--- 86 ---
[...pun] poncoting
tapih, kêlap-kêlap kados wêrdu gangga lumampah ing wanci dalu, nanging têka
dados usada: botên, malah dados wisuna agêng adamêl rontog sarta rujiting galihipun
sang pangeran. Lêbêtipun ing panêpèn Radèn Udakawimba sampun katingal anandhang
brôngta kenging sambanging putri lêlampah. Ingkang rama anggraita pêthuk
kalihan karsanipun, ing batos badhe panantunipun kados botên madal sumbi.
Ingkang rama gita anapa. Radèn, nganti lawas têmên ora ngendhang-endhangi
mulih.
Inggih rama, amargi
saking kathahipun padamêlan ingkang kula kajêngakên sarta kêdah kula lêrêsakên
piyambak, ing mangke saking pangèstu sampeyan, prasasat sampun rampung
aparipurna.
Sukur: ênggèr, nanging
pangrunguku gonmu yasa omah angimba-imba kadhaton, sarta bètèng samono ambane
iku apa ora nuwuhake dukane sang prabu ing Tuban, ginalih yèn kowe sumêdya
balela ing ratu.
Prakawis punika:
rama, mugi sampun kagalih, dhasar sampun kula niyatakên amêmêngsahan kalihan
ratu ing Tuban, awit punika satru kula.
--- 87 ---
Kapriye ênggèr, kang
kogawe milawan mungsuh ratu abôndha-bandhu misuwur kaprawirane.
Rama: punika sampun
kula kawekani sarta kula botên wangwang dhatêng kasêktènipun sang prabu,
angabên wulêding kulit, atosing balung tuwin pamasanging byuha panangkêping
satru kula badhe botên wingwrin utawi mundur sajangkah.
Ênggèr, aku ora liwat
mung andongakake katêkane apa sasêdyamu. Kajaba iku ênggèr, sarèhning kowe isih
lamban, sarta wis môngsa rabi, apa ora prayoga kowe nganggo garwa, miliha anake
para rôngga dêmang ngabèi, êndi kang kosênêngi, mêngko dakdhodhoge lawange,
takrewangi suku jaja atêkên janggut karo pamanamu si pangulu olèhku arêp
ngrabèkake marang kowe.
Sakalangkung panuwun
kula rama: sih mule sampeyan dhatêng kula. Ila-ila punapa ingkang kula panggih
mênawi kula botên matur satêmênipun, kula matur: ing ngajêng kula botên gadhah
cipta badhe rabi, têbih ningali dhatêng wanodya endah, nanging sarêng kula
sumêrêp dhatêng citranipun yayi Sêndhang manah kula kagiwang, mila parêng botên
parênga putra
--- 88 ---
sampeyan yayi
Sêndhang kula suwun piyambak dadosa jatukramakula, malah kula apratignya
salêbêting manah: kula badhe botên rabi ing salami-laminipun bilih botên angsal
yayi Sêndhang, pramila panyuwun kula dados botên katanggêlan anggèn kula ngakên
bapa dhumatêng panjênêngan sampeyan.
Kyai Agêng Wulusan
asrêp ing galih midhangêtakên aturipun ingkang putra Radèn Udakawimba,
walèhipun punika ingkang dipun upadosi. Radèn apa kang pinikir manèh yèn wis
dhasar dadi kêncênge karêpmu, aku wis anglilakake adhimu rara Sêndhang koêmong
dhewe, mung aku titip yèn ora ana kanggone bae aja kosiya-siya, ulihna marang
aku, awit bocah ugungan cilik mula ora mambu ajar.
Rêntah galihipun
Radèn Udakawimba midhangêtakên pangandikanipun ingkang rama. Rama kula botên
cipta krama, namung badhe ngêmong dhatêng yayi Sêndhang ing salami-laminipun.
Botên kacariyos
rêroncenipun, Radèn Udakawimba sampun kalampahan dhaup kalihan Rara Sêndhang
agêng [a...]
--- 89 ---
[...gêng]
bawahanipun, ngantos pintên-pintên dintên pasamuwaning pangantèn, nêlasakên
suka-parisuka. Sasampuning kawandasa dintên, Radèn Udakawimba sakalihan ingkang
rayi Dèwi Sêndhang nyuwun rilah ingkang rama bibi misah badhe angênggèni
kadhaton wangunan sapucaking ardi, ingkang rama saha ingkang bibi inggih
anglilani kalayan suka pirênaning galih.
Kacariyos Radèn
Udakawimba lêstantun mukti wibawa, nanging salêbêting galih dèrèng marêm yèn
dèrèng malês ukum dhatêng ingkang uwa. Radèn Udakawimba sampun dangu kaklêmpak
bala adamêl prajurit suralodra asikêp tamèng towok, surapanglawung asikêp waos,
surawarastra asikêp jêmparing, surapawaka asikêp sanjata, suradahana nyêpêng
mariyêm, surapati prajurit sinêlir, sadintên-dintên tansah ingulig kasudiran
sarta kawantêraning prang, sasampuning matêng dhatêng wêwadi pamasanging gêlar
sarta sasampunipun samêkta, punapadene sasampunipun kagalih kuwawi lumawan
mêngsah prajurit ing Tuban, Radèn Udakawimba lajêng adhêdhawuh nglurug dhatêng
nagari Tuban, sariranipun dados senapatining prang anindhihi baris, para
[pa...]
--- 90 ---
[...ra] prajurit
muntab kakêndêlanipun gambira ing manah, bidhaling baris andalêdêg kados toya
mêdal saking rong, ambrol kados enggal-enggala anglarutakên bala ing Tuban.
Gêntos kacariyos
nagari ing Tuban, panjênênganipun Prabu Warihkusuma sampun midhangêt pawartos
yèn ing padhukuhan Sumbêrêja wontên kraman, gêgununganing kraman anakipun mantu
Kyai Agêng Wulusan, dados prajurit kinawasa sêkti môndraguna, sagêd manjing
ajur-ajèr, sarta misuwur sagêd damêl mas ore, kasugihanipun angungkuli para
ratu sugih ingkang misuwur ing jagad, sarta kasugihanipun wau dipun wradinakên
dhatêng para kawulanipun, mila kawulanipun sami ajrih asih sarta sêtya tuhu
ngidhêp saparintahipun, sang prabu rumaos wingwrin, karoban dening pawarta,
lajêng miyos sinewaka pêpak ingkang wadyabala, kyai patih sampun wontên ing
ngajêngan, sang prabu andangu dhatêng kyai patih, bapa apa kang dadi wartane
ing jaba.
Kawula nuwun gusti,
wontên kraman agêng ing padhukuhan Sumbêrêja, ingkang angeram-eramakên
enggalipun sagêd [sagê...]
--- 91 ---
[...d] yasa kadhaton
kinubêng ing balowarti kandêl saêpal mubêng, sarta sagêdipun kaklêmpak bala
piniluta rinoban ing arta busana, punapadene kawartos sagêd ulah prang kados
trahing kusuma, kasêmbuh gadhah kawruh sagêd damêl mas ore, sumêlang kawula
mênawi putra tuwan Radèn Udakawimba, badhe malês ukum dhatêng panjênêngan
paduka, awit rumaos kasakitakên manahipun suwitanipun wontên ing ngarsa paduka.
Uwa, kaya ana èmpêre
tangguhira iku, lah ing mêngko kêpriye kang dadi pamikirira, dèrèng dumugi
pangandikanipun sang prabu kasaru gègèr ing jawi lêbêtipun bupati tamping tanpa
larapan, kêplajêng mêntas prang kalihan cucuking baris ing dhusun Sumbêrêja,
tanpa kiwul linud winêjêg purun risak tanpa kukupan.
Sang prabu gugup
pandangunipun, apa Si Udakawimba kang dadi gêgununganing kraman.
(Bupati tamping)
Kawula nuwun gusti, ingkang pindha ratu inggih senapatining prang kadosdene
putra tuwan Radèn Udakawimba, awit warnanipun gagah prakosa arawis capang
sariranipun cêmêng, putra tuwan tanpa ngagêm rawis tuwin [tuwi...]
--- 92 ---
[...n] sariranipun
kuning anêmugiring, (lolosipun Radèn Udakawimba dèrèng ngagêm rawis, cêmênging
sarira amargi kêkênthung anggènipun ajênêngi yêyasan, dipun sarirani piyambak),
sang prabu lajêng adhêdhawuh mêpak bala, otêr tiyang sanagari, botên dangu
sampun samapta, ingkang dados cucuking lampah inggih senapatining prang
putranipun kyai patih ingkang sampun dados nayakaning praja nama Radèn Lodaka,
sang prabu karsa nyarirani prang kadhèrèkakên kyai patih wrêdha, dumugi
kikising praja kandhêg dening panyêranging mêngsah sampun angrampit kitha, sang
prabu gugup lajêng amasang gêlar ombaking samodra pasang, sagung wadyabala
tinata ambalabar angèlèbi[16] papan, para bupati dados panjawat,
sang prabu kalihan kyai patih wontên ing têngah. Radèn Udakawimba enggal malik
gêlar jurang gêmpal, lajêng pêrang brubuh, bala ing Tuban ingkang minôngka toya
mili dhatêng ing jêjurang sirna larud tanpa lari. Makatên upaminipun bala ing
Tuban kalêbêt ing gêlar tanpa budi kapikut sami asrah bongkokan, Sang Prabu
Warihkusuma enggal oncat saking palagan, binujung dening Radèn Udakawimba botên
sagêd kêcandhak, kêtilapan awor pakathik, kyai patih
--- 93 ---
sampun sêpuh tansah
ingampingan dening ingkang putra Radèn Lodaka punika gampil kêtawanipun, wusana
kyai patih sumêrêp yèn mêngsahipun ingkang putra piyambak Radèn Udakawimba,
kyai patih botên pandung, awit Radèn Udakawimba dipun pundhut putra wiwit timur
mila, lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi, Radèn Udakawimba inggih bela
karuna, dangu arêrangkulan, wusana kyai patih ngandika: kadospundi: gèr, mas
putu gusti kula ingkang dados karsa sampeyan têka badhe ngrisak dhatêng karaton
kagungan sampeyan piyambak.
Rama, kula badhe
botên adamêl risaking wadya alit, agêngipun adamêl sedanipun kangjêng uwa,
sayêktosipun namung badhe nyêrêpakên ing awone tindakipun uwa prabu dhatêng
kula, sarta supados mantuna panganggêpipun ingkang nyimpang saking kautamèn,
anganggêp anak kuwalon, utawi tunggakan kêmadhuh, botên nganggêp anak
kapenakan, wusana kangjêng uwa lajêng oncat saking palagan, iba kangjêng ibu
dukanipun dhatêng kula, saupami kula lajêng angatingal. Awit saking punika
rama, kula botên lajêng angêbroki kadhaton,
--- 94 ---
badhe lajêng
ngupadosi pangungsènipun kangjêng uwa, amêsthi dhatêng ing Banyubiru, awit
pamirêng kula sang prabu putri ing Banyubiru ingkang apêparab Dèwi Wayi mêntas
sinerenan kaprabon saking ingkang rama Prabu Hèrtambang, punika garwanipun
kangjêng uwa, pangangkah kula bilih kenging nagari Banyubiru karèha nagari
Tuban, ing mangke rama kula aturi wangsul dhatêng nagari saha wadyabala sadaya,
nindakakên prakawising praja kados saban-saban sarta rumêksaa kangjêng ibu,
ngantos sadhatêng kula ambêkta kondur kangjêng uwa. Namung putra sampeyan uwa,
Radèn Lodaka kula têdha kula jak anglurug dhatêng ing Banyubiru, sarta dadosa
pêpatih kula, kula jak laralapa anglampahi panas pêrih, kyai ingkang rila.
Mas putu gusti kula,
kula sampun botên maoni karsa sampeyan, sampun lêrês sadaya, sarta kula badhe
ngestokakên ing wêling sampeyan rumêksa praja sadungkap kula tiyang sampun
sêpuh, punapadene kula sampun lêgalila pun Lodaka sampeyan karsakakên dhèrèk
andon prang. Têlas rêmbagipun radèn putra kalihan kyai patih, lajêng sami
bidhal andum paran sarta andum [a...]
--- 95 ---
[...ndum] wilujêng.
Gêntos kacariyos
lolosipun Prabu Warihkusuma saking paprangan, anarka bilih nagarinipun sampun
kaêjegan mêngsah, punapa Radèn Udakawimba punapa tiyang sanès, punika dèrèng
kantênan, mupus salêbêting galih, kêncênging karsa badhe mawiku kemawon lajêng
tindak amurang margi, dumugi sukuning ardi Rancakarni cêlak pasanggrahanipun
Prabu Hèrtambang ngiras kangge pakèndêlan layon, punika wontên marginipun
angambat simpangipun ingkang dhatêng pasanggrahan, turut pèrèng minggah dumugi
ing lambunging ardi, ing ngriku wontên guwanipun alit acèkli, kados tilas
pratapaning maharsi, katitik wontên paomanipun, wêwêngkoning guwa: patamanan,
nanging katingal sampun risak, kêkajênganipun agêng-agêng, kadosta: kumuning
bang, nagasari, soka tuwin sanès-sanèsipun, angayomi pamidikan, sang prabu
kacaryan ing galih sumêdya kèndêl têtruka wontên ing ngriku. Wêwêngkoning guwa
lajêng dipun rêsiki sarta lajêng damêl pasarean kalikaning kajêng sêcang
ginapit ing panjalin wungu, kajang sirahipun dhumpal kajêng walulin, sang prabu
[pra...]
--- 96 ---
[...bu] pados
rêrêmbêsan toya unjuk, manggih bêlik alit wontên ing loroganing asrama, wêning
toyanipun, mili pating srèwèh anut ing lêlêdhokan dening botên dipun
kalêmpakakên, anjog ing jêjurang kumriwik ngorêgakên padhas rêngka gumrênggêng
tanpa kèndêl kêmirêng angêrês-êrêsi manah kados pasambatipun sang prabu
anggènipun nandhang papa cintraka pisah lan garwa putra. Sang prabu
padamêlanipun namung anênanêm palawija kênthang jagung tuwin canthèl, kangge
panggêsangan salêbêtipun matiraga, sabên dalu botên towong wontên ing paoman
anêgês karsaning dewa ingkang linuwih ing atasing sariranipun punapa lulus
botên sagêd angsal pangapuntên, ananging dèrèng angsal wêwênganing sasmitanipun
dewa, mila sang prabu tansah nungku puja samadi.
Gêntos kacariyos,
Sang Prabu Hèrtambang sampun yuswa sarta sampun rumaos kathah tunadungkapipun
pangastaning pangadilan, karsanipun ingkang winadi angêntosi timbulipun ingkang
putra mantu Sang Pangeran Warihkusuma, ananging tita botên sagêd pikantuk
wartos, sarèhning sampun botên kenging dipun êntosi, karsanipun lajêng badhe
[ba...]
--- 97 ---
[...dhe] sèlèh
karaton dhatêng ingkang putra Dèwi Wayi, kalampahan pisèlèhipun sang prabu
katampèn dhatêng ingkang putra, jumênêngipun sang prabu putri mawi pasamuwan
agêng sarta mawi kajênêngan para ratu ing amôncapraja, pangastaning paprentahan
sarta pangadilan parapabên, panêrak tuwin lampah kadurjanan sampun botên
nguciwani, kawasisanipun malah angungkuli kala taksih kaasta ingkang rama.
Nagari Banyubiru tambah tataraharja, mirah sandhang pangan, tulus ingkang sarwa
tinandur, sang prabu putri adhêdhawuh karsa tindak pêpara ing talatahipun
nagari Banyubiru, bokmênawi taksih wontên papan ingkang maluwa dèrèng dipun
griyani ing tiyang sarta pasitèn ingkang bêra jalaran kirang kacêkapanipun
ingkang anggarap, tindakipun sang prabu putri sagêlar sapapan, sarta mawi andhungan
dhahar kanggenipun ing dalêm sawulan, awit badhe dangu ing konduripun.
Kacariyos tindakipun sang prabu putri sampun pikantuk samadya côndra. Lêrêsipun
ing saênggèn-ênggèn lajêng kapasang motha pinindha kadhaton, kinêpang para
wadyabala tarab sami amasang layar pamondhokanipun piyambak-piyambak, sadangune
[sa...]
--- 98 ---
[...dangune]
tindakipun sang prabu putri botên pikantuk titik karisakaning dhusun tuwin
padhukuhan, sadaya sami katingal rêja, pakaranganipun andhêndhêng angestokakên
parentahipun umbul sarta paragakipun, nalika punika tindakipun sang prabu putri
kadalon wontên sukuning ardi Rancakarni, dhatêng pasanggrahan taksih têbih,
mila lajêng amasang motha wontên ing ngriku, sêraping srêngenge ginantosan
padhanging rêmbulan nuju tanggal kaping wolu, sitarêsmi rêmu-rêmu kalingan
ngrêgêmênging mega cêmêng apindha rêksasa kados angangkah badhe môngsa
rêmbulan, lêpat tujunipun ingkang pindha pragalba, rêmbulan oncat dhawah ing
mega pêthak, prabanipun sigar salong anyoroti siluk-siluking jêjurang, kados
wayanganipun sawêr tapak angin, ebahing gêgodhongan katêmpuh ing angin kados
pangawening astanipun satriya ingkang kawêlas asih, anênangi brangtanipun sang
prabu putri kèngêtan dhatêng ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, samirana
midit ambêkta gandaning sêkar kumuning, campur kalihan sêkar kalak, angrêmêt
galihipun sang prabu putri. Sang nata botên sarèh ing galih lajêng [la...]
--- 99 ---
[...jêng] dandos cara
kakung asikêp pêdhang tamsir mêdal saking pakuwon tindak ijèn karsa nyalamur,
mubêng amriksani jajahaning rêdi, anyêyupe brangtanipun dhatêng ingkang raka,
wontên margi ngambat mêdal èrèng-èrènging ardi dipun turut minggah,
panggalihipun sang prabu putri bokmênawi wontên pandhitanipun ingkang maratapa,
mokal bilih wontên margi botên wontên tiyangipun, sang prabu putri pancèn
wantêr ing galih dhasar sampurna ulah dêdamêl, mila botên kagungan miris
lêlampah dalu ijèn, antawis saonjobtan[17] tindakipun sang prabu putri, ing
lambunging ardi katingal kêlip-kêlip wontên damaripun, enggal dipun prêpêki
rawuh sangajênging guwa sumêrêp pandhita taruna bagus rêspati sawêg nungku puja
samadi, sang prabu kèndêl botên sabawa, kalihan amaspaosakên warninipun
pandhita, sêdhêng sang pandhita kèndêl panungkunipun, salêbêting galih eram
dene wontên pandhita taksih neneman gêntur maratapa punapa ingkang dipun
kajêngakên, sang prabu ngalêm salêbêting galih: bagus têmênan pandhita iki,
kang tak erami ora êntèk-êntèke olèhe jiblès karo kang lunga andon, apa baya
dhèwèke mawiku ana kene. Sasampunipun sang pandhita [pandhi...]
--- 100 ---
[...ta] amudhar asta
lajêng lênggah timpuh angajêngakên lawanging guwa, sang prabu têrang ing
paningal yèn sang wiku ingkang raka sayêktos, mèh anjêrit nanging dipun sabili,
lajêng dhèhèm ngatingal wontên sangajêngingipun sang pandhita, sang wiku sangêt
kagèt ing galih dene dalu-dalu wontên prajurit dhatêng ing guwa patapan,
panyananipun badhe nukup sariranipun, gêtêring galih kalihan angacarani.
Sumôngga sang prawira
ing prang kula aturi malêbêt ing guwa rumpil, rawuh sampeyan ing pratapan
dalu-dalu tanpa kanthi amratandhani satunggaling prajurit wantêr ing paprangan,
bèr budi lêgawa ing pati, awit Hyang Wisesa rumêksa ing kawantêran sampeyan
kinêmulan ing rahayu.
Sang prabu putri
lajêng malêbêt satata lênggah wontên ing galar kalothokaning kajêng tingi
ingkang ginapit ing panjalin wungu. Sang pandhita tumratab ing galih sumêrêp
warninipun sang prabu dene jiblès kalihan warninipun ingkang rayi Dèwi Wayi,
ngantos kamitênggêngên dangu botên ngaturakên pambage, malah lajêng carocosan
ngêdalakên luh botên karaos, galihipun sang prabu kados sinêndhal, [si...]
--- 101 ---
[...nêndhal,] nanging
tansah dipun sabilakên, lajêng ngandika:
Kakang wiku, punapaa
sadhatêng kula ing ngriki kakang wiku kirang pirêna ing manah, malah katingal
prihatos ngantos angrêntahakên luh.
O, iya jagad dewa
bathara, kalingane aku iki mau karawuhan sêsotyaning jagad, dhuh sang sudibya
pangapuntên paduka ingkang kula suwun, kula kasupèn bilih kula katamuan sang
prawiranom, utusaning dewa ingkang badhe angasrêpi manah kula, sang kasumbung
kasêgahan panakrama sarawuhipun ing pacrabakan kula dalu-dalu.
Kakang wiku, ing
sadèrèng sasampunipun dahat kalingga murda, kula tampèni ing asta kêkalih,
kapêtêk ing pranaja, tumanêm kêkulunging manah, dadosa rat daging kayuwanan,
amêwahana bawa lêksananipun rayi sampeyan pun andon lêlana.
Kula anilakrami ing
ngajêng pundi pinôngka, ing wingking pundi sinêdya, sintên kêkasihipun sang
pangeran.
Kakang wiku, kula
prajurit lêlana dikara, andon pêrang angrupak jajahaning mêngsah, ingkang sudi
nêbut nama kula
--- 102 ---
Pangeran Wayi.
Sang pandhita
anjêngêr midhangêt wangsulanipun sang pangeran, dene asmanipun sami kalihan
namanipun ingkang rayi Dèwi Wayi ingkang sampun murud dhatêng têpêtsuci,
ciptaning galih: apa yayi dèwi nitis dadi lanang, lagi wêruh iki ngèlmu
panitisan dadi sungsang buwana balik, wong wadon nitis marang wong lanang. Saya
kodhêng panggalihipun sang wiku, dene sang prabu putri sakalangkung suka ing
galih ambêbingung galihipun ingkang raka, pangandikanipun.
Kadospundi kakang
wiku têka kados tiyang kodhêng apêpanggihan kalihan kula, môngka kula badhe
pitakèn punapa-punapa dhatêng kakang wiku.
Walèh-walèh punapa,
anggèr, sampun antawis gangsal wêlas taun laminipun kula kasedan garwa
putrining ratu, warninipun jiblès kados panjênêngan paduka.
Sang prabu gumujêng
ngakak, sanadyan yêktosa makatên kakang wiku, tiyang kula punika kakung têka
sampeyan brangtani, garwa sampeyan rak putri: ta.
Mêrangi tatal paduka
punika, sok wontêna putri: inggih èstri:
--- 103 ---
Milanipun kula matur,
asil punapa ambrangtani tiyang jalêr.
Lêrês, mila wontên
tiyang kodhêng inggih saking paduka kakung sarta garwa kula sampun murud
dhatêng jaman kailangan. Nanging kok kasangêtên têmên jiblèsipun.
Sang prabu saya
gumujêng kêkêl, sarwi ngandika: punika saya mokal kakang pandhita yèn wontên
titahing dewa wontên ingkang sami warninipun, dêstun mèmpêr punika kula
pitajêng.
O, iya dewa iya
bathara, punapa kula dadak mawi upata yèn wicantên kula punika damêl-damêl,
utawi botên salêrêsipun.
Sang prabu putri
rumaos sampun dumugi anggènipun ambêbingung dhatêng ingkang raka sarta rumaos
wêlas bilih kêdangon, karsa badhe ambadharakên sarira, lajêng ngandika:
Kakang rêsi,
sarèhning sapunika sampun dalu punapa kenging kula nêdha sipêng wontên ing
ngriki.
Kula sakalangkung
dangan kasipêngan sang pangeran. Ananging sang pangeran punapa kêparêng
anggalundhung namung ngagêm kajang sirah dhumpal kajêng.
Botên dados punapa
dhasar sampun kula kajêngakên,
--- 104 ---
kula badhe sèlèh
sikêping kaprajuritan sarta cucul pangangge ing jawi supados mantun sumuk
wontên salêbêting guwa.
Kula sumôngga.
Sang prabu kantun
ngagêm rasukan pamêkak madya (entrok), sutra kuning sinulam ing bênang mas,
baludaging pranaja amratandhani yèn sayêkti wanodya.
Sang pandhita awas
tumingal têtela yèn sang pangeran malihan putri, yèn ta ingkang garwa Dèwi Wayi
sampuna seda sarta kasat mata piyambak ing sedanipun, amêsthi sang malih warni
lajêng kapondhong, awit têtela yèn garwanipun, sarèhning sampun seda: dados
matur anoraga. Dhuh sang damêl kuwuring manah kula punapa paduka putri prajurit
têka amiguna dhatêng tiyang tapa.
Sang prabu putri
tansah gumujêng sarwi amangsuli: dhasar sampun kula sêdya badhe adamêl
wudharing subratanipun kakang wiku. Sang rêsi dipun cakêti sarta lajêng dipun
rangkul gapyuk kaarasan wanti-wanti sarwi ngandika:
Kakang adipati
ingkang mawiku, kula rayi sampeyan pun Wayi ingkang gêsang ing pati saking
dening pitulunging dewa, saha
--- 105 ---
sampun jumênêng nata
anggêntosi karatonipun rama ijêngandika kangjêng rama, lajêng lêlana ngupadosi
dunungipun sarira sampeyan, botên nyana kêpanggih ijèn wontên salêbêting guwa
samun.
Kados punapa plonging
galihipun sang pangeran, midhangêtakên aturipun ingkang rayi, sang rêkna[18] gêntos dipun rangkul sarta wanti-wanti
dipun arasi sarwi muwun acarocosan, saking kasokipun ngantos magêp-magêp, sang
putri botên sah saking pangkon. Lajêng sami angandharakên lêlampahanipun
piyambak-piyambak, satamating cariyos, sang prabu putri matur dhatêng ingkang
raka:
Kakang mas sampeyan
lajêng kula pondhongi dhatêng pasanggrahan sarta lajêng kondur dhatêng nagari
Banyubiru, kula sèrèni kaprabon, awit saking pralilah kula saha pralilahipun
kangjêng rama.
Yayi dèwi maha prabu,
bab ênggonmu karsa amboyongi marang aku, iku ora bêbakal, nanging bab
pisèlèhing kaprabon, iku bangêt ing pamopoku, awit jumênêngku ratu ana ing
Tuban tiwas tanpa [ta...]
--- 106 ---
[...npa] gunasêkti
sarta sêpi ing kawicaksanan, gampang rinusak ing mungsuh tanpa kiwul, beda karo
jumênêngmu sinuyudan ing wadyabala, sanadyan jumênêng ratu putri kaloka
kajanapriya, kuncara ing amôncapraja, para ratu ing ngatas angin bawah angin
padha suyud kèdhêp kabèh, awit saka misuwuring kaprawiranmu, liraping pêdhang
agawe mirising mungsuh, lan awit saka kondhanging kagunanmu ulah gêlaring prang
agawe mirising mungsuh sêkti, dhasar sumbaga wirotama, kontap ing kaluwihanmu,
mulane aku wis narima dadi êmbananing ratu musthikaning jagad.
Sampeyan punika baud
ngumpak dhatêng kula, ngantos sagêd adamêl mongkoging manah jirih.
Ora yayi, aku mung
pratela sabênêre bae, ora ngumpak, ora ngonggrong. Karodene manèh yèn parêng
ing galih, mungsuhku kang ngêbroki kutha Tuban môngsa bodhoa sirnane dening
kowe.
Prakawis karsa
sampeyan punika kula selak: botên, sagah: dèrèng kinantên, awit kêdah kula
rêmbag kalihan uwa patih tuwin nayakaning praja, punapadene [pu...]
--- 107 ---
[...napadene] dhatêng
senapatining prang ingkang badhe anglampahi damêl, sapunika prayogi lajêng
kondur dhatêng pasanggrahan kemawon, sapunika sampun anggagat enjing,
dhatêngipun ing pasanggrahan: sêdhêng para wadya sampun sami kirab.
Ing wanci saput siti
sang prabu putri sakalihan ingkang raka têdhak saking pratapan, pêdhut
angampak-ampak angrêmêng margi, rumput kêbunan kasrampat ing pada angêbêsi busana,
lamuk sinêrang soroting surya ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit saya
tipis wusana sirna, kantun ingkang ngrêmêng ing kêkajêngan, kawistara
jêlarèhing margi kathah sêsimpanganipun, sang kalih awirandhungan lampahipun
sarwi ginêman prakawis rèmèh-rèmèh ingkang adamêl ascaryaning galih, wanci byar
rawuh ing pasanggrahan, wadyabala sami kagèt dene sang prabu putri rawuh sampun
sakalihan kalihan ingkang garwa Pangeran Warihkusuma, para abdi botên wontên
ingkang pandung dhatêng sang pangeran, sami surak gumuruh ambal-ambalan, kyai
patih sarta para punggawa kagèt lajêng mêdal saking pakuwonipun
piyambak-piyambak, kapanggih kalihan sang pangeran [pange...]
--- 108 ---
[...ran] sampun
akanthèn asta kalihan ingkang rayi sang prabu putri, sami suka-suka sarta sami
ngaturakên pambage wilujêng, lajêng satata lênggah ing pasanggrahan, sang prabu
putri lajêng mangandikakakên kapanggihipun ingkang raka mawiku wontên ing guwa
patapan sarta mangandikakakên lêlampahanipun sang pangeran kalihan titi botên
wontên ingkang kalangkungan, sang prabu putri mundhut pirêmbag ing bab
pamalêsipun dhatêng kraman ingkang ngrabasèng kitha Tuban.
Aturipun kyai patih
sarta para nayaka sarêmbag kalihan senapatining prang: pantês sang pangeran
angsal piwêlas pamurina saking sang prabu, dèrèng dumugi anggènipun pirêmbagan
kasaru dhatêngipun pacalanging baris, ngaturi uninga yèn wontên dêdamêl agêng
lumampah nuju ing pasanggrahan, sang prabu putri angintên yèn punika
mêngsahipun ingkang raka sang pangeran, lajêng adhêdhawuh samêkta prang sarta
dhawuh nata gêlar wana kawêlagar, angèl sasak-sasakanipun.
Radèn Udakawimba
sampun kaaturan uninga yèn cucuking baris kandhêg dening kapambêng baris malang
ing margi, kados [kado...]
--- 109 ---
[...s] sarayanipun
ratu ing Tuban. Radèn Udakawimba anguningani gêlaring mêngsah rumaos kawêkèn
sarta ngalêm salêbêting galih bab rapêting pasangipun gêlar angèl sinusupan,
ewadene Radèn Udakawimba sagêd anggalih ungguling yudanipun, lajêng adhêdhawuh
masang gêlar ombaking samodra pasang tumêmpuh ing pêrang, angêlêma ubaling
dahana, lajêng prang brubuh, sampun kathah longipun ing pêpêjah, sang prabu
putri sumêrêp yèn gêlaripun kenging kasusupan, lajêng amalik gêlar setubanda
ambrol, bala ing Sumbêrêja kèrut larut kapalayu kalêbêt ing gêlar, Radèn
Udakawimba kesisan bala, badhe katukup lajêng oncat saking palagan,
kadhèrèkakên para prajuritipun sinêlir lèrès sumêdya kondur abêbiting wontên
salêbêtipun kitha, supados mêngsahipun ngêlud sapurugipun, wontên ing kitha
Sumbêrêja amêsthi gampil kapracondhang saking santosa sarta wêriting balowarti,
angèl lêbêt-lêbêtanipun, marwasa mêngsah saking sanginggiling balowarti, gampil
kemawon, tikang-tikunging margi lampahing mariyêm prigêl sangêt, botên wontên
kidhungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn [Ra...]
--- 110 ---
[...dèn] Udakawimba.
Sang prabu putri sumêrêp yèn sesaning mêngsahipun ingkang botên katawang:
lèrès, lajêng ingêlud sapurugipun dumugi ing Sumbêrêja, malêbêt ing balowarti
ingkang angeram-eramakên santosanipun, sang prabu kandhêg wontên ing jawi,
panggalihipun sang prabu wadyabalanipun amêsthi badhe nêmahi risak bilih
pangrêbating balowarti namung kalayan wantah kemawon, gampil tinumpês ing
gurnat gutuk api dening kêpapan wontên ing margi sungil. Sang prabu lajêng
ambudi sarana ingkang kenging kadamêl gêlar garudha nglayang, lajêng adhedhawuh
yasa palwa udara, bakalipun motha kinêlam ing wêsi janur, ingêsapan saking latu
balêdhèg, sagêd mumbul ing gêgana, sarêng sampun samêkta lajêng katumpakakên
para prajurit pêpilihan sami asikêp dêdamêl, sang nata piyambak yasa sakoci
boma, katitihan kalihan ingkang raka sarta para wirotama, sami andêdêl muluk
ing gêgana angungkuli baluwarti, lajêng cumlarot saengga thathit, tumuju ing
kadhaton sarta lajêng dipun brêgi, para prajurit mangrêmpak saking wingking
adamêl karisakaning mêngsah, Radèn Udakawimba gugup dening dipun [di...]
--- 111 ---
[...pun] kagètakên
dhatêngipun, botên kantênan tataning baris, awit linambung saking wingking
dhatêngipun saking gêgana rikat kados angin, Radèn Udakawimba kasêlut ing papan
kacêpêng dening senapatining prang lajêng kaawêran cindhe kaladosakên ing
ngarsanipun sang prabu putri sakalihan sampun sinewaka wontên ing pandhapa
agêng, sarêng kalihan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang ambêkta
pangagênging kraman sampun kaawêran cindhe, kasowanakên ing ngarsanipun sang
prabu mabukuh wontên ing siti, Sang Pangeran Warihkusuma botên pandung yèn
pangagêng kraman ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba. Lajêng kadangu:
Kalingane kowe
Udakawimba, kang gawe ura-uruning praja Tuban, sarta agawe karusakanaku, awit
kowe panjilmaning satruku turase yayi Prabu Warsakusuma, ing mêngko kowe bakal
nampani pidana saka pangwasane yayi dèwi maha prabu, Radèn Udakawimba tumungkul
tan panon rad idhêpipun.
Sang prabu putri
lajêng ngandika dhatêng Radèn Udakawimba, radèn: aku pitakon marang kowe, saiki
apa kang
--- 112 ---
kokarêpake, nungkul,
utawa: ora.
Kawula nuwun, gusti,
ingkang abdi angaturakên pêjah gêsang, mênawi kenging mugi kaabdèkna.
Kowe apa wis somah.
Kawula nuwun sampun:
gusti, pikantuk anakipun Ki Buyut Wulusan, nama Rara Sêndhang.
Timbalana mrene sarta
wong tuwane lanang wadon.
Ki Buyut Wulusan
saakrabipun, sakacêpêngipun Radèn Udakawimba sami adus luh ngalêmpak wontên ing
kadhaton, amêmuji lêpating paukuman pêjah, Radèn Udakawimba, kasaru wontên
utusan saking ngajêngan, ki buyut saanakbojonipun katimbalan, lajêng kèrid
salampahing utusan, Rara Sêndhang lumampah ing têngah kaapit ing yayah
renanipun, mangangge lungsêd rambutipun maruwun, katingal amêmêlas, dumugi ing
ngarsanipun sang prabu putri lajêng sami lênggah makidhupuh konjêm ing siti,
sang prabu putri awas tumingal ing citranipun ingkang pindha ratih Rara
Sêndhang botên kalih kalihan sang prabu putri kados jambe nèm sinigar palih,
namung kaot anèm kalihan sêpuh, pangunandikanipun sang prabu [pra...]
--- 113 ---
[...bu] putri: elok
têmên Buyut Wulusan duwe yoga kaya mêngkono. Sang prabu ugi malongok andulu
citranipun Rara Sêndhang, dene angêblêgi citranipun ingkang rayi.
Sang prabu putri
lajêng andangu: aja dadi atimu kaki Wulusan, aku pitakon marang kowe ing
satêmêne, Rara Sêndhang iku apa anakmu têmênan, dene citrane angeram-eramake.
Kawula nuwun: gusti,
ila-ila punapa mênawi kawula matura dora ing panjênêngan paduka, kadangu ing
ratu ingkang kuwasa ing bumi, sayêktosipun Rara Sêndhang punika anak kawula
pupon, pikantuk kawula cadhang ing bênawi, wontên ing kêndhaga, kèli isi
bêbayi.
Sang prabu sumêdhot
ing galih bokbilih punika putranipun ingkang dipun labuh ing bênawi, sang prabu
lajêng ngandika, gêndhagane saiki apa isih.
Kawula nuwun, taksih,
kawula tarang wontên ing langitan.
Mara jupukên.
Kawula nuwun, inggih
sandika. Gêndhaga kapundhut lajêng kacaosakên ing ngarsanipun sang prabu putri
sarta lajêng [la...]
--- 114 ---
[...jêng] katingalan
kalayan titi, bakalipun kajêng cêndhana kinarawistha ing lunglungan apindha
alum, wontên sasêratanipun Ibrani mungêl rajaputri putrinipun Dèwi Wayi patutan
saking Pangeran Warihkusuma, ingkang seda konduran, dèrèng dumugi pamaosipun
sang prabu putri anjrit mudhun saking palênggahan angrangkul ingkang putri Dèwi
Sêndhang sarwi lara-lara karuna, nanging Dèwi Sêndhang botên tumut bela karuna,
awit botên sumêrêp darunanipun, makatên ugi Sang Pangeran Warihkusuma, saya
botên tumut bela karuna namung kèndêl, nanging amêraki ingkang rayi angudi
punapa darunanipun muwun, dangu botên angsal wangsulan, wusana dipun aturi yèn
Dèwi Sêndhang punika putranipun sang pangeran ingkang linabuh ing bênawi, sang
pangeran lajêng ambêngok tumut karuna sarta brêng tiyang sapasewakan sami bela
tumut karuna. Sirêping tangis: sang prabu putri wangsul lênggah ing dhampar
ingkang putra Dèwi Sêndhang botên pisah wontên ing ngarsanipun sarta tansah
dipun tingali, Radèn Udakawimba kadhawahan anglukari pusaranipun cindhe sarta
ingapuntên dosanipun têtêp minantu ing sang prabu ing Banyubiru. Wontên ing
padhukuhan Sumbêrêja andumugèkakên sukaparisuka, antawisipun [a...]
--- 115 ---
[...ntawisipun]
sawulan: sang prabu putri karsa kondur dhatêng ing Banyubiru, ingkang putra
sakalihan andhèrèk, sarawuhipun ing nagari ingkang rama Sang Prabu Hèrtambang
kaaturan rawuh ing nagari saking pacrabakan, sarawuhipun kapêthuk ingkang
putra, sang prabu putri sampun akanthèn asta kalihan ingkang raka Sang Pangeran
Warihkusuma, sarta kadhèrèkakên ingkang putra Dèwi Sêndhang akanthèn asta
kalayan ingkang raka Radèn Udakawimba, putra wayah sami tundhuk angaraspada,
lajêng sami dipun rangkul gêntos-gêntos, awit sang prabu wrêdha sampun kaaturan
uninga ing bab lêlampahanipun ingkang putra.
Antawis sataun Radèn
Udakawimba wontên ing Banyubiru lajêng kajumênêngakên ratu saking wêwênangipun
sang prabu putri: wontên ing nagari Tuban, namung sabên warsa kadhawuhan sowan
saos bêkti laminipun sawulan. Sang Pangeran Warihkusuma botên karsa kondur
dhatêng ing Tuban, lêstantun angêmbani ingkang rayi sang prabu putri wontên ing
Banyubiru kemawon. Dene ingkang rayi Dèwi Wrêsti kadhawuhan momong ingkang
putra Prabu Udakawimba, kalihan sariranipun têtêpa dados sadhèrèk nak-sanak.
Tamat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar