Rangsang Tuban
--- 0 ---
Sêrat Rangsang Tuban
Sêrat Rangsang Tuban,
nyariyosakên lêlampahanipun pangeran kêkalih ing nagari Tuban, ajêjuluk Sang
Pangeran Warihkusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom, Warsakusuma, ngantos
satamating cariyos. Pêthikan saking Sêrat, Wedhaparaya, anggitanipun Êmpu
Manêhguna ing nagari Lamongan
Kaanggit dening Ki
Padmasusastra
Tiyang mardika
ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta
Nalika taun 1900
Kaêcap wontên ing
pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta 1912.
--- 1 ---
Ing nagari Tuban,
wontên ingkang jumênêng nata binathara, ajêjuluk Prabu Sindupati, agêng
karatonipun, angrèhakên para ratu ing ngatas angin, ing bawah angin, sang prabu
tansah angêlar jajahan, misuwuring asmanipun angèbêki jagad, para ratu sami
suyud sumawita botên kalayan kagêbag ing pêrang, anggêpipun sami ambathara.
Sang prabu nêngênakên kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah
kasampurnaning kawruh pêrang, aji jaya-kawijayan, kadigdayan lan kanuragan,
sami têguh-timbul, botên wontên ingkang têdhas tapak paluning pandhe sisaning
gurinda, limpad ing wiweka sugih gêlar panangkêping satru sêkti botên kanyanan
ing mêngsah, sumêrêpipun sampun kasèp kalêbêt ing byuha kalawêrit, angèl
wênganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kawêgiganing pasang gêlar
wau: adamêl mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawêngku ing jajahanipun
nagari Tuban. Garwanipun sang prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun
namung kêkalih sami kakung, ingkang sêpuh mijil saking garwa pangrêmbe turasing
pandhita, kaparingan nama Radèn Warihkusuma, ingkang anèm miyos saking garwa
padmi putrining ratu, kaparingan nama Radèn Warsakusuma, punika ingkang
ginadhang anggêntosi karatonipun ingkang rama, radèn kêkalih [kêka...]
--- 2 ---
[...lih] rukun
anggènipun saduluran, radèn sêpuh sangêt momong dhatêng ingkang rayi, sarta
ajrih asih narimah ing pandum ingkang sampun dados lêrêsipun jumênêng pangeran
agêng dados wêwêngkuning praja. Radèn anèm sangêt trêsna saha rumêngkuh agêng
gunganipun dhatêng ingkang raka prasasat dhatêng ingkang rama, mila
jumênêngipun pangeran adipati botên adamêl kêmeronipun dhatêng ingkang raka,
saking ingkang rayi rumaos kawêngku dhatêng ingkang raka.
Sang prabu sangêt
pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra anggènipun saduluran,
acipta badhe botên wontên sambekala ingkang dhumawah dhatêng putra: bilih sang
prabu sampun murud dhatêng têpêtsuci.
Jumênêngipun sang
prabu antawis pikantuk 50 taun, dumugi yuswa 75 taun, nandhang gêrah sarira
sadaya, sang nata karaos badhe puput yuswanipun, ingkang putra sami ingandikan,
wontên ing dagan sami angujungi sampeyanipun ingkang rama sarta sami lara
karuna sumêrêp netyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa, ingkang rama
angandika lirih: Kulup sakarone gêrah ingsun kaya wus ora waluya dening usada, ingsun
bakal tumêka ing pati, sira sakarone dibêcik sapungkur ingsun, sang pangeran
tansah sami carocosan, sang prabu mapat lajêng [la...]
--- 3 ---
[...jêng] seda,
tangis gumuruh salêbêting pura, sang pramèswari sarta para garwa pangrêmbe sami
rêmpu ing galih koncatan sihing raka kados coploking sêsotya saking êmbanan.
Sang pangeran kêkalih
lajêng matah bab upakartining layon, botên dangu sampun samapta, sang prabu
lajêng kaangkatakên kalayan pakurmatan agêng, kasarèkakên ing astana nunggil
para lêluhuripun.
Tidhêming praja
antawis, 7 dintên, karsanipun Sang Pangeran Warihkusuma ingkang rayi Sang
Pangeran Adipati Warsakusuma kaangkat jumênêng ratu anggêntosi ingkang rama
suwargi, kalampahan mawi pakurmatan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu
ingkang nunggil jaman kalihan sang nata, misuwuring asmanipun sang prabu sairib
lan ingkang rama, pikêkahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sêkti
namung Sang Pangeran Warihkusuma.
Kacariyos Sang
Pangeran Warihkusuma dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur
kalêrês sadhèrèkipun nak-sanak piyambak saking bibi, kala samantên dèrèng
diwasa, sapunika sampun nêdhêng birai, karsanipun sang pangeran badhe nglamar
dhatêng ing rêdi, pamit dhatêng ingkang rayi sang prabu, nyariosakên karsanipun
wau punika, awit botên namung wajibipun ing agêsang [agê...]
--- 4 ---
[...sang] mawi krama,
ingkang langkung pêrlu angestokakên piwêlinging kaki sang pandhita ingkang
sampun murud dhatêng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare kalihan
Endhang Wrêsti sutaning Umbulmudal, patutan saking endhang sadhèrèking bibi.
Sang prabu sarêng midhangêt yèn ingkang raka badhe palakrama sakalangkung
pirêna ing panggalih, lajêng adhêdhawuh karsa ngaturakên piyambak ing
tindakipun ingkang raka sang pangeran, mêthuk Endhang Wrêsti dhatêng ing rêdi,
tiyang sapraja otêr sami tata-tata.
Tindakipun sang
pangeran kalihan ingkang rayi sang prabu dhatêng ing rêdi Mudal, adamêl orêging
têtiyang sapraja sami kapiluyu tumut andhèrèkakên dhatêng ing rêdi ngiras
ningali, sakathahing bala ambalabar ngantos angèbêki papan, sanadyan ing
jurang-jurang kêbak tiyang, ing Mudal awutahan tiyang sapraja kados nagari
dadakan, Kyai Umbul sampun nampèni dhawuh rumiyin ing tindakipun sang pangeran
sakalihan ingkang rayi sang prabu, sarta sampun nyuwêngakên griya manggèn ing
gandhok, lajêng tata-tata saha sampun mirantos, ing griya dipun pajang
linungsir ing gêgodhongan wanan, lunging pakis lan pradapaning angsoka winor
lan soglènganing sêkar pudhak, tuwin mayanging jambe kinarawistha kinubêngakên
minôngka têtawing utawi palisiring [palisir...]
--- 5 ---
[...ing]
pinarakanipun sang prabu lan sang pinangantèn, kongasing ambêtipun rêrêngganing
pinarakan kados wontên ing jaman limunan kadhatoning êjin pêri parayangan,
saka-saka sami kapasangan têtuwuhan, cêngkiripun gadhing tinulis ing kênaka
luru gambaripun Kumajaya lan Dewi Ratih, tarubipun sami kinayu apu ing
gêgodhongan sarta lunglungan tuwin sêsêkaran ingkang wangi-wangi.
Rawuhipun sang prabu
sarta sang pinangantèn katingal pirêna ing galih, Kyai Umbul gurawalan mêthuk
kalihan semahipun sami makidhupuh ngalosod ing siti, sang prabu marma ing galih
lajêng kinèn andhèrèk ing tindakipun. Rawuhing pêpajangan lênggah kalihan
ingkang raka sang pinangantèn, kaadhêp ing Kyai Patih Toyamarta, kiwanipun Kyai
Umbul, lajêng para nayaka ingkang sami andhèrèk, tarab wontên ngarsanipun sang
prabu. Kyai Umbulmudal matur, Gusti: Kawula rumaos bêgja karawuhan ratu
pituruning dewa badhe aparing nugraha dhumatêng kawula, kawula kamipurun
ngaturakên kasugêngan paduka, saha raka paduka sang pangeran, sêmbah kawula
konjuk ing pada paduka sang binathara.
Sang prabu, Paman:
bangêt tarimaningsun, sira apa padha basuki. [ba...]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar