BABAD CARIYOS LELAMPAHANIPUN R.Ng.
RANGGAWARSITA
Mendhet Postinganipun Mas Kumitir
Putra pujangga
nanging mboten mangertos ”alip bengkong”
R
Ng Ranggawarsita punika satunggaling pujangga ageng ing nagari Surakarta
Hadiningrat. Ing Babad Cariyos Lelampahanipun Suwargi R Ng Ranggawarsita,
ingkang kababar dening Komite Ranggawarsita Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan, kawedalaken dening Balai Pustaka, taun 1979, dipuncariyosaken
lelampahanipun sang pujangga tuwin cacariyosan bab kadibyan, kalangkungan sarta
kaelokanipun sawatawis.
Dene
pethikanipun serat-serat boten kalebet ing buku babad punika. Miterat andharan
ing pambukaning buku, pethikan serat mboten dipunlebetaken amargi saweg bab
lelampahanipun kemawon sampun kathah sanget. Isinipun babad punika bab
lelampahanipun R Ng Ranggawarsita nalika puruita ngaji dhumateng kitha
Ponorogo, saha dhumawahing kaelokan nalika anglampahi kungkum wonten ing lepen
Watu laminipun sekawandasa dalu. Kaelokan punika limrahipun dipunwastani
wahyuning kapujanggan. Lelampahan wau kacariyosaken wiwit saderengipun dhewasa
ngantos dumugi sedanipun sarta mawi dipun dekeki asalsilah sawatawis ingkang
nurunaken dhumateng R Ng Ranggawarsita. Nalika sugengipun, R Ng Ranggawarsita
dados abdi dalem Kaliwon Kadipaten Anom saka pujangga ageng ing nagari
Surakarta Hadiningrat. Nalika dereng dhewasa nama Bagus Burhan. Lairipun ing
dinten Senen Legi, tanggal kaping 10, wanci jam 12 siang, wulan Dulkangidah ing
taun Be, angka 1728, wuku Sungsang, dewa Sri, Wurukung Uwas, mangsa Jita, windu
Sangara. Panjenenganipun punika putra pambajeng M Ng Ranggawarsita, abdi dalem
Panewu Carik Kadipaten Anom.
Nalika
R Ng Ranggawarsita lair, M Ng Ranggawarsita taksih dados abdi dalem jajar Carik
Kadipaten Anom, nama Mas Pajangswara, kacariyos amargi saking saening
swaranipun, nanging lajeng katelah nama Mas Pajangsora, putranipun pambajeng RT
Sasatranagara, abdi dalem Bupati Kadipaten Anom saha abdi dalem Pujangga ing
nagari Surakarta Hadiningrat.
Nalika
lairipun Bagus Burhan, ingkang embah buyut Kyai Ngabei Yasadipura taksih
amenangi ngantos sawatawis taun laminipun. Sareng Kyai Ngabei Yasadipura
andungkap badhe seda, RT Sastranagara dipun paringi pangandikan bilih ingkang
wayah, Bagus Burhan, ing tembe badhe dados pujangga panutup ing nagara
Surakarta Hadiningrat. Dipunngendikakaken ugi bilih samangke misuwuring Bagus
Burhan nalika kapatedhan wahyu kapujanggan badhe langkung kaliyan ingkang embah-embahipun.
Sanajan ingkang putra sampun boten kekilapan bab punika, ewadene sinamun ing
samudana ngatingalaken karenaning panggalihipun. Sasampunipun Bagus Burhan
dipun pegeng lajeng kaparingaken dhateng Ki Tanujaya, abdi kinasihipun RT
Sastranagara. Ki Tanujaya sakalangkung tresnanipun dhateng Bagus Burhan,
makaten ugi Bagus Burhan, tresna sanget dhateng Ki Tanujaya. Rinten dalu sampun
boten saged pisah, ngantos kasupen dhateng ingkang rama tuwin ingkang embah.
Sareng Bagus Burhan andungkap yuswa 12 taun, keparengipun ingkang embah badhe
kapuruitakaken ngaji dhumateng Ponorogo, kapasrahaken dhateng Kangjeng Kyai
Imam Besari ing Gebangtinatar. Kyai Besari punika mantu Dalem Sampeyan Dalem
Ingkang Sinuhun Susuhunan Pakubuwana IV, saha sadherek tunggil puruitan kaliyan
RT Sastranagara. Ki Tanujaya kadhawuhan ngetutaken lestari dados pamongipun.
Dumugi
Panaraga R Ng Ranggawarsita lajeng sowan Kyai Besari, ngaturaken seratipun
ingkang rama RT Sastranagara. M Ng Ranggawarsita kaliyan ingkang rayi, wonten
ing Panaraga namung nyipeng kalih dalu, lajeng nyuwun wangsul dhateng nagari
Surakarta. Pangintenipun Kyai Besari, Bagus Burhan sampun saged maos Kur’an
saha kitab-kitab, dene punika wayah buyutipun pujangga ingkang sampun kasusra
asmanipun. Pranyata, Bagus Burhan dereng saget ngungelaken, malah ingkang nama
alip bengkong kemawon dereng mangertos babar pisan. Sareng Bagus Burhan
anggenipun wonten Panaraga sampun andungkap kalih wulan laminipun, kaliyan para
kancanipun sampun sami pundhuh sedaya, malah wonten ingkang supeket kados
sedherek tunggil yayah rena. Salebetipun sewulan dumugi kalih wulan wau saben
enjing sonten boten nate kendel anggenipun sinau, nanging sedaya ingkang sampun
dipun wulangaken boten wonten ingkang kacanthel sakedhik-kedhika, paribasan saben
ngadeg sampun kesupen, ngantos andadosaken kakening manahipun ingkang mulang.
Bagus Burhan
tansah nglirwakaken kuwajiban sinau
Bagus
Burhan remenipun ngejak kanca-kancanipun dhaten lepen angupados ulam. Menawi
sekinten kantun anggenipun ngaji, kancanipun dipun weling kapurih mamitaken
sengadi sakit badanipun.
Kiai
Besari yektosipun sampun wuninga bilih Bagus Burhan mboten majeng dhateng
ngaji. Ingkang dipun remeni namung kasenengan ingkang mawi waragad ambeborosi.
Sanesipun remen ngupadi ulam, Bagus Burhan ugi remen benthik, bengkat, tor
malah salajenipun remen gimer, keplek nganggur-ngangguripun ombak beji tuwin
lumah kurep. Sareng ndungkap setaun ing Panaraga, sangunipun Ki Tanujaya sampun
nipis. Kapalipun pisan sampun sami dipun sade kangge nguja kekajenganipun Bagus
Burhan wau. Bagus Burhan anggenipun sinau sampun langkung setaun. Limrahipun
lare ingkang sinau semanten laminipun sampuns aged maos Kitab Al Quran. Mangka,
manawi Bagus Burhan, sampun ingkang Quran, dhateng Turutan kemawon dereng
katam. Para guru lajeng caos pamrayog dhateng Kiai Besari muwih misahaken Bagus
Burhan saking Ki Tanujaya. Ananging Kiai Besari mboten mentala. Ki Tanujaya
piyambak rumaos sampun anetepi menapa piwelingipun ingkang embah ingkang
kadhawuhaken dhateng Ki Tanujaya piyambah. Dados kawontenanipun Bagus Burhan
pancen dede lepatipun Ki Tanujaya. Nguningani Bagus Burhan ingkang sansaya
dinten sansaya mbeler, Kiai Besari rumaos kewran panggalihipun. Dadakaning
panggalihipun lajeng andhawuhaken para siswanipun sedata supadis njothak
dhateng Bagus Burhan.
Saking
sedaya siswanipun Kiai Besari, namung putranipun Bupati Samarata piyambak
ingkang boten ngestokaken, taksih wanuh kaliyan Bagus Burhan. Saking mboten
wonten kanca ingkang saged dipun ajak dolanan kados sabenipun, wusananipun
Bagus Burhan lajeng mempen wonten ing pondhokan kemawon, malah lajeng
kamidilepen ajrih ngaji dhateng ngajengan. Ngungingani punika, Ki Tanujaya
tuwuh raos welas ing manahipun. Ki Tanujaya lajeng damel rekadaya kawelehipun
para lare ingkang sami njothak Bagus Burhan sageda sami ngajak wanuh piyambak,
mboten saking dhawuhipun Kangjeng Kiai. Gelaripun anaros dhateng putranipun
Ingkang Bupati Samarata, punapa sariranipun kepengin badhe sumerep dhateng
lelembut ing Panaraga. Menawi kepengin, Ki Tanujaya sagah badhe nyumerepaken,
nanging mawi kajanji sampun ngantos kawuningan Kangjeng Kiai. Wicantenipun Ki
Tanujaya dipun sengaja wonten ngajengipun para lare kathah, pamrihipun supados
sami kepengina. Ingkang putra Bupati Samarata sakalangkung bingahing manahipun,
lajeng daya-daya tumunten dipunsumerepaken. Sanalika ugi lajeng dipun
sumerepaken dening Ki Tanujaya. Kalangkunganipun Ki Tanujaya ingkang saged
nyumerepaken bangsaning lelembut punika dangu-dangu kamirengan Kangjeng Kiai.
Kiai Besari lajeng thukul dedukanipun dhateng Ki Tanujaya, kagalih ananem wiji
ngelmu sikir dhareng siswa-siswanipun tuwin dhateng tiyang sanesipun.
Wusananipun
Ki Tanujaya lajeng dipundhawuhi kesah saking Panaraga, dene Bagus Burhan
kadhawuhan nilar badhe boten kirang ingkang kadhawuhan angopeni. Ananging
amargi sakalangkung tresnanipun dhateng Bagus Burhan, ugi suwalikipun Bagus
Burhan sakalangkung tresna dhateng Ki Tanujaya, kekalihipun lajeng sesarengan
nilar Panaraga, tumuju dhateng Kedhiri. Kesahipun saking pesantrenipun Kiai Imam
Besari kanthi cara sesidheman. Mlampahipun ing wayah dalu. Wonten sambetipun.
Ing Madiun Bagus
Burhan pinanggih bakal sisihanipun
Lampahipun
Ki Tanujaya lan Bagus Burhan dumugi ing tlatah dhusun Mara, anjujug griyanipun
tiyang nama Kasan Ngali ingkang kaprenah sedherek misanipun Ki Tanujaya.
Ki
Tanujaya lan Bagus Burhan anggenipun kampir ing dhusun Mara sampun sewulan
laminipun. Sareng genep selapan dinten rerem ing dhusun Mara, Ki Tanujaya
kaliyan Bagus Burhan lajeng pamitan sedya andumugekaken lampah tumuju nagari
Kedhiri. Saking pamrayoginipun Kasan Ngali, Bagus Burhan lajeng badhe
katitipaken rumiyin wonten Madiun, ingkang katuju nama Manguncarita, sawijining
lurah peken ingkang keras manahipun, watekipun mboten kenging corok-cinorok,
dhateng kawanuhan boten angekul nanging boten maelu dhateng tiyang boten
gadhah. Namung wulangipun sae, saben tiyang dipunpurih nyambut damel, supados
angsal kauntungan ingkang saged langkung dipuntedha sadintenipun. Ki Tanujaya
lan Bagus Burhan dipunprayogakaken angentosi rawuhipun Kangjeng Pangeran
Adipati Cakradiningrat saking Kedhiri ingkang tansah mampir dhateng griyanipun
Ki Manguncarita.
Salajengipun
Ki Tanujaya lan Bagus Burhan tumut Ki Manguncarita dhateng peken. Ki Tanujaya
lan Bagus Burhan lajeng dados bakul kalithikan. Anuju sawijining dinten
Kangjeng Pangeran Adipati Cakradiningrat sedya marak sowan dhateng Surakarta.
Kados adat sabenipun, Kangjeng Adipati ingkang dipundherekaken garwa, putra lan
abdi sawetawis, rerem wonten ing griyanipun Manguncarita. Ing kalodhangan
punika, Ki Tanujaya saget kepanggih Kangjeng Adipati saha ngaturaken sedaya
lelampahanipun Bagus Burhan. Sasampunipun midhanget sedaya aturipun Ki
Tanujaya, Kangjeng Adipati ngendika samangke sakonduripun saking Surakarta,
Bagus Burhan badhe kabekta dhumateng Kedhiri. Ing kalodhangan rerem wonten
griyanipun Manguncarita, putra putrinipun Kangjeng Adipati, nama Raden Ajeng
Gombak, kadherekaken embanipun, Nyai Jayasetra, tindak dhateng pasar.
Wonten
ing pasar pinanggih Bagus Burhan ingkang nengga dagangan kalithikan. Raden
Ajeng Gombak tumbas supe seser emas. Pawadan punika, Kangjeng Adipati paring
paraban dhumateng putra putrinipun, Raden Ajeng Gombak, rare kalithikan lan
sinebut Raden Ajeng Kalithikan. Sareng sampun dewasa, Raden Ajeng Gombak punika
kadhaupaken kaliyan Bagus Burhan. Lajeng pikantuk nama Raden Ayu Pujangganom,
karan Pajang Anom. Dumugi ing Sastranagaran, Kangjeng Adipati ngaturaken
lelampahanipun Ki Tanujaya lan Bagus Burhan. Dipunaturaken ugi bilih sapunika
kekalihipun mondhok wonten ing Madiun lan sedya badhe kabekta dhateng Kedhiri.
RT Sastranagara ngaturaken panuwun dhumateng Kangjeng Adipati. Salajengipun, RT
Sastranagara ngejak dhumateng ingkang putra, M Ng Ranggawarsita, inggih
ramanipun Bagus Burhan, supados tumut mbangun tapa murih lelampahanipun Bagus
Burhan samangkenipun nuwuhaken kabecikan. Wiwit punika RT Sastranagara tansah
ngirang-ngirangi sare, cegah guling, makaten ugi M Ng Ranggawarsita.
Ewadene
Ki Tanujaya kaliyan Bagus Burhan ingkang ngantu-antu rawuhipun Kangjeng
Pangeran Adipati Cakradiningrat amanggih cuwa. Konduripun Kangjeng Adipati
saking Surakarta tumuju Kedhiri mboten rerem wonten ing griyanipun
Manguncarita. Ki Tanujaya sanget judhegipun. Wusananipun, Ki Tanujaya kaliyan
Bagus Burhan pamit dhateng Manguncarita, sedya andumugekaken lampah dhateng
Kedhiri. Lampahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burhan anggening sami badhe sowan
dhateng Kedhiri, sareng sampun angambah margi salebeting wana, kekalihipun
lajeng sami bingung, mboten sumerep eler kidul. Dangunipun ngantos tigang
dinten tigang dalu. Ing wekdal tigang dinten tigang dalu punika, Ki Tanujaya
kaliyan Bagus Burhan mboten nedha, mboten ngombe tuwin mboten tilem.
Bagus Burham
wangsul dhateng Ponorogo
Awit
saking sakalangkung sayahipun anggenipun lumampah wonten salebetipun wana,
wusana Bagus Burham (sanes Bagus Burham kados ingkang kaserat saderengipun)
dhawah breg, kesambet. Bagus Burham mboten kiyat nandhang sayah, padharanipun
luwe, maripatipun arip sanget, gulunipun salit, raosipun ngorong, badanipun gumeter,
kringetipun gumrobyos kados tiyang adus.
Ki
Tanujaya lajeng nyenyuwun dhateng Ingkang Adamel Gesang, angeningaken cipta.
Sanalika andhatengaken gara-gara angin ageng agegerotan. Sasirepipun angin
ageng lajeng katingal wonten teja anggameng wonten sanginggiling Bagus Burham.
Saicalipun teja, woten pitulunganing Pangeran. Ki Tanujaya dipunpanggihi tiyang
sepuh mangagem sarwi wulung, awewarah dhateng Ki Tanujaya, manawi ing wekdal
punika Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami dereng kala mangsanipun dhateng ing
Kitha Kedhiri. Kekalihipun kasuwun sami wangsul malih dhateng Ponorogo. Tiyang
mangagem wulung punika paring uninga dhateng Ki Tanujaya bilih samenika
dukanipun Kangjeng Kiai Imam Besari sampun lilih. Mila Ki Tanujaya tuwin Bagus
Burham kadhawuhan wangsul dhateng ing Kitha Madiun rumiyin. Pawadanipun,
utusanipun RT Sastranagara ingkang kadhawuhan madosi Bagus Burham, Ki Jasana,
sampun kapanggih kaliyan Kramaleya, utusanipun Kiai Imam Besari ingkang ugi
kadhawuhan madosi Bagus Burham. Kekalihipun samenika wonten ing Kitha Madiun.
Sasampunipun terang sedaya dhawuhipun, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham
kadhawuhan merem lan lajeng kadhawuhan angelekaken maripatipun. Sareng sampun
melek, tiyang kalih ngantos sami anjumbul, sarta sakalangkung pangungunipun manahipun,
dene Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, sampun ngadeg wonten palataranipun tiyang
gadhah damel, tuwin mawi dipun urmati ungeling gangsa gendhing Kebogiro
angangkang, sarta lajeng dipunpapagaken kaliyan ingkang gadhah damel.
Sasampunipun
Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami nedha pisegahan saking ingkang kagungan
damel, ingkang badhe kangge angsal-angsal kadamelaken piyambak. Sekul ulam
sakroso ageng, mawi ingkung wetah setunggal, pangananipun sakroso ageng. Sareng
sampun rampung perlunipun, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham lajeng sami pamitan
wangsul dhateng ingkang gadhah damel. Antawisipun jam tiga siyang utawi Asar
inggil, lampahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sampun dumugi salebeting
Kitha Madiun. Bagus Burham lajeng kepanggih Ji Jasana lan Kramaleya. Kaleresan
Bagus Burham boten pangling dhateng Kramaleya. Lajeng sami anyariyosaken
lelampahanipun piyambak-piyambak. Boten dipuncariyosaken wontenipun margi,
sareng wanci bakda Ngisa, tiyang sekawan sampun dumugi Kitha Ponorogo. Ki
Tanujaya, Bagus Burham tuwin Ki Jasana, lajeng sami anjujug ing pondhokan.
Namung Kramaleya ingkang anjujug ing griyanipun piyambak. Sareng sampun ngaso
lajeng lapur dhumateng Kangjeng Kiai Imam Besari, anggenipun mentas kautus.
Dhatengipun Bagus Burham sarowangipun, wekdal semanten ing pondhokan saweg
rame-ramenipun para murid sami anderes Kur’an. Sareng sumerep Bagus Burham saha
Ki Tanujaya dhateng, anggenipun ngaji lajeng kendel, sami amurugi dhateng
palinggihanipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham. Lajeng sami dipun ajak nedha
sesarengan.
Bagus Burham
remen dhateng pandamel maksiyat
Sawangsulipun
Bagus Burham dhareng pondhok ing Ponorogo ingkang kaesuh dening Kangjeng Kiai
Imam Besari, pangajinipun saya bibrah, mboten wonten ingkang kalebet ing manah
babar pisan.
Kadhangkala
Kangjeng Kiai nylenthik kupingipun Bagus Burham supados temen-temen anggenipun
ngaji. Ewadene Bagus Burham boten pisan-pisan anggatosaken dhateng pitutur
prayogi. Ingkang dipunremeni namung dhateng padamelan maksiyat. Saben dinten
boten gothang keplek yatra kaliyan kanca-kancanipun ingkang ugi sampun kelajeng
remen dhateng pandamel maksiyat. Boten ketang dhelik-dhelikan meksa dipun
temaha. Tunggil taun kaliyan mantukipun Bagus Burham saking Kitha Madiun, ing
Ponorogo kadhatengan paceklik. Sedaya sabin ingkang dipuntanemi sami kaambah
ing ama menthek saha lodhoh, sarta walang sangit sapanunggilipun. Warga sami
kekirangan pangan. Kangjeng Kiai Imam Besari lajeng parepatan kaliyan para
pinisepuh, sami kadhawuhan mbudidaya kados pundi sakecanipun ingkang dipun
lampahi. Aturipun para pinisepuh warni-warni. Wonten ingkang gadhah pamanggih
paring sumerep dhateng tiyang sepuhipun, wonten ingkang gadhah pamanggih nyuwun
biyantu pitulunganipun pamarentah, wonten ingkang gadhah pamanggih setiyar
piyambak. Kangjeng Kiai lajeng mutusaken kedah setiyar piyambak.
Para
murid kadhawuhan sami musapir dhateng para priyantun, dhateng para artawan,
sarta dhateng para sudagar, menapa dene dhateng sanes-sanesipun ingkang
sakinten angendahaken dhateng kabangsan, mawi dipun bektani cathetan kangge
tapak asmanipun ingkang sami amaringi. Bagus Burham ugi ndherek lampah musapir
punika. Nalika saweg kalih dinten dumugi sewulan, golonganipun Bagus Burham
ingkang kapatah musapir, angsal-angsalanipun sami racak-racak kaliyan
kancanipun. Ananging dangu-dangu namung angsal sakedhik piyambak. Malah lajeng
mboten angsal babar blas, andadosaken pamuring-muringing manahipun juru
anampeni. Mila ngantos dipun srengeni kathah-kathah. Bagus Burham sakancaipun
rare nenem, saben anglampahi tampi musapir lajeng nyaleweng dolan
sakajeng-kajengipun piyambak. Adhakanipun dolan wonten pinggir lepen, sami
memet ngupados ulam. Dangu-dangu patrapipun Bagus Burham sakancanipun dipun
mireng Kangjeng Kiai. Sanes dinten tampinipun musapir Bagus Burham sakancanipun
ingkang tigang golongan sami anglampahi tumemening manahipun. Pamrihipun sami
anyadhang angsala pangalembana dhumateng juru anampeni, utawi pangalembananipun
Kangjeng Kiai Imam Besari. Saya dangu, Bagus Burham saya boten manah babar
pisan dhateng pasinaonipun ngaji. Rinten dalu ingkang dipun agengaken namung
dhateng pandamel maksiyat.
Bagus Burham
pana kasusastran lan wegig ngaos
Ki
Tanujaya tuwin Kangjeng Kiai Imam Besari sakalangkung prihatos nguningani
kahananipun Bagus Burham ingkang saya dangu namung saya ngagengaken dhateng
pandamel maksiyat. Sareng Bagus Burham tetela boten kenging dipun ajar sae,
panggalihipun Kangjeng Kiai saya boten sekeca. Wasana Bagus Burham
dipuntimbali, lajeng dipundukani. Pandanguning deduka ririh, ananging adamel
tatuning manah.
Bagus
Burham wiwit dipun paringi enget dening Pangeran. Gadhah rumaos lingsem sanget
dipunparingi pangandika kados makaten wau. Tumunten Bagus Burham wicanten
dhateng Ki Tanujaya, bilih anggenipun sinau ngaji mboten tumunten saged, isin
mantuk dhateng nagari Surakarta. Midhanget wicantenipun Bagus Burham, manahipun
Ki Tanujaya kumepyur. Wekdal punika umuripun Bagus Burham saweg gangsal welas
taun. Salajengipun, saben dinten Bagus Burham nyuwun supados Ki Tanujaya
angeteraken dhateng Lepen Watu, badhe anglampahi kungkum sakuwawinipun, sarta
salebetipun anglampahi, sampun ngantos dipun cawisi barang-barang. Ingkang
katedha namung pisang kluthuk mentah, sedinten sedalu sauler. Kalampahan Bagus
Burham saben dalu kungkum dhateng Lepen Watu. Sadangunipun kungkum ingkang
kaesthi boten wonten malih kajawi nyuwun dhateng Ingkang Damel Gesang tumuntena
saged anggenipun sinau ngaji. Anggenipun nglampahi boten kengguh dhateng
wewernen ingkang amemengin manahipun, ngantos saged dumugi kawandasa dinten
laminipun. Sareng namung kantun sedalu, Bagus Burham dipuntari kaliyan Ki
Tanujaya, mangke dipun liwetaken menapa, nanging panedhanipun mangke samangsa
sampun mentas saking kungkum, dados jangkep angsal kawandasa dinten. Sareng
sampun lingsir dalu Bagus Burham saged tilem sakleran. Salebetipun Bagus Burham
tilem, supena dipun panggihi ingkang embah buyut, Kiai Ngabehi Yasadipura.
Wonten ing supenan, kadhawuhan mengleng badhe dipun paringi dhawuh. Sareng
sampun mengleng, Kiai Ngabehi Yasadipura lajeng lumebet dhateng talinganipun
Bagus Burham. Wusana Bagus Burham lajeng nglilir, sarta lajeng mentas amurugi
dhateng palinggihanipun Ki Tanujaya. Sasampunipun nedha secekapipun, watawis
jam tiga dalu lajeng sami gegancangan mantuk dhateng pondhokan, lajeng
andumugekaken tilemipun.
Satanginipun
tilem, tiyang kalih sami rumaos angsal kanugrahaning Pangeran. Bagus Burham
kaparingan ilham saged sumerep dhateng kasusastran kalayan boten sarana mawi
dipun ajar. Sastra Arab, Jawi, Walandi, satembungipun pisan, lajeng boten
rumaos angel maos Kitab Al Kuran dalah samaknanipun pisan. Ki Tanujaya angsal
kanugrahaning Pangeran mangertos wicantenipun kutu-kutu walang ataga. Sareng
sampun wancinipun dhateng mesjid, Bagus Burham sakancanipun lajeng sami
mangkat. Para kancanipun sami ambekta Al Kuran kangge ngaos mangke sabakdanipun
subuh. Bagus Burham mbekta Kitab kaliyan Kur’an. Mila sami dipun garapi
kancanipun. Sareng sampun dumugi ing mesjid, sadaya lajeng sami wiwit
sembahyang kados adat. Dereng sapintena dangunipun, lajeng katungka rawuhipun Kangjeng
Kiai. Ing kalodhangan punika, Kangjeng Kiai sanget pangunguning penggalihipun
dene ing therekaning lare-lare ingkang sami sembahyang wau wonten lare ingkang
sirahipun katingal sumorot kados mawa cahya, ananging Kangjeng Kiai dereng
saged nyatakaken sinten ingkang sirahipun mawa cahya wau. Sabakdanipun
sembahyang, Kangjeng Kiai lajeng lenggah ing surambi kados adat sabenipun,
amariksani para murid ingkang sami ngaji. Pangajinipun Bagus Burham manggen
wonten ing wingking piyambak. Ing kalodhangan punika Kangjeng Kiai mireng
sakenaning suwantenipun murid saha cethaning pakecapanipun ingkang adatipun
boten nate wonten kados ingkang nembe kamirengaken punika. Mila sedaya ingkang
ngaji lajeng dipun dhawuhi kendel. Ngajinipun para murid lajeng kadhawuhan gentos-gentos
satunggal-satunggal. Sareng urutipun ngaji dhawah Bagus Burham, sadaya
kancanipun cingak, amargi suwantenipun bantas kanthi cengkok Buminatan,
pakecapanipun aksara cetha boten anyampar, dhumawahing ayat wijang sumeleh.
Sedaya sami pathing plongo kados tiyang kamitenggengen.
Bagus Burham
wangsul dhateng Kitha Surakarta
Kangjeng
Kiai Imam Besari sakalangkung ngungunipun nguningani Bagus Burham ingkang
sakalangkung sae ngaosipun. Saking saening suwaranipun saha saening lagunipun,
ngantos kenging dipunparibasakaken suwaranipun ulem arum aririh, ananging
angumandhang turut usuk.
Sareng
anggenipun ngaji sampun kendel, Kangjeng Kiai lajeng andhawuhaken dhateng para
pinisepuh saha dhateng murid-murid sedaya, kaparengipun Kangjeng Kiai sapunika
Bagus Burham dipunparingi nama Mas Ilham, sarta dipun kersakaken dados
badalipun Kangjeng Kiai. Wasana Bagus Burham angsal pangaji-aji ingkang boten
beda kaliyan pangaji-ajinipun dhateng Kangjeng Kiai Imam Besari, menapa dene
solah bawanipun, lajeng santun salaga angetawisi bilih utusaning tiyang saged.
Kawontenan lan kaelokaipun Bagus Burham wau lajeng sumber salebeting kitha
Ponorogo. Para ngalim saha para mukmin, menapa dene para santri-santri sakiwa
tengenipun ing kitha Ponorogo sami dhateng angalap berkah dhumateng ingkang
nembe angsal kanugrahanipun Pangeran wau. Saben dinten boten wonten pedhotipun,
malah indhaking pawartos sudaning titipan, kala samanten Bagus Burham wau sami
dipun kabaraken panuksmanipun Seh Amongraga. Bagus Burham piyambak sasampunipun
anampeni kanugrahanipun Pangeran, remenipun dhateng pandamelan maksiyat lajeng
sirna kados dipun saponi. Nakaling manahipun lajeng dados tiyang sareh, alembah
manah. Rinten dalu namung tansah anderes Kuran. Saben sewulan ngantos saged
katam Kuran rambah kaping sekawan, mila Kangjeng Kiai lajeng ketingal asihipun
sayektos.
Bagus
Burham anggenipun wonten ing Ponorogo taksih andumugekaken sawatawis wulan
malih, badhe nelasaken piwulangipun Kangjeng Kiai ingkang murakabi dhateng
manahipun. Nalika anggenipun nyantrik wonten ing Ponorogo sampun ndungkap
sekawan taun, Bagus Burham lajeng nyuwun pamit wangsul dhateng ing negari
Surakarta. Kangjeng Kiai kagungan kersa badhe masrahaken Bagus Burham piyambak,
ngiras pantes badhe tuwi ingkang raka RT Sastranagara, supados andadosaken
leganing panggalihipun. Lampahipun Kangjeng Kiai Imam Besari tuwin Bagus Burham
saking Ponorogo dhateng kitha Surakarta kendel wonten ing Panambangan Bacem,
angasokaken sarira. Dene Ki Tanujaya ngrumiyini lampah dumugi dalem
Sastranagaran. Sareng mireng cariyosipun Ki Tanujaya bab lelampahanipun Bagus
Burham ingkang sapunika nembe lerem wonten ing Panambangan Bacem, RT
Sastranagara sakaliyan ingkang putra MNg Ranggawarsita sakalangkung bingahipun.
Ingkang
kapatah methuk Kangjeng Kiai Imam Besari tuwin Bagus Burham ing Panambangan
Bacem inggih punika MNg Awikrama. Sareng dumugi ing Panambangan Bacem, lajeng
angaturaken salam taklimipun ingkang raka, saha angaturaken kasugengan
rawuhipun Kangjeng Kiai, menapa dene amaringaken pangestu dhumateng ingkang
wayah Bagus Burham. Sasampunipun pepanggihan ing dalam Sastranagaran, RT
Sastranagara ngaturaken sakalangung panuwunipun anggenipun Kangjeng Kiai Imam
Besari sampun saged anyembadani ingkang dados pangajeng-ajeng panggalihipun.
Satelasing atur wangsulanipun RT Sastranagara wau, gangsa mungel Kalaganjur,
binarung ing surakipun para putra santana amawurahan. Sasuwuking Kalaganjur,
Kangjeng Kiai Imam Besari lajeng dipun acarani lenggah dhahar sakaliyan ingkang
raka RT Sastranagara. Sarehning sapunika pangajeng-ajeng manah sampun nama
kadumugen, Bagus Burham sampun mantuk sarta angsal kanugrahaning Pangeran, mila
sami badhe dipun tetepi angluwari punagi tayuban sakulawarga sadaya. Kala
samanten lajeng kadadosaken tayuban. Saking keparengipun MNg Ranggawarsita
ingkang kadhawuhan anjoged rumiyin Kramaleya, ingkang anglarihi Ki Tanujaya
tuwin Ki Jasana, gendhingipun Cangklek Ponorogo.
Sinuhun nyobi
kalangkunganipun Bagus Burham
Sawangsulipun
Bagus Burham saking Ponorogo, raosing panggalihipun RT Sastranagara kados
siniram tirta marta. Ananging labaning kagem bangsa luhur saha priyagung sepuh,
sakathahing kabingahan wau boten kawistara ing netra.
M
Ng Ranggawarsita tuwin Nyai Mas Ajeng Ranggawarsita, saking kasoking
kabingahan, ngantos kesupen boten angraosaken luwe, arip tuwin ngelak, dene
boten kanyanan bilih ingkang putra tumunten dhateng kalayan mbekta
angsal-angsal ingkang ageng sanget aosipun. Salajengipun Bagus Burham kapundhut
nunggil ingkang embah, RT Sastrangara. Rinten dalu prasasat boten nate pisah kaliyan
ingkang embah. Sanajan sampun gadhah dhedhasar kasagedan saha kalangkungan, ewa
dene meksa taksih dipun weleg ing kawruh warni-warni dening ingkang embah.
Paribasan, kasagedanipun ingkang embah sampun dipuntumplak dhateng Bagus Burham
sadaya. Sareng kasagedanipun ingkang wayah sampun kagalih cekap, kaparengipun
ingkang embah badhe dipuntetakaken. Tetakanipun kagelar ing dinten Rebo Pon
tanggal kaping 12 wulan Jumalakir ing taun Dal 1742. Sareng anggenipun tetak
sampun saras, Bagus Burham lajeng kacaosaken suwita dhumateng ing Buminatan.
Gusti Panembahan sakalangkung asih dhumateng Bagus Burham. Rinten dalu boten
kenging pisah ngadhep Gusti Panembahan. Sanajan taksih lare, ananging sampun
saged amrangkani penggalihipun Gusti Panembahan. Sareng pasuwitanipun angsal
setaun, lajeng dipunparingi pusaka aji jaya kawijayan. Saking pangandikanipun
Gusti Panembahan, pusaka punika wasiyat paring dalem Sampeyan Dalem Ingkang
Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana III. Kacariyos aji jaya kawijayan ingkang
dipunparingaken Bagus Burham wau sanes aji jaya kawijayan amangsulaken tapak
paluning pandhe sisaning gurendha, ananging aji jaya kawijayan amangsulaken
samukawis ingkang sedyanipun awon dhateng ingkang sampun gadhah aji jaya
kawijayan punika.
Sawetawis
wulan malih lajeng dipunparingi ngelmu kadigdayan, ngelmu kagunan tuwin
kanuragan. Bagus Burham wonten ing Buminatan saya kandel pasuwitanipun. Saking
asihipun Gusti Panembahan dhateng Bagus Burham, ngantos dipunpameraken raka
dalem Sampeyan Dalem, sarta lajeng kasuwunaken ngalap berkah dados siswa Dalem.
Sampeyan Dalem ingging sampun amarengaken. Sampeyan Dalem karsa anyobi rumiyin
sapinten kalangkunganipun Bagus Burham. Sapengkeripun Gusti Panembahan, Bagus
Burham kadhawuhan ngirid dhumateng ing Mantenan utawi Bantenan. Sasampunipun
dumugi ing Ngarsa Dalem, pandangu Dalem dhumateng Bagus Burham warni-warni.
Sareng pandangu Dalem sampun dumugi, Bagus Burham lajeng kadhawuhan majeng.
Sampeyan Dalem lajeng ngasta sangandhapipun kupingipun Bagus Burham. Boten
sepintena dangunipun, Bagus Burham sampun lajeng tilem kepati.
Dhawuh
Dalem, Bagus Burham lajeng dipunbuntel mori karangkep pitu, kados caranipun
mbuntel mayit. Sareng pambuntelipun sampun rampung, kadhawuhan nglebetaken
dhumateng ing bandhosa. Bandhosa lajeng kacemplungaken dhumateng ing bandengan.
Sampeyan Dalem lajeng jengkar. Sareng sampun pitung dinten pitung dalu, Bagus
Burham kadhawuhan ngentasaken, sarta kadhawuhan ngedalaken saking bandhosa.
Sareng bandhosa tuwin morinipun buntel dipun bikak, Bagus Burham ketingalipun
kados sampun tilar donya. Sampeyan Dalem kepareng ambisiki dhumateng Bagus
Burham. Boten dangu Bagus Burham lajeng nglilir, sarta lajeng saged ngadhep
wonten ing Ngarsa Dalem. Dhawuh timbalan Dalem, sapunika kadhawuhan ngaso
rumiyin. Sanes dinten badhe wonten dhawuh. Sareng wangsul dhateng Buminatan,
Gusti Panembahan sakalangkung ngunguning penggalih uninga warninipun Bagus
Burham, dene guwayanipun saya ketingal mindhak sae. Namung badanipun ketingal
kera sawatawis.
Wahyu
kapujanggan dhumawah dhateng Bagus Burham
Sanes
dinten Sampeyan Dalem nimbali Bagus Burham supados ngendikan ing ngarsanipun
Sampeyan Dalem. Ingkang kadhawuhan ngirid Gusti Panembahan kaliyan RT
Sastranagara. Sareng sampun wancinipun, RT Sastranagara methuk Gusti
Panembahan, lajeng sami sesarengan sowan malebet. Ingkang ndherekaken malebet
namung Bagus Burham piyambak. Sadaya lajeng sami njujug ing Mantenan.
Sareng
sampun wanci jam kalih welas dalu, Sampeyan Dalem lajeng tedhak dhumateng ing
bale kambang. Rayi Dalem Gusti Panembahan kaliyan RT Sastranagara tuwin Bagus
Burham sami kadhawuhan ndherek dhumateng ing bale kambang. Bagus Burham
kadhawuhan majeng dhumateng ngarsa Dalem. Sampeyan Dalem lajeng ndangu, nalika
anglampahi dhawuh Dalem kalebetaken ing bandhosa, salajengipun kacemplungaken
ing bandengan pitung dinten pitung dalu, punika raos pangraosipun kados pundi,
sarta anyumerepi menapa. Unjukipun Bagus Burham, sadaya raos ingkang sampun
dipunraosaken, saha sadaya kawontenanipun ingkang sampun dipunsumerepi, sampun
dipununjukaken boten wonten ingkang kalangkungan.
Satelasing
pangandikan, Sampeyan Dalem lajeng ndangu dhumateng Bagus Burham, kados pundi
wijang-wijangipun dhawuh Dalem ingkang sampun kadhawuhaken. Bagus Burham lajeng
angunjukaken uninga sadaya dhawuh Dalem ingkang sampun dipuntampeni. Sadaya
unjukipun sami cocog kaliyan panggalih Dalem. Bagus Burham lajeng kadhawuhan
angabekti ing Sampeyan Dalem. Gusti Panembahan tuwin RT Sastranagara inggih
lajeng sami angabekti. Sampeyan Dalem matedhani pangestu dhumateng Bagus
Burham, benjing sapengker Dalem, tuwin satilaripun RT Sastranaga, wahyuning
pujangga Dalem badhe dhumawah dhumateng Bagus Burham. Benjing samangsa sampun
dados pujangga Dalem, pangreksanipun dhumateng praja Surakarta ingkang tumemen,
tuwin ingkang ngatos-atos. Unjukipun Bagus Burham, nuwun sendika. Dhawuh
timbalan Dalem, RT Sastranagara tuwin Bagus Burham lajeng kalilan medal.
Saunduripun saking ngarsa Dalem, lajeng sami kendel wonten ing Pamantenan
malih, angentosi konduripun Gusti Panembahan. Sampeyan Dalem taksih
anglajengaken lelenggahan kaliyan rayi Dalem Gusti Panembahan. Sampeyan Dalem
angalembana dhumateng kalangkunganipun Bagus Burham. Sarawuhipun ing dalem,
Gusti Panembahan tansah nggagas dhawuhing pangandika Dalem, bilih ingkang putra
Raden Ajeng Gombak kadhawuhan anarimakaken dhumateng Bagus Burham.
Sanadyan
dhawuh Dalem wau nama nuju panggalihipun Gusti Panembahan, namung
pangudaraosing galih, sarehning wekdal punika Bagus Burham wau taksih anyemut
gatel, saupami lajeng dipundhaupaken, Gusti Panembahan taksih radi lingsem.
Dene kagungan putra mantu dereng dados abdi Dalem. Makaten malih sarehning
ingkang putra Raden Ajeng Gombak wau panguwasanipun taksih gumantung ingkang
rama piyambak, inggih punika Kangjeng Pangeran Adipati Cakraningrat ing Kedhiri.
Kaparengipun Gusti Panembahan, Bagus Burham saderengipun kaparingan tariman
ingkang putra badhe kasuwunaken kamirahan Dalem dados abdi Dalem rumiyin.
Ananging anggenipun nyuwunaken wau ngentosi sarengan bilih sampun wonten
kaparenging karsa Dalem amisudha para kawula Dalem pamagang. Bagus Burham badhe
dipunseselaken. Dados boten angatawisi bilih amenggalih sanget dhateng Bagus
Burham. Dereng ngantos kelampahan kasuwunaken dados abdi Dalem, Sampeyan Dalem
Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV surud. Mila Bagus Burham
lajeng kapeksa anyarehaken manahipun. Sajumeneng Dalem Sampeyan Dalem Ingkang
Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana V, ingkang ngasta paprentahan kadipaten,
kasampiraken dhumateng Gusti Panembahan Buninata. Sadangunipun Gusti Panembahan
kasampiran panguwasa ngasta paprentahan Kadipaten, Bagus Burham sampun
kasuwunaken ganjaran dados abdi Dalem rambah kaping kalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar