--- 6 ---
[...suki.]
Umbulmudal, Kawula
nuwun gusti, saking pangèstu paduka: basuki.
Sang pangeran, Paman
Umbul: pun Rara Wrêsti sampeyan dhawahi. marak ing ngarsanipun yayi prabu,
nunggila bibi wontên ing ngriku, ngarah punapa sadhèrèk piyambak, yayi prabu
dèrèng nate uninga dhatêng warnane yayi Wrêsti.
Ing pagêdhongan,
anggènipun pêpacangan sang pangeran kalihan Endhang Wrêsti sampun sangkaning
timur, dhasar sadhèrèk nak-sanak, mila sampun aprasêtyan yèn sang pangeran
badhe botên krama ing salami-laminipun bilih botên dhaup kalihan Endhang
Wrêsti, makatên ugi Endhang Wrêsti. Sang pangeran sabên wolung dintên sapisan
tindak ing Mudal, angendhang-endhangi pêpacanganipun, mila ing kalih-kalihipun
sampun saekapraya sami kasok sihipun, kalampahanipun namung kantun ngêntosi
diwasanipun Endhang Wrêsti kemawon, ing mangke badhe dhaup, dumugi ingkang
sampun dados pangajêng-ajêng ing salami-laminipun.
Nyai Umbul mundur
saking ngarsanipun sang prabu anjujug ing têpas wangi dununging
panyêngkêranipun ingkang putra, sang dèwi sawêg dipun [dipu...]
--- 7 ---
[...n] alub-alubi
kablonyo ing gônda wida jêbad kasturi, kalulur sariranipun, dhatêngipun Nyai
Umbul, sang rêtna mingsêr anggènipun lênggah. Nyai Umbul êntyarsaning galih
ningali sampurnaning citranipun ingkang putra: sarwi ngandika, dhenok, kowe
ditimbali marang wong atuwamu ingandikakake ngadhêp sang prabu, awit sang prabu
durung uninga marang kowe.
Sang ayu kagèt ing
galih midhangêt pangandikanipun ingkang ibu Nyai Umbul, sarwi matur: kakang mas
pangeran punapa sampun anglilani.
Nyai Umbul, sing
dhawuh akon seba ing sang prabu iku: iya kakangamu sang pangeran.
Sang rêtna ajrih
maoni karsanipun ingkang raka, nanging botên karsa ngadi busana, namung ngagêm
nyamping patêlêsan sêmbagi kuning wêdalan ing Kustasawit kalihan rasukanipun,
tinutup ing paniti botên katingal kasêmêkanipun, namung wêninging jôngga
kawuryan sumorot apindha thathit, prêmbayunipun katingal sawêg gumana saking
kapathêt ing rasukan, kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar
sêsinomipun barèh kados mêntas wungu saking sare, tindakipun mucang kanginan,
kicating pada gumêbyar pindha andaru lêlampah. Sang prabu aningali [a...]
--- 8 ---
[...ningali]
citranipun sang kadi ratih, tumratab ing galih riwe kumyus amarawayan, cêkak
ingkang uswasa sêrêt ingkang pangandika, brôngta kasabêt ing sambang putri
dadakan, sang rêtna lajêng marak ing ngarsanipun sang prabu wontên kiwanipun
ingkang ibu ragi kapering, têlênging tingal namung dhatêng ingkang raka sang
pangeran, dhasar sampun kulina akula-kuli sinêmbuh sadhèrèk piyambak, wah
sampun apêpacangan timur mila, botên pisan kabrèbèl dhatêng sang prabu. Sang
prabu sami sanalika asantun cipta gênging dhatêng ingkang raka, rumaos kasoran
kabagusanipun, dene sang putri botên pisan nimbangi pêthuking ciptanipun, malah
karsa tumingal kemawon, sang putri: botên.
Cinêkak sang prabu
sagêd angecani sarak galihipun ingkang raka: yèn lajêng badhe kondur tulak,
botên sagêd angêntosi badhe pikramènipun ingkang raka, amargi sariranipun
karaos wontên ingkang kirang sakeca, sang pangeran namung nyumanggakakên
sakarsa, nanging wontên ingkang kacathêt ing galih. Sang prabu lajêng adhêdhawah
kondur, wadyabala busêkan pating bilulung kathetheran, awit botên ngintên yèn
sang prabu tulak kondur, namung kyai patih bijaksana sumêrêp dhatêng wêwadining
karsanipun sang prabu ingkang botên lêrês, mila botên tumut tata-tata, [ta...]
--- 9 ---
[...ta-tata,] badhe
ngantun kemawon, botên dangu sang nata bidhal, kaatêrakên ingkang raka dumugi
ing kikising dhusun: lajêng wangsul, tindakipun sang prabu dumugi pôncaniti:
lajêng sinewaka, nimbali kyai patih: kaunjukakên taksih kantun ing margi, sang prabu
sangêt duka lajêng nimbali senapatining pêrang Ki Tumênggung Jalasêngara,
kadhawuhan wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, saha wadyabalakuswa, kinèn nyêpêng
Sang Pangeran Warihkusuma sarta Kyai Umbul sagotrahipun, griyanipun kadamêla
karang abang, amargi sang pangeran tinarka balela ing ratu, lajêng winêling
wêwadining karsanipun sang prabu.
Ki Tumênggung
Jalasêngara sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, sanadyan nyimpang
saking lêrês, ki tumênggung namung badhe angestokakên dhawuh, nêtêpi kasenapatènipun,
katêmpuhakên ing rêdi sela amêsthi botên mundur, mêngsah satru sêkti punika
ingkang tansah dipun cêcadhang. Ki Tumênggung Jalasêngara sawadyabala kuswa
kêbut nulak bidhal wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, samargi-margi galak kados
danawa môngsa daging, namung apunagi pêjah ing rana, anêtêpi trahing wirotama,
amargi ing batos ki tumênggung rumaos awrat anglampahi dhawuhipun sang prabu
wau, kajawi botên kolu mêngsah gustinipun piyambak,
--- 10 ---
pancèn rumaos botên
kaconggah nyêmbadani sang pangeran, awit Sang Pangeran Warihkusuma sêkti
môndraguna, sagêd mancala putra mancala putri manjing ajur ajèr, lêmbat
kagunanipun pêrang, tangèh kasumêrêpan wêwadining pamasange gêlaripun ing yuda.
Awratipun kapiji ing ratu sarta sampun dados wajibing senapati, ki tumênggung
namung badhe soroh pati, lêpas lampahipun.
Gêntos kacariyos ing
padhukuhan Mudal, sapêngkêripun sang prabu: sang pangeran kirang sakeca ing
galih anggènipun sang prabu ningali dhatêng Dèwi Wrêsti kados mambêt manah. Ing
wanci sontên badhe dhauping pangantèn, usrêg swaraning têtiyang nyambut damêl,
têtingalan warni-warni, sêsuruhan ing wanci pukul tiga siyang sampun wiwit
dhatêng. Carabalèn sarta Kêbogiro umyang botên wontên kèndêlipun, sang pangeran
sampun wiwit dipun dandosi saagêm-agêmaning pangantèn, nanging salêbêting galih
tansah mangu-mangu kèngêtan ringasing pasuryanipun ingkang rayi sang prabu
nalika nulak kondur, bokmênawi anuwuhakên bêbêndu saking kacuwan karsa, dèrèng
dumugi panglocitaning panggalih kasaru gègèring jawi alok wontên mêngsah
dhatêng sarta sampun adamêl pêpati kathah, senapatining pêrang Ki Tumênggung
Jalasêngara. [Jala...]
--- 11 ---
[...sêngara.] Sang
Pangeran Warihkusuma botên karsa adamêl karisakaning ingkang para abdi mila
wani pêrang, kajawi karoban lawan, lingsêm mêmêngsahan kalihan ingkang rayi
piyambak arêbat rabi, mila lajêng nutut kemawon, pasrah dhatêng pêpêsthèning
sariranipun, dhatênging senapati dumrojog tanpa larapan, sang pangeran lajêng
kaawêran cindhe: tanpa suwala, sarta lajêng kadhèrèkakên kondur dhatêng nagari,
kalêbêtakên ing warangkan, Kyai Umbul sagotrahipun kaboyong kadalêmakên, namung
sang juwita ingkang lajêng kalêbêtakên ing kadhaton, punika ingkang dados
parênging karsanipun sang prabu, ananging taksih kandhêg rikuh ing galih bilih
ingkang raka dèrèng kasedanan, sumuking duka sangsaya sangêt, kyai patih
kadangu punapa sampun dhatêng panusule ing tindakipun, kaaturakên yèn kyai
patih botên nusul, malah lajêng mantuk kemawon, punika sangsaya amêwahi
dukanipun sang prabu, rumaos dipun waoni karsanipun dhatêng kyai patih,
kurmukusing netya andik pasuryanipun abrit ngatirah mawinga-winga wêngis kados
bêl mêdal dahana, sang prabu dhawuh kinèn nimbali kyai patih enggal-enggal,
sarênga salampahipun.
Kyai patih ingkang
bijaksana, saunduripun saking Mudal anguningani [a...]
--- 12 ---
[...nguningani]
tindakipun sang prabu amurang niti, gêla ing galih suwita ing ratu ambêk niaya
têgên anglampahi kanisthan, namung pados jalaran sagêda kèndêl pangastanipun
pusaraning praja, kasaru dhatêngipun utusan, kyai patih katimbalan
enggal-enggal. Kyai patih botên gita, lajêng sowan kèrid lampahipun utusan,
dumugining pasewakan sang prabu taksih lênggah lajêng ngandika: uwa patih, sira
lumakua dhewe marang warangkan, kakangmas Pangeran Warihkusuma: sedanana, awit
ingsun wis midhangêt têrang saha ature abdiningsun kêkasih yèn kakangmas cidra
ing jangji malik tingal sumêdya balela marang panjênênganingsun, lumakua saiki
dikêbat.
Kyai patih ewa ing
galih, anginggihi dhawuhipun sang prabu kalihan angangên-angên punapa ingkang
badhe linampahan, lajêng matur: gusti, kados prayogi raka paduka dipun sedani
wontên ing wana, supados botên kadêngangan ing para abdi kathah, ical suwuripun
wêntala paduka kolu nyedani sadhèrèk, kawula piyambak ingkang badhe anglampahi
dhawuh paduka wau.
Sang prabu lômba ing
galih kinintên yèn kyai patih badhe ngestokakên sadhawuh, amarêngakên
sapanuwunipun kyai patih. [pa...]
--- 13 ---
[...tih.] Dhawuhipun
sang prabu: iya uwa patih, kakangmas sedanana ana ing alas bae, sarta banjur
sarèkna ana ing kono pisan, awit trahing kusuma kang wus nêmu dosa ora kêna
têtunggalan lan para lêluhure kang minulya, yèn wis kalakon bae sira
anglapurna, sarta angkatira anggawaa prajurit sagêgamane kang saparo, minôngka
pakurmataning lakune kakang mas.
Aturipun kyai patih:
sandika, sarta lajêng bidhal anjujug ing pawarangkan, sang pangeran pinanggih
lênggah sidhakêp ingadhêp abdinipun kêkalih, namung angajêng-ajêng punapa
ingkang dados karsanipun ingkang rayi sang prabu. Kyai patih lajêng
andhawuhakên timbalanipun sang prabu yèn sang pangeran kapundhut pêjah
gêsangipun, badhe kasedanan wontên ing wana, awit dosa balela ing ratu saking
aturing têlikipun sang prabu. Sang pangeran anglês ing galih dene badhe
kasedanan, sarta dipun lokakkên dosa balela ing ratu, sêrêt pangandikanipun:
uwa, punapa sampun sampeyan manah têrang kalihan para nayakaning praja anggèn
kula tinarka balela ing ratu, sarta pinanggih ing pangrêmbag punapa kula
kalêrês kokum.
Kyai patih,
pangandikanipun sang pangeran punika nama amêrangi [amê...]
--- 14 ---
[...rangi] tatal,
samukawis ingkang sampun kula tindakakên, langkung malih ingkang kula lampahi
piyambak, punika sampun mêsthi mami[1] pikiran padhang, botên mutatuli, botên
awuran.
Sang pangeran, uwa,
punapa sampeyan kalintu tampi ing atur kula: mokal, kula punika botên pisan
maoni agêngipun mrêngkang saking wisesaning nagari ingkang katindakakên
dhumatêng uwa, namung kula nyuwun sumêrêp dununging kalêpatan kula sarta punapa
sampun lêrêsipun dhumawahing kukum pati.
Kyai patih, benjing
bilih sampun dumugi ing ênggèn pangisasan putra kula badhe sumêrêp kalêpatan
ingkang kapitakèkakên ing putra kula wau, sapunika dèrèng mangsanipun, sarta
putra kula badhe botên amastani lêpating panindak kula.
Kyai patih kanthi
nayakaning praja saha wadyabala andhèrèkakên ing tindakipun sang pangeran
kabêkta dhatêng ing wana nitih titihan taksih kaawêran cindhe, têka malah
amarasêmu kados pangantèn binayang karya, dados têtingalaning kathah, ingkang
sumêrêp prakawisipun sami kapiluh amarawayan wêlas ningali dhatêng sang
pangeran anggènipun badhe kasedanan tanpa
--- 15 ---
dosa. Galihipun sang
pangeran kados rinujit, botên ajrih bab ing sedanipun, namung kèngêtan dhatêng
ingkang rayi Dèwi Wrêsti, katon mêloking wadana kocaking netra èsmu balut, kala
kapisah dadakan, karuna samargi-margi, parêntuling luh kados intên rinonce,
tètèsipun tansah adamêl kêpyuring galihipun sang pangeran, ciptaning galih
dipun awratakên rudahing galihipun sang putri tinimbang kalihan pêcating
nyawanipun.
Cinêndhak lampahipun
kyai patih sampun dumugi têngahing wana, sang pangeran tumêdhak saking titihan,
lajêng dipun rangkul dhatêng kyai patih sarta tinangisan, sang pangeran botên
andungkap ingkang dados karsanipun kyai patih salêbêting galih, lajêng
ngandika: uwa, sampun kados wanodya kula mawi katangisan, mindhak anênangi
manah susah, kula sampun lilah ing pêjah kula, suwawi tumuntên sampeyan lampahi
dhawuhipun yayi prabu.
Kyai patih sêrêt
amangsuli: anggèr prakawis karsanipun ingkang rayi sang prabu ingkang botên
lêrês, punika sampun kula manah akalihan kônca kula nayaka wêwolu sarta sampun
pinanggih ing pambudi, kênthêling rêmbag, putra kula botên kasedanan, [kase...]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar