi keneng sirung, marang ingkang sigra guroni, mandar anoring raga, way
kongsi kalimput, sang gya suraseng kang nyata, dimen sira antuk wilasa kang
Sidhi, wasitaning Pandhita.
– 03 –
Dedalane
kawruh ana dhingin, patang prakara sira wiletna, away kasusu kalapne, gagasan
rasanipun, yen tumpangsuh asalah dalih, kalimput kaliru tampa, temah salah
surup, kang kaliru surupena, supayane wruh lunggyane ala becik, ywa kongsi
katlajukan.
– 04 –
Lan
dununge kang kawan prakawis, abang ireng kuning lawan pethak, pangwasane
dhewe-dhewe, kang telu murung laku, kang sawiji iku proyogi, yen telu
binuwanga, jagad yekti suwung, kang siji kalawan apa, jumenenge yen tan ana
kang ngrusuhi, marmane kawruhana.
– 05 –
Wong
neng donya kang lumrah tan mikir, Allah iku dedalaning mulya, lamun bener pangetrape,
bongsa triprakareku, gung aniksa marang sawiji, amuwus kinawruhan, anggepe
angratu, nanging kang durung nyurasa, ala iku liwat nora sudi, tuna ing
uripira.
– 06 –
Nanging
poma dipun awasi kaki, rehning mengko akeh wong kang bisa, babasan bebangun
bae, angungasake catur, tutur liyane nora pinikir, mung cature priyanggo,
lumaku rinungu, carita patang prakar, Edad Sipat Asma afngal lan mailh, bang,
ireng, kuning, pethak.
– 07 –
Lan
dununge kang sawiji-wiji, nora montro-montro yen genaha, gunem ngelmu ngalih
rame, balik rasaning ngelmu, nora kena sira kukuhi, endi ingkang andadr, iya
iku suwung, yen wong anom mengkonora, rebut unggul guneme angalah isin, ngukuhi
kawruhira.
– 08 –
Layak bae kang mangkana kaki, sabab gurune kaya mangkana,
wirang yen kalah ngelmune, pan gaibing Hyang Agung, ika nora nganggo pinikir,
mung ngelmu garejegan, sasad nglurug padu, iku kang padha ginulang, wetara ku
yen padha rerasan ngelmu, ing wekasan sulaya.
– 09 –
Salin guneme ngilmu wus lali, ngetokake wicaksananira,
anuruti kuwanene, anginger keris cancut, saliranya lir metu agni, bisa warna
sakawan, bungah yen ginungung, kadya Raden Jayajatra, yen ginunggung prapteng
pejah den andhemi, iku guru samangkya.
– 10 –
Lamun sira durung anglakoni, ing pratingkah kaya
mangkana, nanging sireku ywa kaget, gagasen rahsanipun, aja dumeh iku tan
becik, sayekti becik uga, yen sira wus surup, mangkas-mangkasipun sapa, lawan
sapa kang bisa amalih warni, nyatakna kang waspada.
– 11 –
Ingkang bisa bawana-bawani, owah gingsiring sariranira,
siya yen tan wruh iku, tunggal dhapur kang den kawruhi, kang bisa malih warna,
sayekti mung iku, aranana loro nyata, aranana sawiji temen sawiji, mung limput
linimputan.
– 12 –
Kang akarya iku kang nglimputi, enggonira aneng
kalimputan, sulap padhanging Srengenge, upamane sireku, anom sorotinon Hyang
Rawi, kang mangkana iku sulap, dadi lamuk-lamuk, mangkono upamanira, wong
nyurasa rerasan, kang den rasani, ingkang melu rerasa.
– 13 –
Pasabane sok anggung nasabi, Roh Ilapi kang wanuh wus
lawas, datan wruh lamun uripe, malah Ki Alip Tansur, yang lumaku anggung
anjawil, nanging datan uninga, yen iku Hyang Agung, marma padha binudiya, ing
wong urip aja katungkul sireki, wruha ing uripira.
– 14 –
Uripira sapa kang nguripi, lamun sira nora ngawruhana,
siya-siya ing uripe, sayektine Hyang Agung, nora pisah mring sarira tri, lumaku
lenggah nendra, tan benggang sarambut, aja maneh kaya sira, nadyan kutu-kutu
lan wong taga sami, rineksa Hyang Sumana.
– 15 –
Rehning ananira kang nganani, ananira saking nora nana,
nanging ana kahanane, anane tanpa wujud, wujudira ingkang mujudi, duk sira
durung ana, anane andhanu, yen sira ayun uninga, pasemone wujuding Hyang Maha
Suci, tingkahe wong sembahyang.
– 16 –
Utamane wong urip puniki, nglakonane srengat Nabi kita,
Salat Jakat wruh Islame, lan sarake Jeng Rasul, sira padha wajib nglakoni,
lamun tan ngawruhana, dadi nora manut, wirayate Sri Narendra, lawan sapa kang
arsa agawe napi, prayoga sembahyanga.
– 17 –
Kaping lima sadina sawengi, lan pantese sira ngilingana,
marang uripira dhewe, takbir miwah yen sujud, wruha ingkang sujudi, yen sira
wisuh toya, aja pijer wisuh, weruha kang jeneng toya, aja sira katungkul amuji
dhikir, puji katur mring sapa.
– 18 –
Lwan sira aja gawe napi, ing unining kitap rasakena, aja
pijer ngunekake, yen tan wruh rasanipun, tanpa gawe sira angaji, angur sira
macaa, prenesan wong ayu, balik sira maca kitab, becik bisa lapal makna
amuradi, kaping pat rasanira.
– 19 –
Nadyan lapalira sundul langit, yen tan bisa maknane
punika, sanadyan bisa maknane, kapriye muradipun, nadyan sira bisa muradi, yen
tan wruh rasanira, yekti nanjuk-nanjuk, lapal makna murad rasa, papat iku
kasebut ing dalem dalil, pantoge aneng rasa.
– 20 –
Rasa iku kang luhur pribadi, nanging aja katungkul mring
rasa, weruha kang ngrasakake, den bisa karya ukum, kukum iku kawan prakawis,
sapisan hukum wenang, pindo wajibiku, kaping telu kukum ngadat, kaping pate
kukum mokal iku kaki, tan kena piniliha.
– 21 –
Siya-siya lamun sira pilih, kukum papat pan wus darbekira,
sira tan wruh pangukume, mangkene liring kukum, hukum wenang punika kaki, hiy
Jeng Nabi kita, wakiling Hyang Agung, winenang ngaku Hyang Sukma, lan winenang
murba misesa sakalir, gemah rusaking badan.
– 22 –
Kaping pindho ingkang hukum wajib, Nabi kita wajib
ngawruhana, marang ingkang menangake, utawane aweruh, iya ingkang nebut Hyang
Widhi, dene kang hukum ngadad, punika liripun, Nabi kita ngawruhana, mring
adate Abubakar Ngumar Ngali, kapat Begendha Ngusman.
– 23 –
Iku lamun ora den kawruhi, sayektine ambubrah Sarengat,
yen wus kawruhan kabeh, ya iku kang sinebut, ing jenenge weruh Jeng Nabi, dene
kang hukum mokal, punika liripun, mokal telu yen owaha, upamane ilanga salah
sawiji, jumeneng lawan apa.
– 24 –
Mula ana martabat premati, telung prakara kehing
martabat, kukum telu kono nggone, hukum mokal puniku, mung kinarya mratandhani,
ptraping tri prakara, ywa kongsi kalimput, mangkono upamanira, nadyan silih
jumenenge Sri Bupatri, kukum patang prakara.
– 25 –
Dununging hukum kawan prakawis, nora metu kang patang
prakara, kukum kang wenang tablege, Ngalam Arwah puniku, wenang nganggo ala lan
becik, kukum wajibing Alam, ijesam dumunung, kuwajiban tur uninga, pan sabarang
Pangeran gone miyarsi, ing kono marganira.
– 26 –
Kukum ngadad ingkang andarbeni, mapan iya ana Ngalam
Misal, ameruhana adate, sabarang kang dinulu, warna rupa reh kang dumadi, lamun
ora weruha, tuna ing pandulu, kaping pate kukum mokal, dumununge aneng Ngalam
Insan Kamil, kamil cahyaning Sukma.
– 27 –
Lawan mokal lamun den uripi, lawan mokal yen tan
nguripana, mapanta ana tandhane, mungguh tininggaliku, badanira tan bisa mosik,
mokal yen nguripana, Kiyageng Liptamsur, nyatane ana kang karya, sayektine
Kamil iku akekasih, mokal yen sinetuwa.
.
– 28 –
Marang hukum sira aja pangling, sabab ana unine kang kitab,
patang prakara cacahe, batal karam puniku, ingkang aran najis lan suci, sukur
yen wus uninga, lamun durung weruh, takono para Ngulama, aja sira kalayu melu
ngarani, den gambuh kawruhira.
PUPUH
II
G A M B U H
G A M B U H
– 01 –
Tegese karam iku, dudu wong kang mangan Celeng Bulus,
nadyan Kurma Pitik Iwen Kebo Sapi, yen tansah pamanganipun, iku karam ingkang
mangnon.
– 02 –
tegese batal iku, dudu wong kang sembahyang kapentut,
Sembahyang yen durung wruh jroning batin, iku batal tegesipun, wis mupusa becik
turon.
– 03 –
Maknane najis iku, dudu wong kang kagepok ing asu, nadyan
sira kaki kawutahan warih, iku luwih najis agun, apa kang ginawe wisuh.
– 04 –
Iya wisuh banyu, aja banyu kang metu ing watu, nenuwuna
mring malekat Jabarail, iku sira nggowa wisuh, sampurnane teka kono.
– 05 –
Lamun sira panguh, lan Malekat Jabrail tumurun, saratana
busana kang sarwa langkung, patige toya lir ebun, iku banjur nggone wisuh.
– 06 –
Lamun sira wus wisuh, poma kang ngati-ati den emut, aja
nganti kapecak ing banyu malih, manawa sira kajegur, kali banjir pasthi layon.
– 07 –
Pitutur kang satuhu, poma sira aywana katungkul,
pakumpulan geguyon rahina wengi, jroning ngguyu dipun emut, den sukur marang
Hyang Manon.
– 08 –
Guyu kang tan tuwajuh, iku ngedohake marang wahyu, basa
wahyu nugraha kang Maha Suci, tumrap neng raga kang wujud, poma sira den
waspaos.
– 09 –
Wruha kang tunggal wujud, anedya awidagda ing kalbu, aja bungah
ginunggung marang sasami, wateke wong karem gunggung, maledhung saengga dheyot.
– 10 –
Apa lire maledhung, kayadene wong kang adol gendhung,
nedheng padha jagongan sami lalinggih, tan wigih wus ngrasa unggul, tan wruh
jugule angradon.
– 11 –
Dene kang padha gunggung, saking wegah mulat polahipun,
tanrinasa panggunggunge mawa wadi, wadine wong akeh lumuh, pangrasane iku
kawon.
– 12 –
Nuli agawe amuk, sila tumpang kandhane agupruk, tutur
nempil anggepe weruh pribadi, sakeh ngelmu-ngelmu dudu, kawruh dhewe salah
tonton.
– 13 –
Polahe nora patut, nusahake wong kang sandhing lungguh,
wong mangkono tan pantes dipun cedhaki, becik singkirana iku, jer maido mring
Hyang Manon.
– 14 –
Sandyan iku weruh, kena uga ingaranan durung, titikane
aneng solah muna muni, angakuwa bisa mabur, yektine neng ngisor palon.
– 15 –
Lelabuhan ingkang wus, kanggo ing jaman kuna rumuhun,
nora ana wong mangkana antuk Gaib, nanging ana pantesipun, wong mangkono jaga
obrol.
– 16 –
Marma wong ngurip iku, den padha wruh marang ing panuju,
ing tegese panuju kang wruh ing liring, yen tan enak rasanipun, ywa age-age
linakon.
– 17 –
Manawa keneng siku, marang pawong sanak liyanipun, luwih
abot tan nganggo sasami-sami, wong mangkono lamun lampus, pantes tinabela ing
ron.
– 18 –
Puniku nyatanipun, wong kang kena dukaning Hyang Agung,
cinemplungaken sajroning naraka agni, aja naraka ing besuk, iku naraka kang
katon.
– 19 –
Polah kang nora patut, nora pantes lamun sira turut, nora
wurung rusak awake pribadi, mulane wong urip iku, sabarang dipun was paos.
– 20 –
Polah kang nora jujur, iku wajib lamun sira singkur,
ungkurena aywa kongsi bisa kawijil, ujubena kang tuwajuh, kang wajib weruh Hyang
Manon.
– 21 –
Mula wong urip iku, den padha akarep marang ngelmu, ala
becik ngelmu iku den kawruhi, karana atunggal wujud, mung kacek emel lan batos.
– 22 –
Dene ingkang wus weruh, datan arsa panggawe kang luput,
sabab urip siji kanggo wong sabumi, tarlen andhap sarta luhur, kacek uga kang
wus weruh.
– 23 –
Maknane kang wis weruh, kang andulu liya kang dinulu,
upamane ron suruh amung sawiji, nadyan seje warnanipun, ginigit tunggal saraos.
– 24 –
Iku pralambangipun, kalamun sira arsa satuhu, tumameng
nganeng madyanireng jaladri, apa kang katon sireku, wawasan ingkang sayektos.
– 25 –
Yen sira dulu alun, dudu iku ingkang sira dulu, becik uga
ombaking ngalun pinikir, wong iku den kaya ngalun, gumulung tan pisah enggon.
– 26 –
Jembaring samodragung, tanpa tepi anglangut kadulu,
suprandene maksih gung manungsa iki, alas jurang kali gunung, neng raganira wus
katon.
– 27 –
Tana prabedanipun, jagad katon lan jagadireku, wus
tinimbang jagad gedhe jagad cilik, suprandene wong puniku, sok sesak sasamining
wong.
– 28 –
Apa margane iku, luwih abot tan bisa lumebu, sabab kebak
kabebeg kaleban agni, singa mara pan katunu, luwih nistha wong mangkono.
– 29 –
Yen sira durung surup, tegese jagad cilik lan agung,
jagad cilik jenenge manungsa iki, iya batinira iku, yen jagad gedhe Hyang
Manon.
– 30 –
Manungsa kang wus putus, jagad gedhe cilik kawengku,
njaba njero ngisor ndhuwur andarbeni, yen Maha Sih milaya iku, semang-semang
mring Hyang Manon.
– 31 –
Mangkana kang wus putus, patraping wong kang anggilut
mring ngelmu, iya patang prakara kang den rasani, winanuhken alanipun, kang
becik kininra awon.
– 32 –
Yen sira apanuju, padon lan wong mondrosudibyanung, lan
sang gyaning Ngatapa tuwin Maharsi, myang pawong sanak sadulur, kang kaprenah
tuwa anom.
– 33 –
Kang wuswaspadeng semu, pituture rum ris rinangu, lir
mangremih aruming rerasan ngelmi, pamipradonggo munyawus, kandhih dening
ngesnya kang wong.
– 34 –
Dene kang padha ngrungu, kang wus karem rosing siji iku,
kekes tyase rumasa luhira mijil, kemutan pratingkahipun, neng donya sok gawe
awon.
– 35 –
Panggawe ala iku. Donya kerat yen ngati kapatuh, tangeh
lamun nemuwa pitutur becik, mring Pengerane tan wanuh, tangeh weruha Hyang
Manon.
– 36 –
Lali yen tunggal dhapur, pan kalingan mring ki tukang
padu, pan katarik mring semang tukang manasi, rara melikan kang nuntun,
nuduhken sang gawe awon.
– 37 –
Jaman mangkana iku, uga padha karsaning Hyang Agung,
nanging dudu dedununge den lakoni, Hyang Sukma paring pituduh, nanging maksih
salah dunong.
– 38 –
Ana dumukanipun, donya kerat iki tegesipun, wewalesan bae
babo dipun eling, rehning wong ngurip puniku, tan wurung nemahi layon.
– 39 –
Ala becik puniku, apan iya metu sing sireki, anambaka
alaning liyan sireki, balik alane wong ngelmu, tan metu saka ing kono.
– 40 –
Kapriye pratingkahmu, yen sira tinggal lakuning ngelmu,
nora wurung kalurung gonira urip, sanadyan sira wus ngelmu, yen tan laku dadi
awon.
– 41 –
Basa kang aran laku, dudu wong kang cegah mangan turu,
pan wong cegah turu wateke yen lami, kancilen salin pandulu, tan wurung asalah
tonoton.
– 42 –
Kang cegah mangan iku, lin Pandhita dahar kayu gapuk, apa
sira milik dadi uler turi, suwargane dadi kupu, tan wurung binadhog bidho.
– 43 –
Dene kang cegah turu, dudu meleking netra satuhu, iya
netra kang aneng telenging batin, iku melek sajegipun, prapteng sujalma yen
layon.
– 44 –
Kang cegah dhahar iku, datan arsa panggawe kang rusuh,
bab kang patang prakara dipun nastiti, tutupana kang barukut, ywa nganti bisa
kawiyos.
PUPUH
III
M I J I L
M I J I L
– 01 –
Kawedhara iku bilaheni, memurung lelakon, angrerusak
sabarang panggawe, lir reksasa krura angajrihi, sabarang kaeksi, temah tan
rinengu.
– 02 –
Poma kekeren dipun aremit, dunungna kang manggon, ywa
sulaya priyen kawedhare, ujubena sariranireki, wayang aneng kelir, gyanira
lumaku.
.
– 03 –
Lamun ana asikireng galih, kaki den was paos, obah osik
ana kang agawe, iku sira ulatana kaki, dununge kang osik, dene bisa kapangguh.
– 04 –
Pralambange osikireng batin, yektine tanpa doh, lah badhenen
tetulisan kiye, ingkang aran sah iku kang endi, ingkang ireng mangsi, kertas
ingkang pingul.
– 05 –
Dene iya ingkang mengkoni, jro tulis kang katon, ulatana
sapucuking epen, kang durung wruh wruhana lamun mangsi, kang uningeng gaib,
gumawang andulu.
– 06 –
Nanging tanpa gatra tanpa warni, tan kenging ginepok,
mung satengu binubut gedhere, suprandene bisa angebaki, warata sabumi, iya tanpa
dunung.
– 07 –
Sayektine barang kang kaeksi, kono nggone manggon, ngalih
enggon tan ana enggone, sakedhepan ngalih ping sakethi, tegese mung siji, apan
iya iku.
– 08 –
Lan sing prapta kang siratingali, tan kakung tan wadon,
aranana wanita yektine, baya wanita endah ing warni, yen sira arani, lanang
yekti kakung.
– 09 –
Luwih guna lawan luwih sekti, kamantyan was paos,
samubarang terang paninggale, nora kena kumleset wus uning, nadyan jroning
batin, Hyang Sukma wus weruh.
– 10 –
Tanpa cidra dennya wruh ing batin, tan netya yen anon,
tanpa karmaning pamiyarsane, tanpa grana mambu ganda sidik, lawan bisa angling,
iya tanpa tutuk.
– 11 –
Kang den anggo wus aneng sireki, sira tan rumaos,
pangrasamu darbekira dhewe, nora weruh kang sira ulati, siyang lawan ratri,
jumeneng ngriku.
– 12 –
Yen tan lawan karsaning Hyang Widhi, obah osiking wong,
kaya priye nggone matrapake, yekti kaya reca neng Wadari, pralambanging urip.
Lir angganing prau.
– 13 –
Ingkang aneng tengahing jaladri, lalakone kono, prau iku
sapa nglakokake, yekti saking karsaning Hyang Widhi, nadyan sikemudhi, pan
manut ing banyu.
– 14 –
Pasthi kaya mangkono wong urip. Yen sira maido, nyatakena
iya prau kuwe, entasana saking jroning warih, yekti nora mosik, mung kari
nggalundhang.
– 15 –
Lamun sira anggeguru kaki, mawanga ponang wong, kang wus
ana sairib liribe, piwulange kang ngampat mring Gaib, solah muna-muni,
panengeran agung.
– 16 –
Mapan akeh ngelmune Hyang Widhi, tan kena den uwor,
warna-warna manungsa kawruhe, upamane Sang Nata tinangkil, duk prapta ing kori,
angungak andulu.
– 17 –
Mantri ingkang jaga aneng kori, tinarka Sang Katong,
ajrih mulat sanget sumungkeme, weneh ana mulat mring Bupati, tinarka Sang Aji,
sembahe sumrikut.
– 18 –
Wenenh ana mulat Ki Patih, ing ngayap ponang wong,
ginarebeg sagung punggawane, panyanane Sang Sri Narapati, kang mangkana kaki,
medem marang kawruh.
– 19 –
Kang ngulati marang Sri Bupati, wong jroning Kadhaton,
dadak metu ngulati Ratune, nora weruh yen Sri Narapati, tunggal jroning puri,
dheweke wus wanuh.
– 20 –
Pamangkana yen wong ngulah ngelmi, keh salah padudon,
dudu padon dadakan dinaleh, nora weruh kang sira ulati, siyang lawan ratri, wus
aneng sireku.
– 21 –
Satuhu kawruh kang sayekti, tan tinggal Hyang Manon,
datan ana tilase uwangi, anglimputi ing reh kang dumadi, tan kena pinilih, ika
iki iku.
– 22 –
Sabab lamun sira milih kaki, nora bisa dados, bali marang
asalira dhewe, tilitinen den bisa kapanggih, poma sira kaki, ywa mutung ing
kalbu.
– 23 –
Lan dununge kang kawan prakawis, takokna kang manggon,
aja kongsi kaliru surupe, keh arane kang kawan prakawis, karana yen sisip
pamurunging laku.
– 24 –
Ingkang abang upamane geni, murub angengobong, yen tan
bisa kaki panyirepe, jagad iki sayekti kabesmi, Malekat Ngijroil, nunggil
karsanipun.
– 25 –
Ingkang sidik iya aji kuning, kasengsem mring wadon,
mamilikan ing kana margane, ambebawur ing cipta kang becik, Malekat Mikail,
nunggil karsanipun.
– 26 –
Dene iya ati ingkang langking, santosa kinaot, mung
ngrerusak sabarang panggawe, datan arsa panggawe kang becik, Malekat Jabrail,
kang nunggal jumunung.
– 27 –
Dene iya ati ingkang putih, sayektine kinaot, ati jinem
terang saciptane, kalestaren panggawe kang becik, Malekat Isropil, kang nunggal
jumurung.
– 28 –-
Poma sagung anak putu mami, den samya rumaos, rubedeng
tyas kawruh ana kabeh, datan liyan mung catur prakawis, poma den nastiti, ywana
salah surup.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar