--- 41 ---
[...kang] rayi sang
pramèswari sampun pinanggih èngêt lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang raka
sarwi lara karuna pitakèn putranipun, gusti kawula botên sagêd kantun kalihan
putra tuwan pun Wayi, paduka sarêng kalêbêtna ing kuburipun, sang prabu kêrot
kancing botên sagêd ngandika, ingkang rayi kakondurakên dhatêng ing tênggan,
sang prabu lajêng sinewaka, Kyai Patih Lodaka sampun pitung dintên tugur
sakancanipun para bupati wontên ing sri manganti, sarêng mirêng ramenipun ing
pura lajêng malêbêt botên kalayan dipun timbali, sang prabu sampun pinanggih
lênggah sinewaka wontên ing dhampar, kyai patih lajêng sowan nyakêt, sang prabu
tansah gêrêng-gêrêng dèrèng sagêd ngandika, wadananipun katingal kados latu,
kyai patih botên andungkap ingkang dados puruging bêndu, jamakipun tiyang
kasripahan punika: susah, sang prabu punika botên, malah nawung duka.
Kyai patih bijaksana botên
mawi angêntosi dhawuhipun sang prabu bab upakarti sarta rêrêngganing layon,
sampun kadhawuhakên samapta rumiyin, sarta layonipun sang putri sampun lajêng
kabidhalakên dhatêng astana lêluhuripun sang prabu mawi pakurmatan agêng,
wêdalipun saking kadhaton botên kauningan ing sang nata, kagalih mênawi saya
adamêl rontaging galihipun [ga...]
--- 42 ---
[...lihipun] sang
prabu.
Sang nata
andhawuhakên parentah dhatêng kyai patih: kakang layone anakira apa wus sira
pikir.
Kawula nuwun sampun,
saha sampun kawula angkatakên.
Kakang: panggalih
ingsun ora bisa tumingal marang putranira jabang bayi, awit samôngsa ingsun
tumingal bisa andadèkake kagèting panggalih ingsun, èngêt marang kang wis
layon, awit saka iku bokmênawa bisa amêmugut karênan ananingsun ing dunya, iku
banjur sira labuha ing bangawan bae, emanên yuswaningsun yèn nganti ora widada
saka pangaluping jabang bayi iku. Dene kang luwih pêrlu: ingsun aja kongsi
tumingal manèh marang si Warihkusuma, saiki sira tundhungên lunga saka
laladaning naganingsun[10] ing Banyubiru, balia marang laladaning
nagarane dhewe ing Tuban, yèn ora ngestokake parentah ingsun, amêsthi ingsun
patèni kalawan pangewan-ewan, awit kang dadi jalaran patine putriningsun: saka
awake, dadi wis têtela yèn lungane si Warihkusuma saka ing nagarane mau pancèn
ala, gawe sangaring nagara kang diambah. Apa karsaningsun amêsthi kalakon padha
sanalika iki.
Kyai patih botên
amênggak karsanipun sang prabu, namung baka[11] [ba...]
--- 43 ---
[...ka] dhèrèk
kemawon, pamurihipun namung rumêksa ing kasugêngan, sarta karaharjaning praja
sampun ngantos gustinipun katuwuhan sêkêl awit saking prakawis punika. Kyai
patih mundur saking ngajêngan lajêng angruktèni pirantos badhe panglabuhing
jabang bayi, winot ing joli kajêng nagasari kinarawistha ing sêsêkaran awig
pakirtyanipun, sarta lajêng winot ing baita tembo mawi rinêngga ing gêgodhongan
pancasan enggal, aluming godhong katingal saking katêbihan amêmêlas, sampun
kalampahan jabang bayi kalabuh mawi pakurmatan lampah agêng. Kyai patih lajêng
kapanggih Sang Pangeran Warihkusuma, andhawuhakên karsanipun sang prabu, yèn
sang pangeran kadhawahan tundhung, botên kenging ngambah laladaning nagari
Banyubiru, amargi sang pangeran kagalih damêl sangaring praja sarta adamêl
jalaran sedanipun sang putri, sapintên rujiting galihipun sang pangeran, mêntas
kasedan garwa putranipun kalabuh, sariranipun katundhung, sang pangeran lingsêm
mulat sasamining tumitah, wanci lingsir dalu anis saking pura, lajêng ing
tindakipun malêbêt ing wanawasa pados margining pêjah.
Kocapa Kyai Buyut
Wulusan ing Sumbêrêja, padamêlanipun misaya ulam ing bênawi, nuju wontên ing
lèpèn kagèt [ka...]
--- 44 ---
[...gèt] sumêrêp
wontên kêndhaga kèli winot ing baita tembo mawi ombyong-ombyong gêgodhongan
sampun sami alum, lajêng dipun candhangi, sarêng kabikak isi bayi mawa teja,
kyai buyut eram salêbêting manah, narka yèn bayi punika putraning putri ingkang
lampah jina lajêng kalabuh ing bênawi nyirnakakên tilas, kyai buyut gadhah
osik, bayi iki bêcik dak pupune, tinimbang mati aluwung dadia bocah kêna
dikongkon, karodene manèh bokne bayèk wis ping têlu gone duwe anak pijêr mati
bae, bocah iki yèn bisa dadi lanjaran, bayi lajêng dipun bopong kabêkta mantuk,
dipun sukakakên semahipun, nyai buyut kagèt sumêrêp ingkang jalêr mantuk
ambopong bayi, mulung tanganipun nampèni bayi sarwi pitakèn: iki mau bayi
olèhmu ing ngêndi.
Olèhku candhang ing
bêngawan.
Ayake anake wong
dhêmênan dikèlèkake.
Mênawa, nanging dudu
sok wonga, katitik wadhahe apik, didokok ana ing gêndhaga.
Aku bungah bangêt
bapakne gêndhuk, kowèhi anak, tak opènane sing bêcik, mêngko tak gêbyur,
banyuku susu
--- 45 ---
isih mêtu, dadi
kêbênêran bangêt. Kojênêngake sapa: bapakne.
Tak jênêngake Rara
Sêndhang bae: bêcik, wong olèhku ana ing banyu.
Rara Sêndhang
ingupakara sarta sinêsêpan dhatêng Nyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja, dumlundung
kalis ing sêsakit, enggal agêng kados dinusan ing toya gege, agêngipun Rara
Sêndhang kalawun-lawun.
Gêntos kacariyos,
lampahipun wadyabala ing Banyubiru ingkang andhèrèkakên layonipun sang putri
dumugi ing astana layon kasèlèhakên, salêbêting krêndhasawa kêmirêng saking ing
jawi swara lamat-lamat, sarta kalêsêding layon katingal obah, senapatining
lampah enggal ambikak tutuping krêndhasawa, katingal sang putri wungu sarta
ngandika lirih, kangmas pangeran adipati ana ing ngêndi, senapatining lampah
nyana yèn sang putri waluya jati, lajêng matur: raka paduka taksih wontên ing
nagari, panjênêngan paduka punika sampun kaagêm-agêman busananing layon, amargi
seda konduran, sapunika sampun dumugi ing astana.
--- 46 ---
Aku gawanên bali,
nanging aja kolukari, cik bèn dilukari kangmas pangeran dhewe ana ing kadhaton.
Layon lajêng kabêkta
wangsul sarta mawi pratandhaning kabingahan, tambur slomprèt mungêl mawi
lêlagon gêndhing anganyut-anyut, gêdêring pawartos enggal dumugi ing nagari yèn
sang putri botên saèstu seda, ing mangke kabêkta wangsul kondur taksih wontên
salêbêting krêndhasawa bikakan.
Sang prabu saha sang
pramèswari sampun kaaturan uninga ing kasugênganipun ingkang putra sang putri,
kados punapa bingahing galihipun sang prabu, enggal têdhak mêthuk akalihan
ingkang rayi, saking kasêsanipun tindak dharat kemawon, titihan rata
kasusulakên katututakên wontên ing margi, sang prabu sarta sang pramèswari
lajêng nitih rata, antawis saonjotan layon katingal, rata kadhawuhan
ngrikatakên, botên sarèh karsanipun sang nata, dumugi pasanggrahan ing
Rancakarni: layon kèndêl, sang prabu sarta sang pramèswari rawuh gurawalan
lajêng ngangkat putra ingkang pindha layon, sang pramèswari anglukari ingkang
putra sarta lajêng ingagêman raja kaputrèn, ingkang putra tansah [ta...]
--- 47 ---
[...nsah] dipun arasi
ingkang ibu, sang putri matur: kakangmas adipati wontên pundi, saha anak kula
punapa gêsang. Ingkang rama nênggak waspa sarwi ngandika: bojonira mulih marang
Tuban, mêngko ingsun utusan nimbali, dene anakira ingsun labuh marang bêngawan.
Sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng kyai patih kinèn ngupadosi Radèn
Warihkusuma, bilih botên pinanggih ing margi lajêng kadhawuhan anglacak dhatêng
nagari Tuban, makatên ugi anglari gêndhaga ingkang kalabuh ing bênawi,
anggènipun dhawuh sang prabu dhatêng kyai patih, kalayan bisik-bisik,
karsanipun sang prabu sampun ngantos adamêl kagèt utawi rontaging galihipun
ingkang putra sang putri, prakawis wau kêdah kawados, sampun ngantos sang putri
anguningani yèn ingkang raka sang pangeran kesahipun kadhawahan tundhung. Sang
prabu saha garwa putra lajêng bidhal kondur angadhaton, pulih rêntênging
galihipun sang prabu, kantun angêntosi dhatêngipun sang pangeran sarta
kapanggihing gêndhaga bilih bayi taksih sugêng.
Utusanipun sang prabu
ingkang nglari sang pangeran, botên angsal lacak, ngantos dipun susul dumugi
nagari Tuban, [Tu...]
--- 48 ---
[...ban,] malah
wadyabala ing Tuban ingkang ngupadosi sang pangeran: dèrèng wontên mantuk, mila
utusan wau lajêng nulak wangsul ngupadosi dhatêng ing wana malih, makatên ugi
utusan ingkang nglari gêndhaga turut bênawi ngantos dumugi sungapaning sagantên
mêksa botên sagêd angsal lacak, para utusan wau sarêng sampun tita pangupadosipun
lajêng sami wangsul dhatêng nagari sarta lajêng angunujuki uninga ing sang
prabu. Sang nata botên andugi bab cabaring utusan, bokmênawi karsaning dewa
ingkang putra kadamêl lêlampahan, sang prabu mupus salêbêting galih narimah
punapa purbanipun Sang Hyang Wisesa, sang prabu sadintên-dintên tansah angimur
tikbraning galihipun ingkang putra sang putri.
Gêntos kacariyos sang
pangeran wontên salêbêting wana tanpa kanthi, ingkang kadhahar namung wowohan
sarta gêgodhongan nèm ing wana, sangêt anggènipun kasarakat, ciptaning galih
namung badhe anganyut tuwuh tansah nêtah sarira anggènipun katula-tula, badhe
garwa pêpacangan karêbat ingkang rayi sang prabu, angsal panglipur sagêd krama
putrining ratu, ayu pinunjul ing jagad, dèrèng ngantos dumugi sawêg sataun
tinilar seda. Galihipun [Galihipu...]
--- 49 ---
[...n] sang pangeran
kados rinujit anglês tanpa karkat sèndhèn ing uwit bêndha dhoyong ingkang
pinulêt ing mandira goraya, samirana midit ambêkta gandaning sêkar saya adamêl
rêncêming galih, swaraning pêksi rame kados pencokan badhe mapan tilêm tambah
adamêl kuwur, pêpêtêng wiwit andhatêngi kados badhe angêlêm jagad, punika
ingkang amisesa têlasing galihipun sang pangeran, andhêkukul angrangkul jêngku
waspa adrês kados turasan, salêbêtipun wontên ngandhap bêndha tansah mêrêm
mêlik botên sagêd sare kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, wanci sidhên[12] kayon lintang sumêbar ing langit,
purnama mungup sapucaking aldaka sumorot kados wadananipun ingkang rayi,
cumêngèring kidang alihan tilêm kados panguwuh angaturi kondur dhatêng ing
nagari Tuban, sang pangeran tumratab ing galih, acipta ingkang rayi Dèwi Wrêsti
kados sumandhing lênggah, guragapan tinolih botên wontên, namung katingal
soroting rêmbulan ingkang ambêdhah lêlongkangan sêlaning godhong kumênyar amawa
praba, sang pangeran saya putêk ing galih. Salêbêtipun sare rêm-rêm ayam,
wontên swara kêmirêng, têmbungipun: Pangeran kang
--- 50 ---
kawêlasasih kados
ijêngandika, pantês nampèni panglipur. Pangeran: sampeyan sumêrêpa yèn rayi
sampeyan sang putri: sugêng, sarta tansah ngajêng-ajêng rawuh sampeyan ing
nagari Tuban, amargi sapêngkêr sampeyan lolos: sang prabu seda. Sang pangeran
kagèt lajêng wungu, èngêt wêwentehan swara ingkang kamirêng, ananging pinaibên
ing dalêm batos. Sampun anggagat bangun enjing bun pating talêthog angêbêsi
sarira, mêdal saking ing wana sumêdya dhatêng padhusunan pados pitakenan ing
bab kawontênanipun nagari Tuban, punapa wontên èmpêripun kalihan swara ingkang
kêmirêng, wontên ing margi kêpêthuk tiyang ingkang badhe dhatêng pêkên, anglur
sami anggêgendhong. Bok ayu: sang prabu apa sugêng. Winangsulan, niku takèn
têka anyêrwètèh, sedane sang prabu êmpun kawak kuwi dika tekokake. Sang
pangeran ragi sakeca ing galih dene anètèsi swara ingkang kacêtha, lajêng
tindakipun sêdya kondur dhatêng nagari, nanging karsanipun botên mêdal ing
ngajêngan, mêdal ing pungkuran, panggalihipun: sapisan dèrèng tartamtu
sedanipun ingkang rayi sang prabu, kaping kalih bokmênawi [bo...]
--- 51 ---
[...kmênawi]
nuwuhakên prakawis ingkang kirang prayogi.
Kacariyos Sang Rêtna
Wrêsti, sampun lami ing panganti rawuhipun ingkang raka Sang Pangeran
Warihkusuma, tansah gêlik-gêlik wontên ing kadhaton, raosing galih kados wontên
ing tarungku, sarta sampun botên kulina kalihan ingkang putra Radèn Udakawimba,
amargi wiwit miyos lajêng winimbasara dhatêng kyai patih pinisah ngantos agêng.
Ciptaning galihipun sang putri sampun botên kraos wontên ing kadhaton, badhe
wangsul angendhang-endhang wontên ing Mudal, nanging kapambêngan dening
parentahipun kyai patih ingkang misesani karaton, botên anglilani tindakipun
sang putri, awit sampun kaanggêp dados pramèswarinipun Sang Prabu Warsakusuma
ingkang sampun seda, sang putri karsa angenggar-enggar galih amêng-amêng
dhatêng pasanggrahan sajawining nagari, lasar sabên-sabên sang putri ing ngriku
pacangkramanipun, ngantos nyare kalih utawi tigang dalu: sawêg kondur. Ing
wanci sontên sang putri lênggah wontên talundhaging yasakambang kaadhêp ing
para cèthi parêkan, dhasar talundhaking yasakambang munggul saking margi,
tumingal wontên satriya lumampah turut [tu...]
--- 52 ---
[...rut] lalelayaning[13] udyana, tumratab ing galih èsmu
sumêdhot kados tindakipun ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, dangu dipun
awasakên kumêdhèp têsmak, wusana têtela yèn ingkang lumampah: ingkang dados
pangajapanipun ing tawang, enggal dipun palajêngi agurawalan, lajêng dipun
rangkul sarwi lara karuna sambat amêlas asih: nyawa ingkang kula êntosi mèh
dumugi ing pêjah sawêg katingal sapunika. Sang pangeran kagèt ing galih dipun
palajêngi sarta lajêng dipun rangkul ing putri ayu, ananging inggih lajêng
sumêrêp yèn putri punika ingkang dados têlênging galih: ingkang rayi Dèwi
Wrêsti, mila enggal gêntos rinangkul sarta dipun arasi sarwi muwun, dangu sami
tangis-tinangisan, sang putri lajêng pinondhong dhatêng ing yasakambang: botên
suwala, ananging sarêng badhe kasarèkakên sangêt ing panyêngkahipun, sang
pangeran eram salêbêting galih, ngèndêli karsanipun amurwarêsmi: sarwi ngandika
linuding pangêla-êla: yayi kang nawang kumala sarta kang bisa nyambung dawaning
umurku, apa kang dadi darunane anampik sihe pun kakang salawase ora bisa
ilang-ilang, ature sang putri: kakangmas: namung kandhêga samantên [samantê...]
--- 53 ---
[...n] kemawon, kula
tuhu ing jangji yèn sampeyan dados guru laki kula ngantos dumugi ing jaman
kalanggêngan, nanging kenging ugi yèn kula nama cidra ing janji, amargi
sariraning sêkar ingkang taksih kudhup rinodapaksa kinisêp dening kruraning
bêrmara. Lajêng kacariyosakên lêlampahanipun miwiti malah amêkasi, dados ing
mangke kula namung anyênyadhang sihing guru laki kula ingkang kados sarira
sampeyan ngapuntên ing dosa kula agêng sèdhèng ing laki, namung kula têbusi
wahdat ing salami-laminipun, sarta anyirnakna dosa kula anglampahi rajapati.
Sang pangeran trênyuh ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi, lajêng
ngandika: yayi, dosamu iku ora ngapaa, awit anglabuhi tuhuning prasêtya, malah
iku kang aran utama, ora kagiwang nampani rahsaning liyan, jamaking wanodya
kang durung tau-tau amêsthi korup marang sajatining rahsa mau, mulane bangêt
pangapuraku marang kowe, awit kowe ora luput, sanadyan ananing pêpati kowe iya
nora nêmu dosa, awit pamrajaya iku pamalêsing patrap rodaparipêksa, mulane
biratên tikbraning atimu, aku kang tanggung tumêkane
--- 54 ---
pangayunaning
Pangeran, amêsthi ora nêmu siksa. Mangkono manèh yayi mungguh ing aku iya kêna
ingaranan ora nêtêpi janji, amarga aku iya wis palakrama sarta asêsuta wadon.
Lajêng dipun andharakên lêlampahanipun turut botên wontên ingkang kalangkungan,
sang rêtna anggènipun mindhangêtakên ngantos angrêntahakên waspa botên karaos,
satamating cariyos: sang putri katingal tutut, lajêng sami kèndêl ing
yasakambang.
Ing wanci enjing sang
pangeran lênggah kalihan ingkang rayi wontên ing paningrat, kaadhêp ing cèthi
parêkan, sang pangeran mundhut papan rontal kasêrat ing kênaka, lajêng
kadhawuhan maringakên dhatêng kyai patih.
Kacariyos utusanipun
kyai patih anggènipun anglari tindakipun Sang Pangeran Warihkusuma anjajah
dhusun milangkori: ngantos pintên-pintên taun, sarèhning sampun tita botên
sagêd pinanggih lajêng sami wangsul mantuk dhatêng nagari anjujug ing
kapatihan, kyai patih sawêg lênggah ing panêpèn kalihan ingkang putra Radèn
Udakawimba, sang bagus sawêg winulang patrapipun nyêrat sastra jêjêg, [jê...]
--- 55 ---
[...jêg,] utusan
enggal sinapa, lajêng matur sami ngaturakên tiwas ing lampahipun, sarta sami
anggadhahi pangintên yèn pangeran kados lajêng anganyut tuwuh, awit sawarnining
panggenan dalah ingkang sungil-sungil sampun kaosak-asik mêksa botên sagêd
pinanggih, kyai patih midhangêtakên aturing utusan lêgêg ing galih, botên sagêd
andugi puruging tindakipun pangeran, kasaru dhatêngipun utusan saking sang
putri ambêkta papan rontal, enggal katampèn sarta lajêng kawaos, suraosing
sêrat saking Sang Pangeran Warihkusuma ngaturi uninga ing rawuhipun sang
pangeran, sarta kyai patih kaaturan rawuh ing pasanggrahan. Kyai patih kagèt
ing galih, bingah amarwata suta kados manggih sêsotya ingkang dhumawah saking
ing langit, enggal tindakipun dhatêng ing taman anganthi ingkang putra Radèn
Udakawimba, rawuhipun ing taman kapêthukakên sang pangeran sarta lajêng gapyuk
arêrangkulan sami angrêntahakên waspa. Kyai patih matur: kangjêng pangeran,
ingkang alus ing budi, ingkang ngagungakên paramarta, ingkang sagêd angecani
manahipun têtiyang alit, ingkang wicaksana bèr budi, ing mangke
Tidak ada komentar:
Posting Komentar