--- 16 ---
[...danan,] namung
kesaha saking wêwêngkonipun nagari Tuban, angêntosana karsaning dewa ingkang
dhumawah dhatêng putra kula, dene tangis kula wau têka kula kêpêksa pêpisahan.
Sang pangeran
midhangêt pangandikanipun kyai patih rumaos awrat oncatipun saking nagari
Tuban, bingah nêmahi seda saking botên dosa, nanging botên sagêd nampik utawi
maoni karsanipun kyai patih, sang pangeran lajêng anglugas raga bablas tindak
anut paraning suku, pêngkêran kalihan kyai patih wangsul dhatêng nagari.
Kocap sapêngkêripun
kyai patih, sang prabu botên sagêd nahan brangtanipun dhatêng Endhang Wrêsti,
lajêng kondur angadhaton, karsanipun badhe angimur-imur rujiting galihipun
Endhang Wrêsti, ananging Endhang Wrêsti botên kenging cinêlakan tansah angasta
patrêm, punaginipun sang dèwi: samôngsa sang prabu cêlak amêsthi rinangsang ing
patrêm, parêkan sampun wontên ingkang atur uninga ing tekadipun sang ayu, sang
prabu mênggah ing galih ewadene lajêng dipun coba kêpanggih sang putri saking
katêbihan sarwi ngandika: yayi, aja kêdawa-dawa rujiting atimu, tolèhên aku
ratu binathara angêsrahake pati urip marang kowe, aku narima dadi êmbanmu. Sang
putri amangsuli nyêngit [nyê...]
--- 17 ---
[...ngit] pêdhês
cumalêkit sarta botên krama, têmbungipun: kowe têtêp ratu gêlah-gêlah ing
jagad, ora idhêp ing isin, watêkmu manggan, kolu matèni sadulur arêp ngrasuk
marang pêpacangane, kajaba yèn aku wis dadi bathang kêna kodêmok awakku, lah
mara nyatane prawira tadhahana patrêmku, mêngko aku pondhongên. Sang prabu
lingsêm mundur palarasan, osiking galih: kajaba mêngko bêngi bae yèn wis turu
dak parêkane. Lajêng adhêdhawuh dhatêng bok êmban ingkang kinathik, sarta
sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, angulat-ulatakên sang dèwi
sampun ngantos kanyanan.
Sang putri sampun
sakeca ing galih dene sang prabu botên nyiosakên karsanipun sarta sampun botên
katingal malih ing kadhaton, mêmpên wontên ing panêpèn.
Sarêng sampun dalu
wanci tidhêm kayon, sang putri kalêson sare wontên kasur sari. Tumuntên bok
êmban ingkang amarasandi enggal lapur ing sang prabu yèn sang putri sampun
sare, sang nata gita ing galih enggal rawuh ing pasarean, sarêng ningali
sênêning wadana kasorot ing pandam kurung maya-maya kados murca kinêdhèpakên,
sang nata botên sarèh, sang putri rinodapaksa, [ri...]
--- 18 ---
[...nodapaksa,]
sapintên kuwating èstri winisesa ing kakung. Sang ayu saya anjarêm ing galih
rumaos cinidra ing rêsmi, nanging namung kèndêl sarwi mawas sang prabu, sang
nata uninga tansah winawas ing sang putri rumaos kapadhan ing karsa, supe bilih
sang rêtna taksih angasta patrêm ligan, salêbêtipun sang putri rinangkul sarwi
binantalan ing asta têngên, sang prabu dipun suduk ing patrêm kenging
kêkulunging manah têrus ing walikat, seda botên mawi sêsambat, kasumêrêpan
pawongan cèthi ingkang jagi pasarean sami anjrit karuna, otêr salêbêting
kadhaton, sang putri botên mawi anggragap namung cipta badhe suduk jiwa
samôngsa sampun nalarakên ing awone tindakipun sang prabu. Kasaru dhatêngipun
kyai patih saking ing wana lajêng anjujug ing kadhaton, badhe lapur sarèhing
dinuta, amêningi otêring pura yèn sang prabu seda kacidra ing sang putri. Kyai
patih gita lajêng malêbêt ing kamar pinanggih sang putri taksih wontên ing
tilam, nanging patrêmipun katingal sampun kawrangkakakên sumèlèh wontên ing
ulon-ulon, sang prabu kuthah ludira wontên ing pasarean, kyai patih alon
pitakèn dhatêng sang putri, têmbungipun: kadospundi dene putri adi têrahing
pandhita têka nindakakên pandamêl rajapati ingkang angêrês-êrêsi [angêrê...]
--- 19 ---
[...s-êrêsi] makatên.
Sang putri lajêng anggancarakên lêlampahanipun wiwit pêpacangan kalihan Sang
Pangeran Warihkusuma saking karsanipun ingkang eyang sang wiku sarta sampun
aprasêtyan kalihan upata sinêksèn ing dewa ingkang linuwih, wusana rinisak
dening sang prabu kanthi ambêking rasêksa agoragodha nyimpang saking kautaman
ngagêm tindak nistha mêksa tiyang lumuh, lan malih tega dhatêng sirnaning
sadhèrèk, makatên pangandikanipun sang putri urut rèntès botên wontên ingkang
kalangkungan, tètèh titih tatag adamêl eraming galihipun kyai patih,
sasampunipun makatên: sang ayu pamitan lajêng badhe suduk sarira bela dhatêng
Sang Pangeran Warihkusuma ingkang sampun kasedanan.
Kyai patih lêgêg ing
galih midhangêtakên gancaring cariyosipun sang putri, lajêng ngandika: sang ayu
sampeyan sampun bela dhatêng sang pangeran, awit sang pangeran botên siyos kula
sedani, kula aturi kesah ing sapurug-purug. Dèrèng dumugi pangandikanipun kyai
patih, sang putri anjrit karuna sarta lajêng badhe madosi sapurugipun sang
pangeran, kyai patih mambêng, kasêrêpakên karsanipun ingkang winadi.
Kyai patih sarêmbag
kalihan para nayaka yèn karaton ing
--- 20 ---
Tuban ing mangke
kagantung wontên tanganipun kyai patih, angêntosi rawuhipun Sang Pangeran
Warihkusuma, kyai patih lajêng amatah upakartining layon, sarta amatah
wadyabala ingkang madosi sang pangeran, punapa dene nindakakên prakawis
kridhaning praja, sang ayu dipun aturi têtêp têngga pura tuwin angluwari Kyai
Umbulmudal dalah anak bojo lan kulawarganipun ingkang kinêbon kadalêmakên,
sampun kalampahan sadaya.
Utusanipun kyai patih
ingkang madosi Sang Pangeran Warihkusuma botên kalilan mantuk bilih dèrèng
pinanggih sang pangeran, ananging karsanipun ing dewa ingkang linuwih sawêg
kadamêl lêlampahan, pangupadosipun wadyabala wau sanadyan sinêbar mêksa botên
sagêd pinanggih, amargi sang pangeran sampun lêpas lampahipun.
Gêntos kacariyos sang
putri dados anggarbini, sarêng sampun dumugi mangsanipun ambabar miyos kakung,
kasaosan nama dhatêng kyai patih: Radèn Udakawimba, kalawun-lawun agêngipun.
Kyai Patih Toyamarta
wontên asrêpe galihipun sakêdhik, sarêng sang putri kagungan putra miyos
kakung, ciptaning galih:
--- 21 ---
bilih utusanipun
ingkang ngupadosi Sang Pangeran Warihkusuma sampun tita botên sagêd pinanggih,
Radèn Udakawimba ingkang badhe kaangkat anggêntosi ingkang rama Sang Prabu
Warsakusuma, sêdhêng Radèn Udakawimba sampun diwasa.
Gêntos kacariyos
malih Sang Pangèn[2] Warihkusuma lampahipun ngidul ngilèn
kados kinoncanging dewa ngantos dumugi ing nagari Banyubiru, ingkang jumênêng
ratu ajêjuluk Sang Prabu Hèrtambang, misuwur prawira ing yuda, kathah
têtêlukanipun ratu sami ngidhêp dhatêng nagari Banyubiru, sang prabu nêngênakên
para brahmana kinèn nganggit-anggit babading karaton, kadhawahan anglugokakên
lêlampahaning para lêluhuripun, awon sae kalêbêtna sadaya, dalasan cacadipun
sang prabu piyambak inggih ugi kadhawahan anglêbêtakên, panggalihipun sang
prabu: babad ingkang mawi rinêngga ing pêpaès badhe luntur dening dêrêsipun
wasitaning sêrat ingkang sagêd ambikak wèwadining pulas ingkang sinamun,
têmahan malicat katingal nyatanipun, ambalêntong dados andhêng-andhênging
sarira, punika ingkang dipun kalumuhi sang prabu, panggalihipun sang nata:
cariyos lugu punika kados sêmining kêkajêngan, katingal angrêsêpakên manah,
nanging cariyos ingkang mawi sêsunggingan punika kados angganing [angga...]
--- 22 ---
[...ning] pang
ingkang katêrês, alumipun katingal anyênyêngit.
Sang pangeran sampun
pikantuk sêrêp bab lêlabuhanipun sang prabu cocog lan panggalihipun, karsanipun
sang pangeran badhe suwita lajêng malêbêt ing alun-alun pepe wontên sakidulipun
waringin kêmbar, sang nata pinuju miyos sinewaka wontên ing siti bêntar, awas
tumingal yèn wontên tiyang sowan pepe, lajêng kadhawuhan nimbali, sang pangeran
kèrid ing lampahipun, mabukuh lênggah wontên ngarsanipun sang prabu, trêpsila
tajêm ing paningal, sêmunipun mêngku kasujanan, sang nata eram salêbêting galih
ningali manising pamulu bagus jêtmika, narka yèn trahing kusuma, lajêng
kadangu:
Bagea: sira kang lagi
têka.
Kawula nuwun: gusti,
ratu ingkang kuwasa ing dunya, mugi-mugi lulusa ing kawibawan paduka, nuwun:
ingkang abdi kapatêdhan pambage.
Sira sapa,
pinangkanira ing ngêndi, kang yoga marang sira: sapa.
Kawula nuwun, nama
kawula pun Warihkusuma, wijil kawula saking ing pratapan laladaning nagari Tuban,
biyung kawula sutaning pandhita.
Sang prabu nyathêt
salêbêting galih yèn sudarmanipun winadi,
--- 23 ---
mila botên
kalajêngakên pandangunipun ing bab wau punika, namung kadangu sêdyanipun,
pangandikanipun: sêdyanira pepe apa ana karêpira kang wigati, sarta kêna sira
pasthèkake yèn andadèkake dhanganing panggalih ingsun têtulung marang sira kang
ora andadèkake karibêdan ingsun.
Kawula nuwun: Gusti,
ratu kinawasa, ingkang abdi kamipurun anuwila gônda mênawi kangge ingkang abdi
nyuwun suwita wontên ing ngarsa paduka.
Apa kang sira
kêpengini dene sira duwe cipta suwita marang panjênênganingsun, ing kene
panggonane wong bususukbuk,[3] beda karo nagaranira ing Tuban, akèh
para sarjana kang nawurake kêkarangane tinulad para ratu, sanadyan ingsun iya
nulad ing Tuban.
Gusti, kaluhuran
dhawuh paduka, ananging ingkang abdi tuna ing budi sêpên kawruh, mila ngantos
kesah saking ing nagari Tuban, jalaran tinampik ing pasuwitan kawula,
kalampahana karaya-raya ingkang abdi ngantos dumugi ing ngarsa paduka ratu
bijaksana bèr budi asih ing apapa dhapur angungsi gêsang.
Sang prabu
miyarsakakên aturipun sang pangeran pirêna ing galih, lajêng jêngkar
angadhaton, sang pangeran kakarsakakên [kakarsakakê...]
--- 24 ---
[...n] andhèrèk.
Cinêndhak: pasuwitanipun sang pangeran: kanggêp, rintên dalu tansah wontên
ngarsanipun sang prabu sarta tansah adamêl pirênaning galih, kathah kêkaranganipun
sang nata ingkang karampingakên dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.
Salêbêting galihipun
sang prabu: kamokalakên yèn Radèn Warihkusuma dedea têdhaking kusuma, katitik
saking alusing bêbudènipun, wicaksana bèr budi bawa lêksana, mumpuni
kasagêdanipun ulah praja sarta ulah pêrang, punapa dene limpad ing têmbung
sampurna dhatêng wêwadining tulis, sarèhning wontên pêrlunipun ing atasing
sariranipun sang prabu kêdah nguningani aluraning lêluhuripun sang pangeran,
Radèn Warihkusuma kadangu: Warihkusuma, aja andadèkake kagèting atinira, ingsun
kêpengin sumurup wong akuwanira[4] kang yoga marang sira, awit nalika sira
ingsun dangu asal kamulanira: mung ngaturake kaki sarta biyungira bae.
Sang pangeran
sakalangkung kagèt ing galih midhangêtakên pangandikanipun sang prabu, ngantos
dangu kèndêl, ngangên-angên salêbêting galih, badhe matur kumbi: ajrih, badhe
matur prasaja: bokmênawi sagêd andadosakên jalaran botên sayogining
sariranipun, wusana pinanggih ing pambudi namung badhe matur
--- 25 ---
sawantahipun,
bokmênawi sagêd pikantuk piwêlasipun sang prabu, lajêng matur: gusti, ratu
ingkang misuwur ing jagad, ingkang abdi badhe ngêkêr wadi dhumatêng namanipun
bapa kawula ing salami-laminipun, ananging ing mangke wadi wau pêcah awit
saking pandamêl paduka ratu kêkasihing dewa, ingkang abdi botên sagêd kumbi,
awit pêjah gêsang kawula katêkêm wontên ing ngasta paduka, kawula nuwun: bapa
kawula punika dede tiyang pidakpadarakan, ratu agung binathara anyakrawati
ambaudhêndha, ajêjuluk Maha Prabu Sindupati ingkang anggrênggani kadhaton ing
Tuban, kawula punika anakipun jalêr ingkang sêpuh patutan saking endhang,
anuntên adhi kawula putra saking pramèswari ingkang ginadhang anggêntosi
kaprabon, sasugêngipun kangjêng rama kawula kaangkat dados pangeran agêng, adhi
kawula kaangkat dados pangeran adipati anom, kawula sampun narimah ingkang
dados pamintaning bapa, saha rukun anggèn kawula saduluran, tumuntên kangjêng
rama seda, yayi pangeran adipati anom, kawula jumênêngakên ratu anggêntosi
kangjêng rama, lêstantun botên wontên sangsayanipun, tumuntên kawula badhe
palakrama angestokakên kêkudanganing kaki. Lajêng kaaturakên uruting lêlampahanipun
sandening palakrama,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar