--- 56 ---
panjênêngan paduka
kula angkat dados susuhunanipun têtiyang ing nagari Tuban, lajêng paduka
tampèni sapunika kalayan panuwun agêng yèn karaton wau pêparingipun rama paduka
Sang Prabu Sindupati ingkang sampun suwarga, kula namung sadarmi ngampil
salêbêtipun nagari ara-uru, ing mangke paduka pulihakên risakipun, dene
putranipun rayi ijêngandika Sang Prabu Warsakusuma ing samangke taksih timur
sawêg kula prêtêk ing piwulang, sapunika têtêpa dados putra paduka pambajêng
sarta diwasanipun kula suwunakên kaangkata dados pangeran adipati, dados
panjênêngan paduka nama jumênêng anyêlani. Mênggah atur kula ingkang makatên
samantên wau sampun muphakat kalihan prikônca kula wadana jawi lêbêt, ingkang
punika punapa taksih wontên ingkang nalisir saking ing lêrês.
Sang pangeran botên
sagêd maoni karsanipun kyai patih dening sampun anglênggahi lêrês, ananging
salêbêting galih dhatêng ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba sangêt botên
sarju, awit punika tunggakaning kêmadhuh, ewadene sinamun ing netya botên
wontên antawising pinggêtipun ing galih, pangunandikanipun: gampang
--- 57 ---
masalahe besuk yèn
aku wis jumênêng ratu sarta patutan karo yayi dèwi, Si Udakawimba iku prakara
apa. Sang pangeran ngandika: uwa patih kula namung andhèrèk punapa sapangrèhing
patih wisesa ingkang sampun sabiyantu kalihan para nayakaning praja: kados
sariranipun uwa. Pun Udakawimba punapa ingkang wontên ngarsanipun uwa punika.
Inggih punika putra
paduka Radèn Udakawimba, nanging wiwit miyos kula wimbasara wontên ing
kapatihan, botên nate pêpanggihan kalihan ingkang ibu.
Prayoginipun ing
mangke kula pundhut wontên ing kadhaton.
Kula nyumanggakakên
sakarsa.
Sang pangeran lajêng
kondur angadhaton, kalihan ingkang rayi Dèwi Wrêsti saha ingkang putra Radèn
Udakawimba, wiwit punika kapanggihipun kalihan ingkang ibu andhèrèk wontên
salêbêting kadhaton.
Antawis wolung dintên
sang pangeran lajêng jumênêng nata saking pangangkatipun kyai patih sarta para
nayakaning praja, mawi sêsuruhan para ratu ingkang têpang watês kalihan
jajahanipun [jajahani...]
--- 58 ---
[...pun] nagari
Tuban, pakurmatanipun agêng, ajêjuluk Sang Prabu Warihkusuma, kajèn kèringan
dhatêng para ratu sanèsipun, awit saking misuwuring kawasisanipun kridhaning
pêrang, jumênêngipun Sang Prabu Warihkusuma lulus botên wontên sangsayanipun,
nanging kalihan ingkang rayi kêlajêng botên sagêd apêputra.
Kyai Patih Toyamarta
sangsaya sêpuh, sarta sampun botên kuwawi ngêmbat nagari, lajêng nyuwun kèndêl,
saha narimah namung dados tuwangga nama wiku wontên ing wukir, panuwunipun
kaparêng sarta kaparingan pêpancèn siti kathah minôngka dhaharipun, ingkang
kakarsakakên anggêntosi bupati tamping putranipun pambajêng kyai patih anama
Arya Toyatuli. Wondene putranipun kyai patih têtiga, ingkang anèm kêkalih sami
dados nayakaning praja sami limpad-limpad ing budi nanging botên kapilih,
ingkang sêpuh kirang mangrêtos inggih Arya Toyatuli wau, mila karsanipun
ingkang rama kyai patih: Arya Toyatuli namung kapacak dados bupati tamping
kemawon, mênggah karsanipun sang prabu anggènipun ngangkat Arya Toyatuli dados
patih supados botên badhe
--- 59 ---
maoni karsanipun sang
prabu, awit sang nata taksih simpên wêwados, sampun ngantos kajodheran
karsanipun dening pamambênging pêpatih, mila amilaur ngangkat bupati tamping,
aling-alingipun misudha dhatêng waris ingkang wajib. Inggih punika putraning
patih ingkang sêpuh piyambak, wondening karsanipun sang prabu ing dalêm batos,
Radèn Udakawimba badhe kasirnakakên.
Kacariyos Radèn
Udakawimba sampun yuswa 15 taun, diwasa kalawun-lawun tanpa pinardi dhatêng
ingkang rama sang prabu, sang bagus wiwit anggraita sêpên ing pangajêng-ajêng
yèn ta kaangkata pangeran adipati anom, awit sangêt dipun cêri-cêri dhatêng
ingkang rama sarta asring sinungan ujar ingkang angêrês-êrêsi turasing ratu
angkara, Radèn Udakawimba putêk ing galih, dhatêng ingkang ibu botên
sakangsalan, awit kirang kulinanipun, kalih dene malih ingkang ibu sangêt ajrih
dhatêng ingkang rama, osiking galih botên sande badhe sangsaya kadaud-daut
risaking sarira bilih ngantêpi pasuwitanipun dhatêng ingkang rama, prasasat
angêntosi timbuling watu itêm, Radèn Udakawimba ing wanci dalu anis saking
kadipatèn, tanpa
--- 60 ---
kanthi tindak nurut
lampahing toya bênawi lêpas lampahipun.
Enjing kauningan ing
sang prabu: lolosipun Radèn Udakawimba, sang nata apigugup sarta adhêdhawuh
kinèn ngupadosi, nanging bilih botên sagêd kapanggih kadhawuhan sami wangsul
kemawon. Ingkang ibu sang pramèswari muwun wontên ing kadhaton, lajêng angimur
dhatêng ingkang raka, sang prabu sagah amulari piyambak, botên ngantos lami
utusanipun sang nata sampun sami wangsul ngaturakên tiwasing lampah botên
wontên ingkang lêbda ing karya, ical larinipun, sang prabu botên gita malah
dhawuh ingandikakakên sami kèndêl kemawon, sampun ngantos wontên ingkang
rêraosan bab murcanipun rajaputra.
Gêntos kacariyos ing
padhukuhan Sumbêrêja: Kyai Agêng Wulusan, mêntas kadhatêngan sayid saking
Ngarab anama Sèh Jumadil Kubra bin Mukamad Daos, mêdharakên sakathahing ngèlmi
saraking rasul, Kyai Agêng Wulusan kalindhih kawruhipun lajêng anggêguru, malah
lajêng tinetesan ing ngèlmi kasampurnan, panunggaling kawula Gusti,
--- 61 ---
sumêrêp ing sangkan
paran, saking sêngsêmipun lajêng tilar agaminipun Buda dalah kadang warga sarta
rencangipun sadaya, sami manjing agami Islam, mungkul ibadahipun, ngadêgakên
barjumungah, adamêl masjid agêng, surambinipun panjang têpang kalihan griya
pawèstrèn kiwa têngêning masjid, kinubêngan toya balumbang, sirahing toya
saking lambunging ardi gumrojog anjog ing parang pêpongol, salaliman ingkang
ambandhing cêlak jurang sirung, lajêng tinambêng ing tambak sela tala lubèr
mili agêng ing lêlêngkèh èrèng-èrènging ardi, sinusuk kangge margining toya
ngalêmpak lajêng angoncori têtanêman ing asrama, wontên ingkang kasudhèt
malêbêt ing capuri masjid angjog ing balumbang, toyanipun mili akimplah-kimplah
adamêl sêngsêmipun para ingkang sami sêmbayang dhatêng masjid.
Kyai agêng adamêl
langgar wontên sakilèning pandhapa kêlêtan kêlir laleyaning capuri, rintên dalu
wontên ngriku têkabul ngèlmi, sinambi mêmulang para siswa ingkang kinasih, dene
pamulanganipun agêng wontên ing surambi, gurunipun kyai pangulu sarta para
katib, rintên dalu botên wontên kèndêlipun sami tilawat Kuran.
--- 62 ---
Gêntos kacariyos
lampahipun Radèn Udakawimba turut bênawi dumugi ing dhukuh Sumbêrêja, ngongkang
bênawi mêngkêrakên rêdi, kiwa têngênipun pasabinan êloh toya pating srèwèh,
Radèn Udakawimba lajêng malêbêt ing dhusun sumêrêp masjid agêng ing surambi
kathah lare sami ngaos, Radèn Udakawimba lajêng nunggil kalihan lare kathah,
kadêngangan dhatêng kyai pangulu: dipun pitakèni, thole kowe bocah saka ing
ngêndi aku nêmbe tumon, lan jênêngmu sapa. Radèn Udakawimba mangsuli, kula lare
saking nagari Tuban, nama kula pun Udakawimba, pisowan kula badhe andhèrèk
ngaos wontên ing ngriki, kyai pangulu rêsêp aningali dhatêng warninipun Radèn
Udakawimba bagus mêrak ati taksih lare, lajêng dipun parentahi: thole mêngko
bubar ngaji kowe milua aku bae, tak opèni ana ing omahku, nyambia angon kêbo,
pangonku kurang siji. Kacariyos Radèn Udakawimba kèndêl wotên ing griyanipun
kyai pangulu, sabên wanci lare ngucul tumut angèn maesa dipun sambi kalihan
damêl ringgit rumput dondoman, dangu-dangu lajêng damêl isthaning driya,
tumuntên damêl [da...]
--- 63 ---
[...mêl] kadhaton
mawi bètèng sarta jagan angèmpêr-èmpêr kadhatonipun ingkang rama, katingal
angrêmênakên, Radèn Udakawimba pancèn wasis dhatêng pakartining kriya,
salêbêting manah saupami wontêna bôndha baunipun kadugi adamêl biting santosa
ingkang angèl kabêdhah ing mêngsah, ing batos amaoni kadhatonipun ingkang rama,
dene katingal ringkih sarta tanpa wêwados, gampil kabêdhah ing mêngsah,
bobotipun Radèn Udakawimba taksih lare sampun gadhah gagasan samantên, saiba
diwasanipun kados botên kenging cinakrabawa ing sanès, èngêt-èngêt têdhaking
ratu prajurit dhasar wijiling amaratapa aluran saking kaki. Bilih sampun wanci
anggiring, Radèn Udakawimba dhatêng ing masjid sinau ngaos, enjing sontên
makatên lampahipun, botên ngantos lami sampun limpad angungkuli lare kathah, kauningan
dhatêng Kyai Agêng Wulusan, Radèn Udakawimba katimbalan dhatêng ing langgar
kilèn pandhapa, kèrid dening kyai pangulu, Radèn Udakawimba anoraga lênggah
makidhupuh, Kyai Agêng Wulusan pirêna ing galih aningali warninipun Radèn
Udakawimba, bagus mêrak ati pamulunipun [pamulu...]
--- 64 ---
[...nipun] manis,
dhasar trêpsila tajêm polatanipun.
Kyai Agêng Wulusan
ngandika dhatêng kyai pangulu. Pangulu si Udakawimba tak jaluk ngèdhêg ana ing
ngarêpanaku, karêbèn ngaji kitab, karo arêp tak wuruki pasèhing pangajine.
Kula sumôngga.
Radèn Udakawimba
rintên dalu wontên ngarsanipun Kyai Agêng Wulusan, winêlêg ing piwulang, sadaya
piwulang kacakup botên wontên ingkang kècèr, sangêt lêganing galihipun Kyai
Agêng Wulusan pikantuk murid landhêp manahipun, Radèn Udakawimba tumuntên badhe
katetesan ngèlmi sajati. Radèn Udakawimba botên mawi sêmang-sêmang andhèrèk
karsanipun Kyai Agêng Wulusan, anuju satunggiling dintên sampun bakda sêmbayang
ngisa Radèn Udakawimba katimbalan kadhawuhan malêbêt ing langgar, botên kêlilan
maos kitab, dipun pangandikani: jêbèng wis mangsane kowe nampani pitutur jati,
pêrlune ing têmbe bakal dak wêjangake ana môngsa loro, saiki sinaua sumurup
gêlaran wiriting Pangeran, wis ditêmbangake karo kang jalela, lah iki layange
wacanên tak rungokne.
--- 65 ---
Nuwun inggih sandika.
Pangkur
Pangkur wuryaning
gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / anèng ngêndi dunungipun / yêktine saking
ora / bapa biyung dadi lantaran tumuwuh / tan nêdya yoga mring sira / mung
nêkakkên ardèng budi //
tibaning kang rahsa
mulya / nèng manikêm urip lawan pribadi / bundêr samrica binubut / kumêdut
salaminya / sumrambahing angga bisa dadi wujud / bayi lair sing wêtêngan / dadi
manungsa sajati //
kadunungan pôncadriya
/ kapiyarsa panggèn dalan pangèksi / pangucap lawan ciptanung / nanging durung
têtela / awit durung kadunungan rasa tuhu / ri wusnyantuk rasa tama /
mundhak-mundhak sabên ari //
nganti praptaning
diwasa / pôncadriya jumênêng lawan titi / bisa angrungu angambu / wêruh lawan
angucap / tômpa saka isbatujait liripun / yèku warah saking liyan / mula
jimatun wus tampi //
aran têtêp tinêtêpan
/ luwih èlèk dayaning sanubari / beda-beda ciptanipun / kang aran Johar Ngaral
/ lamun sira nyipta barang kang durung wruh / Johar Parit lamun sira / nyipta
barang kang wus uning //
lawan datu maulana /
lamun sira nyipta angganta kaki / pinindha mlaku [mla...]
--- 66 ---
[...ku] lan lungguh /
anèng panggenan liyan / sakêclapan ing kene sayêkti suwung / katon ngalih anèng
kana / byaring tyas wus ngrasa bali //
pusaka pudya kidungan
/ pandhitadi aran rêsi artati / Artadaya kang jêjuluk / karya gita pralambang /
anênangi sanggyaning kang mudhapunggung / isine kang wuluh wongwang / suwung
obah kênèng angin //
tapake kontul
anglayang / manuk mibêr muluk ngungkuli langit / kalawan gigiring punglu / kuda
ngrab ing pandêngan / wêkasaning langit lan jaladri agung / tanggal pisan
kapurnaman / sêntèg pisan anigasi //
kabèh dayaning budaya
/ anganakkên cipta lan siring ati / pinindhana: watêsipun / lan ana tilasira /
apa dene kinira sapisan cundhuk / kalawan panjêring nala / rampunging babar
pisani //
pralambang bumi
pinêtak / duhkitèng tyas lumèngkèt tan ngêndhani / kanang pawana tiniyub / yèku
bantêring manah / ciptèng nala lumaku rosaning bayu / apèk gêni adêdamar / wong
ngangsu pikulan warih //
yèku pacanging
tyastama / gung ngupadi undhake kawruhnèki / tanapi kang banyu kinum / yèku
adhêming manah / angungkuli adhême kang tirta salju / dahana murub binakar /
yaiku panasing ati //
luwih
--- 67 ---
panasing dahana / lan
srêngenge pine padhanging ati / sumêblak nora kêbundung / dening ima manampak /
lawan malih pralambang galihing kangkung / iku hawa datan obah / ngêdhêm
sajroning ginaib //
susuh angin ngêndi
gonnya / upadinên ing dalil Kuran muni / waladahu wakaribun / minkibaril warita
/ Gusti Allah rêrakêtan dunungipun / lan rasa nikmat mupangat / anèng gon
ingkang winadi //
kusuma anjrahing
tawang / pindha kombang angajab tawèng sêpi / iku tirtaning kêmumuh / lamun
têdhuh kawuryan / lir angganing kapuk kataman ing banyu / mratani madyaning
jagad / iki pralambang artati //
lan manèh sambunging
tata / sinukarta rinambahakên malih / kodhok ngêmuli lèngipun / raga môngka
canthuka / anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun / karsane kang karya tita / raga
angêmuli urip //
kang rôngka manjing
curiga / munggèng jawi isbate ponang ragi / yèku anglungguhi suwung / môngka
lamun supêna / antuk jaman sayêktine nora mêtu / upama bisa umahya / murut
marang têpêtsuci //
randhu alas nut
sembukan / randhu alas isbate punang ragi / sembukan nyawa liripun / kalamun
raganira / pisah lawan jiwanta
--- 68 ---
sayêkti layu / bali
marang ananira / yèku sampurnaning pati //
ana manuk bango
buthak / lamun ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi / dene kalamun jinupu:k /
juga obah sadaya / kang kadyèku awang-awang uwung-uwung / kang dinumuk ora kêna
/ anèng jagad anglimputi //
suwunge amêngku ana /
kang winêngku udara lawan angin / udara nora lumaku / angin katon lumampah /
awit saka kasorotan sang hyang banu / bisa nangèkakên panas / udarobah dadya
angin //
cublak suwêng
suwêngira: / si gêlèntèr mambu kêtundhung mundhing / êmpak êmpong lira-liru /
iyèku swasananta / mlêbu mêtu ingaranan lira-liru / ing suwung kang mêngku ana
/ mungguh sajroning aurip //
cebol arsanggayuh
lintang / janma lumpuh bisa ngidêri bumi / angên-angên jatinipun / lan manèh
ingkang wisma / kang tan mambu gêgaman apa liripun / iyèku ciptaning manah /
nganakkên rupaning panti //
beda ingkang aran
wisma / dudu wisma yêktine suwungnèki / lawan malih sualipun / êndi guru
sanyata / tan yyan angên-angênira: wit amêngku / pangadilan amongraga / jaksa
patih pangulu ji //
lan manèh ki bale
atma /
--- 69 ---
êmoh lara kalawan
êmoh mati / môngka raga kang kêtêmpuh / kêna ing lara pêjah / marma kaki kang
awas tibaning sêmu / nanggulang karsèng murkèngrat / wit raganta kang nglakoni
//
anadene kang udara /
jagad gêdhe kalawan jagad cilik / yèkti tanna bedanipun / napas mêtu ing grana
/ nupus mêtu tutuk abab aranipun / tênapas mêtu ing karna / anpasing netra
umijil //
anpusakum mêtyèng
raga / rêngganganing kanang swanita mijil / wuta tuduh marga tuhu / angambu
antuk gônda / katampaning ati wêruh dunungipun / sinidikkên datan cidra / yêkti
gandaning mêmanis //
kang aran talining
gêsang / swasananta tan kandhêg rinawêngi / tanpa pakon lampahipun / iyèku aran
nyawa / balik sapa iya ingkang ngajak turu / lawan ingkang ngajak gêsang /
tunggale kang ngajak mati //
sapa kang karya
ambêkan / wit udara mênêng datan lumaris / obahe iku kêtundhung / dening maujud
liyan / iya iku tunggale kang ngajak lampus / ngêbut ênênging udara /
dadyambêkan manjing mijil //
lira-liru datan pêgat
/ U: umanjing Allah: wêdalirèki / salat daim aranipun / puji tan kênèng pêgat /
cêdhak lawan susuh
--- 70 ---
angin dunungipun /
yèku marga parapatan / kumpuling rahsa sakalir //
sanggyaning para
malekat / Jabarail Mingkail lan Ngisrapil / Ngijrail lan Ngijajilun / padha
amasang gêlar / angrêridhu gumiwanging tyas mrih dudu / marma kaki ywa pêpeka /
yèn luput ambilaèni //
sapa kang bisa
narbuka / wadiningrat: antuk rahmating Widhi / yèku tirta kamandhalu /
panglêburing cintaka / kaarsayan kamoitan wus kapungkur / mung nikmat lawan
mupangat / lir rasa jingga taruni //
Durma
al islamu: dabikul
nupusatina / min sèpi muklipatin / kang ingaran Islam / wong kang bisa amragat
/ ing nêpsunira pribadi / pamragatira / ing pêdhang nulayani //
antamutu kabêlalmutu
jarwanya / mati sajroning urip / ing ngêndi marganya / walahu karibuna / yèku
min kibaril warit / Allah rakêtan / ing unggyan kang winadi //
walaohu layukayapu
artinya / Allah iku tan kêni / yèn kinayangapa / miyarsa tanpa karna /
angandika tanpa lathi / lamun tumingal / tanpa netra udani //
kang ingaran nênggih
sipat kalih dasa / wujud ananing Widhi / kidam matismaya / bakal langgêng tan
owah / mokal lapah lil kawadis / bèdèng kaanan [kaana...]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar