Petruk
Kiyat dening Sumping Purba Kayun
Trisna Dwi Setianingsih
Mega
peteng tansah nutupi cahyaning surya. Mrepet-mrepet gelut rebutan hawa. Swasana
Ngastina tansah abang mbranang kaya mawa. Kaya Duryudana sing kepengin numpas
tapis tanpa tilas para Pandhawa. Dheweke arep misuda Narapati Basukarna dadi
ratuning Ngamarta. Ora sudi yen sing bakalan dadi ratu bocah Pandhawa. Sengkuni
lan Bathari tansah melu nyegkuyung Duryudana. Apa maneh Durna. Dheweke gething
banget amarga saben-saben ana nugraha mesthi sing entuk para Pandhawa. Anake
dhewe, Dewi Srani, ora tau sing jenenge entuk kanugrahan. Patih Sengkuni banjur
nyiapake bala prajurit kanggo nantang lan nanting Pandhawa. Bocah-bocah
Pandhawa padha di plekotho dening Duryudana sabala.
Ing
Suralaya, Antareja, Antasena, Petruk, Gathotkaca, lan Arjuna uga padha rembugan
sapa kang pantes dadi wakling Prabu Puntadewa, ratu Ngamarta iku. Arjuna sing
bakalan dadi panitiane.
“Wis,
aku milih Siwa Anoman sing bakalan tak wisuda dadi ratune. Anoman iki jos
gandhos lho.” usule Arjuna.
Petruk
ora saruju amarga Anoman iku awujud kethek, ora pantes jarene. Banjur Arjuna
micara.
“Yawis
yen ngono, Gathotkaca wae piye?”
“Wah
aja, Gathotkaca iku senajan nduweni kasekten nanging ora nduwe kapinteran babar
pisan”,Antareja nyanggahi.
“Lha
yen Antareja apa Antasena kui wae kepriye?, padha saruju pora?” Arjuna usul
maneh.
“Wah
yen kuwi aku ora saruju, kuwi ki cah-cah ora genah, ora sampurna pokoke, wegah
milih aku, ora pantes dadi ratu”. Gathotkaca nyanggahi usulane Arjuna.
“Apa
kowe kuwi wae Petruk?, gelem pora, Truk dadi ratu?” Arjuna usul maneh.
Petruk
kaget, lha kok malah dheweke melu ditareni. “Lho kok malah aku, aku iki wong
asor, kawula rendahan. Ora pantes aku kok dadi ratu, aku iki wis matur nuwun
banget bisa dadi penasehat Pandawa. Ora gelem aku”.
Arjuna
mbales “ Kowe kuwi kok ya ngrendah wae ta, Truk. Aja alesan wae kowe kuwi.
Saiki banjur arep kepriye?”
“Ngene
wae, aji Sumping Purba Kayun kae enggonen. Rikala Babad Alas Wanamarta lak ya
ngono ta? Sapa-sapa sing kiyat bakalan
dadi wakiling Prabu Puntadewa” Petruk menehi solusi.
“Yawis
ayo mara nyang kedhaton, tak weruhi wujude pusaka pethingat Sumping Purba
Kayun.” Arjuna banjur nderekake menyang kedhaton.
Kethimik-kethimik para satriya mlaku
ngampiri Sumping Purba Kayun. Siji mbaka siji padha njajal nyedhaki Sumping
Purba Kayun. Giliran sepisanan yaiku Anoman. Anoman kendhel langsung maju
nantang puska pethingat iku. Ora ngira sawise iku dheweke thenger-thenger ora
kuwat. Banjur Gathotkaca maju, uga ora kuwat babar pisan. Antareja uga ora
kuwat ndeleng wujude Sumping Purba Kayun. Saiki ganti Antasena sing njajal.
“Wah
penak iki, penak, lha lha kok muter-muter iki, mabuk aku.” Antareja lap-lapan
sawise ndeleng Sumping iki. Banjur mundur, gantian jatahe Petruk. Petruk maju.
“Lha
nek iki seger tenan, ngelu-ngelu ilang, mumet bablas.” Wangsulae petruk sawise
ngadhep Sumping Purba Kayun.
Sumping
Purba Kayun nyatu ing awake Petruk. Dadine Petruk sing bakalan dadi ratu. Kabeh
padha bungah, padha saruju dening keputusan iki. Ning njero ati Petruk
ngrasakake bakalan ana akeh perkara kang kudu dilakoni. Dadi ratu kuwi mesthi
entuk coba wrna-werna, kudu nduweni watak jembar segara. Kudu nduweni lelakon
becik, alus, adil, jujur, ora milih-milih. Sawise entuk pusaka pethingat iku,
Petruk dadi sansaya merbawani, beda karo Petruk mbiyen. Sifat-sifat kang becik
iku wis campur ning raga. Petruk saiki wis pantes yen dadi wakiling Prabu
Puntadewa. Apamaneh sawise didandani nganggo rasukaning ratu, tambah ketok alus
budine.
Petruk
ngandhani marang para Pandhawa yen ora let suwe Pandhawa bakal dadi siji
nglawan Negara Ngastina, nglwan sedulure dhewe. Para Pandhawa padha kuwatir yen
omonge Petruk iku kedadeyan temenanan. Liya dina wis mulai ketok
tandha-tandhane. Kedadeyan iku tenan anane. Baladewa lan Duryudana mulai
ngetokake sifat gething marang Pandhawa. Ora let suwe padha nantang gelut karo
Pandhawa. Para Pandhawa ngrasa tumindak kang ala iki kudu disingkirke, aja
nganti tumindak salah kok dinengke wae.
Anoman
lan Pandhawa banjur siap-siap mangkat
perang. Petruk ngetutake saka mburi. Perang kang dirancang dening Duryudana
sabala iki tujuane namung arep nyingkirake Pandhawa. Dheweke bakalan bungah
banget yen bisa ngrusak Pandhawa. Baladewa nyengkuyung Duryudana melu merangi
Pandhawa. Petruk ngadhepi Baladewa, nanging ora merangi temenanan. Petruk
tansah umak-umik ing batin. Kok gelem-geleme Baladewa diapusi Duryudana.
Manikmaya uga entuk pengaruh saka Durga. Dina iki ora perang gedhe.
Liya
dina, Baladewa lan Kresna menyang Suralaya arep nyirnakake Petruk. Dheweke
entuk wadulan saka Durga yen Suralaya iku geger amarga ketamon petruk. Sawise
tekan, Petruk malah paweh kanugrahan. Satriya Ngamarta padha entuk wejangan.
Pandhawa, Baladewa, lan Kresna padha dikandhani marang Petruk. Baladewa lan
Kresna banjur njaluk ngapura marang para Pandhawa lan uga Petruk. Saiki kabeh
wis ngrti sapa sing bener sapa sing luput, sapa sing kudu dilawan. Kabeh padha
metu kanthi nggawa ati kang panas kaya entes diobong. Murup mbulat-mbulat ora
karuwan. Pandhawa kang diboncengi karo Baladewa lan Kresna marani Duryudana
sabalane. Kapethuk Kartamarma, utusane Duryudana. Langsung Kartamarma dipateni
dening Werkudara nganggo kuku pancanakane.
Tancep
Kayon
Tidak ada komentar:
Posting Komentar