Tradhisi Grebeg
Gethuk ing Kutha Magelang
dening Trisna Dwi Setianingsih
Ing
kutha Magelang, ana sawijining tradhisi aran Grebeg Gethuk. Tradhisi iki
minangka sawijining tradhisi sing mesthi kaleksanan saben taun, yaiku saben
pengetan ambal warsane kutha Magelang. Tradhisi Grebeg Gethuk iki kabentuk saka
crita rakyat asal dumadine kutha Magelang. Kanggo nglestarikake cerita rakyat
iki, mula pemerintah ngupayakake warga Magelang supaya ora lali marang dumadine
kuthane dhewe. Penetapan Kutha Magelang iki kabukten saka Peraturan Daerah Kota
Magelang Nomor 6 Taun 1989, sing isine yaiku tanggal 11 April 907 Masehi
katetapake dadi pengetan Hari Jadi Kota Magelang.
A.
Cerita Rakyat Dumadine Kutha Magelang
Cerita
rakyat dumadine Kutha Magelang yaiku nalika iku ana Kerajaan Pajang sing
nduweni raja nama Sultan Hadiwijaya. Ing kana ana Kadipaten Jipang sing
dipimpin Arya Penangsang. Arya Penangsang iku senajan dheweke wong sing paling
ampuh sak kutha Magelang, ananging dheweke nduweni watak sombong. Wusanane ing
antarane rong dhaerah iku padha ora rukun, kabeh padha tantang-tantangan.
Sultan
Hadiwijaya banjur ngutus Sutawijaya dadi senopati perang lan diampingi Ki
Gedhe. Sakloron banjur mangkat perang kanthi nggawa senjata tombak Bambu
Runcing. Wusanane senopati bisa ngalahake Arya Penangsang.
Amarga
Sultan Hadiwijaya bungah amarga musuhe wis bisa dikalahake, banjur dheweke
paring lemah ing dhaerah Hutan Mentoak maring Sutawijaya lan Ki Gedhe supaya
kanggo mbukak kerajaan anyar. Wusana kerajaane bisa dadi gedhe lan di jenengi
kerajaan Mataram Hindu.
Senopati
Sutawijaya banjur kepengin ngambakake kerajaan. Wusanane senopati saruju yen
arep mbabar dhaerah Kedhu. Jaman biyen Dhaerah kedu iku isih awujud hutan,
durung ana bangunan babar pisan. Kahanan hutan iku isih sepi lan angker.
Kabar-kabare yen hutan iku ana jin penunggune aran Jin Sepanjang.
Rombongan
Senopati Sutawijaya banjur ngobrak-abrik hutan iku. Wusanane jin-jin sing ana
ing kana padha nesu amarga omahe diobrak-abrik. Amarga Sutawijaya iku wong sing
sekti, dheweke isa merangi jin-jin iku, banjur kabeh padha lunga saka hutan.
Dhaerah
Kedhu banjur bisa dikuasani Kerajaan Mataram Hindu. Ing kana digawe maneka
werna papan panggonan, pendhudhuk Mataram uga padha manggon kanthi damai,
pemandhangan ing kana digawe apik, dhesa ditata kanthi tumata, lan kahanan ing
kana tansah gemah ripah loh jinawi. Nganti jaman pemerintahan wis ganti,
kahanan ing dhesa iku tetep isih subur makmur kaya sadurunge.
Banjur
adhedhasar prasasti sing katemokake, kasebutake yen nalika jaman pemerintahane
Raja Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), kasebut Dhesa Mantyasih lan
Dhesa Glangglang. Ing prasasti iku menehi ngerti titimangsa 11 April 907 Masehi.
Dhaerah
sing disebut Dhesa Mantyasih, sabanjure dadi Kelurahan Meteseh. Dene dhaerah sing
dijenengi Dhesa Glangglang, sabanjure dadi Magelang. Titi mangsa 11 April 907 Masehi
iku ditetapake dadi Hari Jadi Kota Magelang.
B.
Bahan kanggo Grebeg Gethuk
Adicara
Grebeg Gethuk arupa kirab ngubengi alun-alun Kutha Magelang sing didherekake
dening Wali Kota lan jajarane. Sing dikirab yaiku Gunungan Gethuk lan Gunungan Palawija utawa Sayuran.
Gunungan
Gethuk sing dikirab iku ana loro, yaiku gunungan lanang lan gunungan wadon. Gunungan
gethuk lanang yaiku gunungan gethuk sing dibentuk lancip (kaya bentuk kerucut)
kanggo simbol jaler. Dene gunungan gethuk wadon dibentuk bunder (bentuk
setengah lingkaran) kanggo simbol estri. Gethuk sing digawe gunungan iku
dibunteli nganggo plastik putih dibentuk kothak-kothak. Gethuk sing digawe
gunungan yaiku gethuk asli Magelang. Ana telung jenis gethuk, yaiku Gethuk Eco,
Gethuk Marem, lan Gethuk Trio. Buntelan gethuk sing digawe gunungan iku cacahe
1104 bungkus. Digawe cacah 1104 amarga supaya padha karo tanggal lan wulan Hari
Jadi Kota Magelang, yaiku tanggal 11 sasi April utawa sasi kaping papat. Bahan
sing kanggo gunungan iku gethuk amarga gethuk iku panganan khas sing ana ing
kutha Magelang.
Gunungan
palawija lan sayuran digawe cacah 17. Digawe cacah 17 gunungan amarga ing Kutha
Magelang ana 17 kelurahan. Anggone nggawe gunungan iki miturut kreasi saben
kelurahan. Dene jenise palawija lan sayuran ora ditemtokake. Gunungan palawija
lan sayuran iki kanggo mratelakake yen kutha Magelang iku kahanane tansah gemah
ripah loh jinawi kawit mbiyen nganti sakiki.
C.
Paraga Kirab
Dene
paraga sing melu kirab iku nganggo rasukan adat lan rasukan prajurit, uga ana
sing nganggo rasukan tradhisional. Kanggo Wali Kota lan jajarane di khususake
nganggo rasukan adat. Dene kanggo paraga sing mikul gunungan gethuk, rasukane
nganggo rasukan prajurit. Kanggo paraga sing mikul gunungan sayuran lan
palawija, di khususake nganggo rasukan tradhisional. Ana sing nganggo rasukan
wong tani, ana sing nganggo klambi lurik, ana sing nganggo kebaya tradhisional.
Kirab
Grebeg Gethuk iki anggone mlaku ngubengi alun-alun ora angger tumata, ananging
uga ana barisan-barisane. Barisan ngarep dhewe kanggo Wali kota lan jajarane.
Barisan sabanjure yaiku barisan kanggo paraga sing minggul gunungan gethuk.
Barisan samburine kanggo paraga sing mikul gunungan sayuran lan palawija.
Banjur barisan samburine diiseni paraga liyane, kayata paraga kesenian lan paraga
saben-saben instansi sing ana ing kutha Magelang.
D.
Prosesi Adat Grebeg Gethuk
Prosesi
Grebeg Gethuk diwiwiti adicara kirab ngubengi alun-alun kaping pisan. Ing
adicara kirab iki, gunungan gethuk lanang wadon diarak kanthi didherekake dening
Wali Kota Magelang lan kabeh pejabat pemerintah Kutha Magelang. Ora namung
gunungan gethuk, nanging gunungan palawija lan sayuran uga di kirab. Wali Kota
lan jajaran kabeh sing melu kirab padha nganggo rasukan adat Jawa. Dene wong
sing mikul gunungan ngagem rasukan prajurit. Kirab iki diwiwiti mubeng saka
Mesjid Agung Magelang nganti tekan Klentheng Liong Hok Bio banjur dikirab mlebu
ing tengah alun-alun.
Sawise
mubengi alun-alun, gunungan gethuk, palawija, lan sayuran iku di jejerake ing
pinggir lapangan. Adicara sabanjure yaiku upacara adat. Upacara iki beda karo
upacara biasa. Bedane, yen upacara iki kabeh perintah utawa protokol kudu
nganggo basa Jawa krama.
Ing
sela-selaning upacara, uga ditampilake Sendratari Dyah Balitung, tarian asli
Magelang sing nyritakake dumadine Kutha Magelang. yaiku crita nalika Senopati
Sutawijaya lagi nglawan jin-jin ning hutan wilayah Kedhu.ing tarian iki,
Senopati Sutawijaya diibaratke pandhita. Dene jin-jin iku diibaratake buta-buta
sing jahat.Wusanane pandhita bisa ngalahake buta-buta sing jahat iku.
Sawise
adicara sendratari, upacara dipungkasi kanthi waosan donga. Banjur Wali Kota
Magelang nuthuk gong kanggo tandha menawa gunungan gethuk, palawija, lan
sayuran siap kanggo rayahan para masyarakat sing nonton. Masyarakat padha
percaya menawa gunungan iku bisa ndadekake berkah ing uripe. Saengga masyarakat
padha rebutan supaya oleh gethuk mau
Adicara
sabanjure yaiku tampilan tari-tari tradhisional utawa kesenian-kesenian
tradhisional sing ana ing Kutha Magelang. Ana Tari Jathilan, Tari Kubra, Topeng
Ireng, Dayakan, lan liya-liyane. Masakan kuliner asli Magelang utawa
jajanan-jajanan tradhisional uga akeh sing didol njlentrek ing pinggire
alun-alun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar