Call Our Toll-Free Number: 123-444-5555
  • Jagad Pewayangan

    Tan samar pamoring Sukma, sinukmanya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusiping rasa jati..Ooo..
    Suluk.

    See All Features
  • Pitutur Jawa

    Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
    Sekar Macapat-Pupuh Gambuh-Serat Wulangreh.

    See All Features
Tampilkan postingan dengan label TRADISIONAL. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label TRADISIONAL. Tampilkan semua postingan

11 Jan 2015

DOLANAN DHAKON

Dhakon



Dhakon utawa congklak, kuwi dolanan sing nganggo piranti kayu, isa uga saka tèmbaga, plastik kang luwih sèdhèrhana digambar ing lemah. Ing kono isa dilègoki pitu, sanga, utawa séwèlas lègokan, lan digawé rong larik, tèrus ing pucuk kiwa tèngèn ana lègokan gèkdhé (lumbung) loro. Sak liyané kuwi, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahe 7, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, 9 legokan 9x9x2=162, yen 11 legokan 11x11x2=242.

Étimologi
Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku antuk panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni yèn barang kuwi duwéké dèkné. Dadi ing dolanan dhakon iku ancasé kanggo ngakoni yén barang iku duwèké dhéwé. Tumrap masyarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing tahun 1970-an, dhakon pancen wis ora asing. Dhakon kayu awujud ukiran akeh ditemokake ing kraton. Pancen, dolanan dakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mligine ing lingkungan kraton. Eman, dene bocah-bocah saiki wis akeh sing ora tepung lan kulina dolanan dakon.

Jeneng ing panggonan liya
Ing Malaysia dolanan iki luwih dikenal kanthi jeneng congkak lan istilah iki uga dikenal ing sawetara dhaérah ing Sumatra kanthi kabudayan Melayu. Saliyané iku ing Lampung dolanan iki luwih dikenal kanthi jenneng dentuman lamban déné ing Sulawesi luwih dikenal kanthi jeneng Mokaotan, Maggaleceng, Aggalacang dan Nogarata. Jeoning basa Inggris, dolanan iki disebut Mancala.

Tata Cara dolanan
  • Legokan cilik diisi kecik cacahé padha karo cacahé lègokan
  • Giliran sing mlaku dhisik diundhi nganggo pingsut
  • Carané mlaku, sing oléh giliran milih salah siji lègokan sisih ngarèpé, kècik sing ning kono dijupuk, tèrus ditibakké siji-siji ning lègokan wiwit sisih tèngèné. Satèrusé lègokan tèngèn diisi, ugo lumbung sisih tèngèn. Yén kèciké isih turah, ditèruské mutèr ning lègokan musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lumbung, giliran ditèruské musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lègokan sing kosong, giliran mandheg, ganti musuhe.
  • Yén kecik pungkasan tiba ing legokan sabrange ono isine, kabeh dipindhah ning lumbunge dhewe.
 http://jv.wikipedia.org/wiki/Dhakon

Cublak-cublak Suweng



Cublak-cublak Suweng

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Lirik :
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong

Dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.

Carané dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.

Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng

jawa

jawa

About

Menapa panjenengan remen kaliyan blog menika?

Contact Details