Call Our Toll-Free Number: 123-444-5555

7 Jan 2015

Sêrat Rangsang Tuban (26---40)



--- 26 ---
lajêng badhe katêlasan wontên ing wana ngantos dumugi suwita ing sang prabu.
Sang nata midhangêt aturipun Sang Pangeran Warihkusuma kamiwêlasên barêbêl waspanipun, jog tumêdhak saking pinarakan angrangkul dhatêng sang pangeran, sarwi angandika: pangeran kang kaya sira patut olèh piwêlas saka ratu kang wicaksana, anulungi kasrakatira saka papêsthèning dewa kang wus sira sandhang. Sanadyan ingsun ora kalêbu ing wêwilanganing ratu utama, nanging wênang uga mitulungi marang sira mêntase saka ing kapapanira, saiki sira sinêbuta ing akèh aran pangeran manèh, kalawan kaurmatan pantêsing pangeran putraning ratu sarta kalawan wêwênang lan kamurahan ingsun.
Sang pangeran lajêng sujud ing sampeyan saha amêmuji kaluhuranipun sang prabu.
Jumênêngipun Pangeran Radèn Warihkusuma wontên ing nagari Banyubiru kabyawarakakên ing akathah sarta kapiji angasta paprentahan agêng sampun botên nguciwani pisan-pisan, awit sang pangeran sampun kulina ngasta paprentahan agêng ing nagari Tuban, kasoksihipun sang prabu dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.
--- 27 ---
Kacariyos Sang Prabu Hèrtambang, putranipun namung satunggal putri dinama-dama dados sêkaring pura, ajêjuluk Rêtna Wayi, pinrêtêk ing piwulang kawruh pangrèhing praja sarta anggêr-anggêring nagari punapa dene kagunaning pêrang, sampurna dhatêng pamasanging byuha kalawêrit, awit karsanipun sang prabu: sanadyan putri ginadhang aggêntosi kaprabon, kathah para ratu ingkang sami ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, nanging sami tinulak, awit kêkudanganipun sang prabu: ingkang putra kramaa satriya di ingkang wicaksana bèr budi bawa laksana, dadosa êmbananing karaton, sawontênipun Sang Pangeran Warihkusuma, sang prabu kagungan osik karsa mundhut mantu dhatêng sang pangeran, ing wanci sontên sang pangeran dipun timbali dhatêng ing panêpèn, sang pangeran gita anyana yèn wontên padamêlan pêrlu: lajêng sowan malêbêt, kaaturakên ing parêkan lajêng katimbalan, sang prabu pinarak ijèn wontên ing kamar panyêratan. Pangandikakanipun:[5] Pangeran, apa sira sumurup kang dadi karsaningsun: nimbali marang sira.
Kawula nuwun, Gusti, namung sang Hyang Wisesa ingkang nguningani karêntêging galih paduka.
Sira apa durung tau rabi.
--- 28 ---
Kawula nuwun, têka mawi andangu ingkang makatên, kawula sampun nate ngaturakên lêlampahan kawula miwiti malah amêkasi kala kawula kadangu wontên ing kadhaton, sanadyan ngantos ing dintên punika, misik wanodya kemawon: nuwun dèrèng.
Sabab apa, lan ingsun durung kalalèn aturira biyèn marang ingsun.
Sababipun botên wontên kajawi namung saking tani kawula, kalih dene malih raosing manah kawula dèrèng sagêd angipatakên katrêsnan kawula dhatêng pêpacangan ingkang sampun lèngkèt wontên ing jêjantung.
Apa ora bakal mêndha ing salawas-lawase.
Sagêd ugi bilih wontên pitulunging dewa ingkang abdi sagêd pikantuk jodho ingkang timbang kalihan kaluhuran kawula.
Saupama dudu dewa: ratu kang paring pitulung marang sira.
Saèstunipun pantês mawi têtêbusan pêcating nyawa sarta wutahing rah kawula.
Pangeran: kalawan dhanganing atinira sarta condhong: sira bakal ingsun pundhut mantu dhewe.
Sang pangeran kagèt ing galih lajêng nyungkêmi sampeyanipun [sampeyanipu...]
--- 29 ---
[...n] sang prabu sarwi matur: gusti, pêpundhèn kawula, ratu pituruning dewa, ingkang abdi botên nyana kadhawahan rêmbulaning praja Banyubiru.
Pangeran: payo milua tindak ingsun marang kadhaton, ingsun surupake marang nini putri, aja kuciwa ing sêmu.
Sang prabu tindak ing kadhaton anjujug ing dalêmipun ingkang rayi sang pramèswari: sêpên, tindak ing kradenayon ing dalêmipun ingkang putra sang putri, sang prabu lajêng ing tindakipun, sang pramèswari sarta ingkang putra sumêrêp gupuh mêthuk rawuhipun sang nata: lajêng satata lênggah.
Sang prabu, sira ingsun golèki wis kêtêmu ana ing kene: lagi apa.
Sang pramèswari, kula nuwun, nglurug cuki kalihan putra paduka.
Sang prabu, tutugêna ingsun milu nonton, anjagowi[6] (= anjagohi spr.) anakira.
Sang pramèswari, sumôngga.
Sang prabu, êlo aja kuwi: dhenok, sing kolakokake kuwe: lo.
Sang putri botên kangjêng rama, sampun lêrês, punika badhe
--- 30 ---
dipun caplok.
Sang prabu, o,o, iya bênêr sira.
Sang putri ngagêm nyamping padintênan sêratan angrèni (= anggrèni de Hollander) sampun masêm, kasêmêkanipun plangi wêdalan ing Indhu ngajêng tanpa rasukan, ngagêm rimong ngangrangan biru langit, sariranipun katingal pindha ulam kalêbêt ing jala, mênthar kados sêkar mlathi, baludaging prêmbayun kados anjêbolakên kasêmêkan ingkang minôngka setu bandalayu.
Sang pangeran tansah trataban ing galih sumêrêp warnanipun sang ayu, kathah iribipun lan ingkang rayi Dèwi Wrêsti, malah mênang sengoh sang putri andêmênakakên manah, rumaos marêm galihipun sang pangeran bilih saèstu kadhawahan rêmbulan ingkang sagêd cuki raosipun krapês-krapês kadon[7] kênthos, sang putri nolih mundhut gantèn pagut tingal lan sang pangeran sarêng kagètipun, (pancèn lairipun dèrèng dipun gêbyag) sang putri anglocita: baya kuwe wong kang dadi ojat gêdêring akèh: nyata bagus, emane mripate kaya kolik, nonton wong dupèh ora tuku bae, layak kangjêng rama asih, magang lagi sakênyèk bae banjur winisudha dadi pangeran, lah bok iya didadèkake tunggon ana ing kradenayon [kra...]
--- 31 ---
[...denayon] bae dhisik, cik bèn êntèk atine, tak garok tak lukokne ana ing pasêtrènku desa Tilamsari, supaya mari adol sêngung, wangune kumintêr ngêndêl-êndêlake baguse, aku gêthing têmên wong duwe pambêkan mêngkono kuwi, tur tak dadara kapintêrane: dadi awu pangalêmbana manèh olèha, sida lêstari dadi tunggon, dikira aku kiyi kaya dene putri lumrah kae, bisane mung wêdhak pupur, ora sumurup yèn aku lêbda marang ingêring jagad, baya dhèwèke ora kulak warta adol prungu yèn putrane sang prabu Hèrtambang ing Banyubiru ajêjuluk Dèwi Wayi, punjul ing apapak mrojol ing akêrêp, mancala putra mancala putri, bisa manjing ajur ajèr. Anua kae yèn nonton mêrak atine: iya kudu olèh pangapura sarta kudu olèh ganjaran gambarku kang cinawi ing kênaka luru, pirabara liniru kang ginambar, nanging aku gêmang.
Sang prabu sakêdhap nguningani paguting tingal ingkang putra sami kapadhanipun, sakalangkung pirêna ing galih, lajêng jêngkar saking kaputrèn kadhèrèkakên sang pangeran sarwi rêraosan samargi-margi ingkang rèmèh-rèmèh, sang pangeran lajêng kêlilan mundur.
Sang prabu saya kasok sihipun dhatêng sang pangeran amargi
--- 32 ---
tansah katitik kawicaksanan sarta kawasisanipun angrênbag[8] prakawising nagari, botên pae lan ingkang putra sang putri, pancèn sami pinrêtêg ing piwulang wiwit timur mila, panggalihipun sang prabu badhe lintu patra tôndha nama sumerening karaton botên dhatêng putra putri, sayogi dhatêng putra mantu bilih sampun kalampahan dhaup sarta sampun apêputra.
Awit saking punika lajêng kadhawuhakên waradin yèn sang pangeran kapacangakên ing sang putri sarta sang pangeran lajêng kaangkat dados pangeran adipati anom.
Cinêndhak botên antawis lami karsanipun sang prabu saèstu miwaha putra, mawi sêsuruhan para ratu ing amôncapraja, dumugining dintên pikramèn bawahanipun sakalangkung agêng, kyai patih sarta para niyakaning praja sami makajangan wontên ing alun-alun, laminipun kawandasa dintên, nutug sami suka parisuka, dhauping pangantèn sami kaèstrenan para ratu pinisêpuh, ing kadhaton kados jêbol-jêbola kêbak dening kathahing tiyang, wêwangi ing kadhaton kasabêt ing samirana sumilir wêdalipun angèbêki pasamuan, kados angin sugônda awor dhêdhaharan ingkang miraos kongas ambêtipun, adamêl rêsêping para tamu. Tumuntên sang prabu sarta sang pramèswari [pra...]
--- 33 ---
[...mèswari] punapa dene rara ratu sami kinabêktèn ing sang pinangantèn, sang prabu êntyarsa ing galih ningali ingkang putra sang pinangantèn kadugèn ing karsa rêmpu galihipun, putra namung satunggal putri dinama dama pikantuk kakung putraning ratu binathara, bagus tanpa cacad, dhasar wicaksana alus bêbudènipun, ing galih kados age-agea sèlèh kaprabon dhumatêng sang pangeran, sang prabu lajêng andumugèkakên kasukan kalihan ingkang para tamu.
Gêntos kacariyos ingkang wontên ing pêpajangan sang pangantèn kakung kados amanggih rêtna sawukir, dhasar ayu putrining nata ginadhang binadhe raja, sang pangeran sarèh ing galih, awit ingkang garwa mumpuni dhatêng kasusilan, sarta pinunjul ing guna kasantikan, botên kewran ing agal lêmbut dhasar lantip ing panggraita mêngku kasujanan, sang pangeran ngangkah-angkah angêmpakakên têmbung pamiluta manis amanohara. Dhuh gusti rêtnaning pura ingkang abdi kamipurun anuwila gônda, punapa kalilan awawan sabda, sanadyan gusti kula botên sotah ningali, sok ugi namung karsa angandika kemawon dadosa pamurunging brôngta angarang. Sampun pintên laminipun anggèn kula suwita wontên ing ngriki angêntosi rêntahing
--- 34 ---
kartika saking ing langit ingkang kados warna andika, ing dintên punika kartika wau rêntah wontên ing pangkon kula, punapa kula botên kalilan angêla-êla.
Pangeran, sampeyan sampun sangêt-sangêt anoraga dhumatêng kula, kula dede lare alit, sarèhning karsanipun kangjêng rama sarta ibu sori, kula kapatêdhakakên dhatêng ingkang sarira dados garwa, dados kula kêpêksa suwita dhatêng tiyang ingkang dèrèng nate kula wanuhi, sarta limrah ing laki pamisesanipun dhatêng ing rabi angungkuli pamisesaning bapa biyung dhatêng ing anak, sapintên awratipun manah kula pancèn amarentah dados kaparentah.
Dhuh gusti pêpujan kula, kula botên pisan-pisan nganggêp kados ingkang kapangandikakakên punika têbih pitung bêdahap mênawi kula anggadhahana cipta kumawawa misesa wasa-wasa dhatêng ing rabi, malah kula nyuwun titip jasad kula dhatêng sarira andika, kula namung têtêp dadosa pamongipun sang kadi Ratih.
Pangeran, pangandika sampeyan punika sayêktosipun namung lamis kemawon, kajawi nyulayani pranataning agama: botên wontên tiyang jalêr kawisesa ing èstri, dene ingkang kêdah sampeyan tampèni panuwun kula sarta kalayan upata
--- 35 ---
sampeyan, punika bilih dhangan, kula namung titip dhatêng kangjêng rama sarta ibu sori lumèbèripun dhatêng kula, sampun ngantos sampeyan gêrahakên galihipun, awit potangipun kangjêng rama sarta ibu sori dhatêng kula, kula dèrèng sagêd nyaur, môngka ing mangke kula prasasat dados tiyang tumbasan, sarta sampeyan ginadhang badhe jumênêng nata anggêntosi karatonipun kangjêng rama.
Sang pangeran kapranan ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi ambarêbêl mêdal luhipun sarwi ngandika aprasêtya yèn badhe botên adamêl saksêrik, malah adamêl sukapirênaning galih ing salami-laminipun, ingkang rayi lajêng sinambut.
Ing wanci enjing sang prabu sakalihan ingkang garwa sang pramèswari têdhak ing kamar pangantèn, ingkang putra pinanggih suwêng tindak dhatêng udyana: lajêng kasusul, pinanggih sang pangeran sawêg ngranggèhakên sêkar gadhung ingkang rumambat mulêt witing sêkar pacar katut sagodhongipun, lajêng dipun lungakên dhatêng ingkang rayi sarwi ngandika: yayi dialon iku ana rine yèn nocog tangan: lara, sêkar gadhung dipun tampèni ingkang rayi kinuswa lajêng kacangking ing asta kiwa. Kapêthuk ingkang rama sang prabu sakalihan ingkang [ing...]
--- 36 ---
[...kang] ibu sang pramèswari: lajêng sami andhodhok ngapurancang, ingkang rama sarta ingkang ibu sangêt êntyarsaning galih nguningani dhatêng ingkang putra sakalihan, sarwi ngandika: ingsun arani sira isih ana ing omah, jêbul wis mênyang patamanan golèk kêmbang apa.
Kawula nuwun, namung mlampah-mlampah kemawon, wontên ing tênggan kathah tiyang: yayi dèwi botên kuwawi sumukipun, mêdal pados isis.
Wong sing tunggu bêcik konên padha sumingkir, anaa ing jaba bae.
Kawula nuwun, inggih sandika.
Ayo padha mênyang kadhaton, ingsun lawas ora main catur karo sira.
Sang prabu kasukan catur kalihan pangeran, gêntos kasêsêr kemawon.
Sang pangeran matur, gusti putra dalêm yayi dèwi: sêmunipun kados sagêd catur.
O, kêpriye pangeran, yèn ingsun catur karo bojonira: ingsun wêdi, awit kalah pintêr, ingsun ora tau mênang.
--- 37 ---
Botên dhik kakangmas, kangjêng rama punika namung ngumpak kemawon.
Môngsa ingsun ngumpak, mara pangeran, saiki salin mungsuh bojonira dibut ro karo ingsun.
Sang putri kakarsakakên catur kalihan sang pangeran, sang prabu anjagowi (= anjagohi spr.).
Anggènipun anglampahakên catur sang pangeran kêrêp diyon kalihan ingkang rama. Sang putri tansah gumujêng kadhawahakên ing sanès, môngka anggènipun anglampahakên catur sang putri kados botên dipun galih rikat angeram-eramakên, ngantos tigang rambahan sang pangeran tansah kawon kemawon, ingkang sapisan balanipun taksih wêtah ratunipun kakunêng: pêjah botên sagêd tutup, ingkang kaping kalih balanipun dipun têlasakên ratunipun pêjah kalihan pidak wontên ing têngah. Ingkang kaping tiga namung dipun oyak ing kapal kêkalih, ratunipun kasêsêr oncat saking ênggèn pangrêksaning bala, kalêbêt ing gêlar lajêng kakuya-kuya pêjah wontên palaganing mêngsah, balanipun taksih wutuh ayam, botên wontên ingkang sagêd têtulung jalaran kaadhangan dening samêktaning byuha kalawêrit. Sang pangeran lêga ing galih anguningani kawêgiganing pamasangipun [pamasang...]
--- 38 ---
[...ipun] gêlar catur ingkang rayi, rumaos botên sagêd andungkap, bikakan pambêdhahing gêlar sap pitu sampun kasumêrêpan rumiyin, lajêng ngandika: yayi aku wis kalah têmênan wis ora wani mungmuhan[9] karo kowe manèh, kaluhuran dhawuhe kangjêng rama.
Tiyang sampeyan kawoni kemawon, upami sampeyan êpêng utawi sampun mêdal bêdhat sampeyan, kula amêsthi kawon.
Dikalahi kêpriye, wong kringête nganti gumrobyos mêngkene kiyi ngalahi.
Mênawi sumuk.
Sumuk ngisin-isin.
Botên.
Sang prabu sangêt pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra tansah arêruntungan kados mimi lan mintuna. Anggènipun palakrama sang pangeran antawis sataun, ingkang rayi sang putri angidham-idham kaworan, sarêng sampun katingal ngandhêg tigang wulan lajêng ngaturi uninga ingkang rama, sang prabu saya sangêt bingah ing galih sarta saya sangêt pangêla-êlanipun dhatêng ingkang putra sakalihan, prasasat botên wontên towongipun sang
--- 39 ---
nata adamêl bojana ngiras wilujêngan pamboboting putra. Sarêng sampun andungkap môngsa lair: sang putri anggêrahi, otêr tiyang sakadhaton, nanging anggènipun anggêrahi sang putri kasêngkala bayinipun nungsang mila dangu botên sagêd mêdal, anggènipun anggêrahi ngantos pitung dintên pitung dalu, netyanipun sampun asawang kunarpa, ingkang ibu tansah amuwuni wontên ing ngeringan, langkung malih sang pangeran, anggènipun nyundhang wontên ing ulon-ulon, adus luh anêlêsi kajang sirah ngantos kados turasan, botên dhahar botên sare, sang prabu botên tahan nênggani ngiwa wontên ing panêpèn, botên dhahar-dhahar.
Sarèhning sampun tita bayi botên sagêd lair, aturing dhukun sarta para tabib, bayi kêdah kawêdalakên sarana pirantos, lajêng angunjuki uninga ing sang prabu, sang nata saya putêk ing galih, kajawi marma sumêlang mênawi andadosakên jalaran sedaning putra, ananging botên sagêd mênggah aturing dhukun, ingkang murih arjaning putra. Dhawuhipun sang prabu: wis môngsa bodhoa sira, ingsun wis aja sira unjuki uninga manèh prakara iku, ingsun mung nguningani bêcike sarta slamête bae. Tumuntên para dhukun sarta tabib sami pirêmbagan sakecaning [sa...]
--- 40 ---
[...kecaning] panindak ingkang sayogi linampahan, ingkang sami nênggani wontên ing kamar sami kaaturan mêdal sadaya, dalah sang pramèswari ugi kaaturan sumingkir, namung sang pangeran piyambak ingkang taksih wontên ing kamar, anjagèni sariranipun sang dèwi. Sarêng pirantos dipun cakakên gampil wêdaling bayi kalayan wilujêng miyos putri, cêngèripun ing bayi tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah, bayi lajêng dipun upakara ing dhukun wontên ing jawi, namung sang juwita lêsuning sarira saya ngranuhi tansah lês-lêsan botên èngêt, dipun arasi dhatêng ingkang raka sarta dipun muwuni, sang rêtna sampun kasupèn, wusana puput yuswanipun seda konduran, sang pangeran anjrit muwun angrungkêbi ingkang garwa lajêng kantaka, sang pramèswari malêbêt ing kamar, ingkang putra sang rêtna sampun pinanggih seda anjrit sarosa anggêblag lajêng kantaka, otêr tiyang salêbêting kadhaton, gumêrah pindha swaraning jawah ingkang nrajang wana pajatèn, ingkang sami nênggani wontên ing kamar bibar pating bilulung gumêdêr angèbêki kadhaton, kêmirêng saking panêpèn pasingidanipun sang prabu, sang nata enggal têdhak ing kadhaton, botên ngantos dipun unjuki uninga ing abdi, angintên yèn ingkang putra dados lan sedanipun, rawuhipun ing kadhaton ingkang [ing...]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

jawa

jawa

About

Menapa panjenengan remen kaliyan blog menika?

Contact Details