Call Our Toll-Free Number: 123-444-5555
  • Jagad Pewayangan

    Tan samar pamoring Sukma, sinukmanya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusiping rasa jati..Ooo..
    Suluk.

    See All Features
  • Pitutur Jawa

    Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
    Sekar Macapat-Pupuh Gambuh-Serat Wulangreh.

    See All Features
Tampilkan postingan dengan label BUDAYA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BUDAYA. Tampilkan semua postingan

11 Jan 2015

DOLANAN DHAKON

Dhakon



Dhakon utawa congklak, kuwi dolanan sing nganggo piranti kayu, isa uga saka tèmbaga, plastik kang luwih sèdhèrhana digambar ing lemah. Ing kono isa dilègoki pitu, sanga, utawa séwèlas lègokan, lan digawé rong larik, tèrus ing pucuk kiwa tèngèn ana lègokan gèkdhé (lumbung) loro. Sak liyané kuwi, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahe 7, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, 9 legokan 9x9x2=162, yen 11 legokan 11x11x2=242.

Étimologi
Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku antuk panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni yèn barang kuwi duwéké dèkné. Dadi ing dolanan dhakon iku ancasé kanggo ngakoni yén barang iku duwèké dhéwé. Tumrap masyarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing tahun 1970-an, dhakon pancen wis ora asing. Dhakon kayu awujud ukiran akeh ditemokake ing kraton. Pancen, dolanan dakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mligine ing lingkungan kraton. Eman, dene bocah-bocah saiki wis akeh sing ora tepung lan kulina dolanan dakon.

Jeneng ing panggonan liya
Ing Malaysia dolanan iki luwih dikenal kanthi jeneng congkak lan istilah iki uga dikenal ing sawetara dhaérah ing Sumatra kanthi kabudayan Melayu. Saliyané iku ing Lampung dolanan iki luwih dikenal kanthi jenneng dentuman lamban déné ing Sulawesi luwih dikenal kanthi jeneng Mokaotan, Maggaleceng, Aggalacang dan Nogarata. Jeoning basa Inggris, dolanan iki disebut Mancala.

Tata Cara dolanan
  • Legokan cilik diisi kecik cacahé padha karo cacahé lègokan
  • Giliran sing mlaku dhisik diundhi nganggo pingsut
  • Carané mlaku, sing oléh giliran milih salah siji lègokan sisih ngarèpé, kècik sing ning kono dijupuk, tèrus ditibakké siji-siji ning lègokan wiwit sisih tèngèné. Satèrusé lègokan tèngèn diisi, ugo lumbung sisih tèngèn. Yén kèciké isih turah, ditèruské mutèr ning lègokan musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lumbung, giliran ditèruské musuhé.
  • Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lègokan sing kosong, giliran mandheg, ganti musuhe.
  • Yén kecik pungkasan tiba ing legokan sabrange ono isine, kabeh dipindhah ning lumbunge dhewe.
 http://jv.wikipedia.org/wiki/Dhakon

Cublak-cublak Suweng



Cublak-cublak Suweng

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Lirik :
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong

Dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.

Carané dolanan cublak-cublak suweng :

Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.

Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng

22 Des 2014

Jenis Jathilan ing Nuswantara

Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'. Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan). Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi.

Jenis-jenis Jathilan sing ana ing nuswantara iki yaiku:


Jaranan Thek Ponorogo



 


Jaranan Kediri, kediri


 


Jaranan sentherewe, Tulungagung


 


Jaranan Turonggo Yakso,Trenggalek




Jaranan Buto, banyuwangi

 













Jaranan Dor, Jombang


 


Jaran Sang Hyang, Bali 


 


Jathilan Dipenogoro, Yogya dan Jawa Tengah


 


Jathilan Hamengkubuwono, Yogya dan Jawa Tengah




















http://id.wikipedia.org/wiki/Kuda_lumping

http://jv.wikipedia.org/wiki/Jathilan

Kesenian Jathilan

Jathilan adalah kesenian jaran kepang yang berasal dari wilayah Jawa Tengah. Kesenian jathilan menyatukan gerakan tari dan unsur magis. Kesenian ini sering pula disebut dengan jaran dor di beberapa kota lainnya di luar Jawa Tengah. Jathilan merupakan kesenian yang menyatukan antara untur gerakan tari dengan magis. Kesenian yang juga sering disebut dengan nama jaran kepang atau jaran dor ini dapat dijumpai di desa-desa di Jawa, tak hanya di Jogja. Kesenian ini memang berkembang pesat di Yogyakarta dan sekitarnya seperti Magelang, Klaten dan Kulonprogo. Sama seperti jaran kepang dari wilayah Jawa Timur, jaran kepang ini dibuat dengan menggunakan anyaman bambu yang dibentuk menyerupai kuda. Pertunjukan ini dilakukan siang atau sore hari oleh sekelompok seniman yang terdiri oleh penari dan penggamel (pemusik). 

Pada awal perkembangannya, satu kelompok penari jathilan terdiri dari dua macam, yakni penari kuda dan pria yang menggunakan cemeti. Namun seni jathilan yang dimainkan pada hari ini apalagi yang digunakan sebagai pertunjukan resmi telah mengadopsi berbagai perubahan yang mendasar, utamanya dalam hal kostum, jumlah penari maupun detil gerakannya. Jalan cerita dalam seni jathilan merefleksikan berbagai macam problem dalam hubungan antara masyarakat kelas atas dan kaum pekerja. Kelas pekerja diwakili oleh penari kuda yang digambarkan tanpa aturan, tak berhenti bergerak. Gerakan itu antara lain pacak golu (kepala bergerak ke kiri dan kanan), siring (bergeser ke semping dengan setengah berlari, njondil (melompat), berguling bahkan hingga sampai kerasukan. Di sekitarnya, pria dengan cemeti mengawasi segala tindakan para kuda yang digambarkan sebagai tokoh yang sedikit jumlahnya, tidak urakan dan memiliki otoritas. Kesan ini dimunculkan dari tata rias dan busana yang digunakan yang didominasi warna merah dan hitam. Mereka terus berputar diantara para kuda dan sesekali melecutkan cemeti untuk memperingatkan para kuda.
Pagelaran tari jathilan dimulai dengan tari-tarian. Para penari akan kerasukan roh halus sehingga hampir tidak sadar dengan apa yang mereka lakukan. Di saat para penari bergerak mengikuti irama musik dari jenis alat musik jenis alat gamelan seperti saron, kendang, dan gong ini, terdapat pemain lain yang mengawasi dengan memegang pecut atau cemeti. Pada zaman dahulu, jathilan merupakan sebuah tarian ritual untuk memanggil roh kuda dan meminta keamanan desa serta keberhasilan panen. Dalam filosofi Jawa, kuda melambangkan kekuatan, kepatuhan dan sikap pelayanan dari kelas pekerja. Inilah yang menginspirasi seluruh pertunjukan jathilan yang menempatkan penari kuda-kudaan sebagai pusat perhatian. Penari ini seringkali melakukan atraksi-atraksi berbahaya yang tidak boleh ditiru, yakni memakan benda-benda tajam seperti silet, pecahan kaca atau lampu seperti tanpa merasakan kesakitan. Bahkan ketika mereka dicemeti atau dicambuk pun tidak merasakan sakit dan tidak terlihat memar atau tergores seperti pada umumnya orang yang dicambuk langsung pada kulit yang terbuka.
Sebagai tanda bahwa kesenian ini berasal dan berkembang dari masyarakat kelas bawah adalah adanya kesan minimal dalam kelompok musik pengiringnya. Jika diperhatikan dengan teliti, bunyi yang dihasilkan terasa datar dan monoton. Memang ini bukan tanpa maksud, namun ingin melambangkan keseharian kaum pekerja kelas bawah yang penuh dengan rutinitas. Selain itu juga untuk meningkatkan kesan magis yang kental. Pada akhir pertunjukan, alunan gamelan akan kembali pada tempo semula yang kemudian pria bercemeti memainkan fungsinya sebagai penyembuh. Para penari kuda yang kesurupan akan didekap, dibacakan mantra dan disembur dengan air. Si penari kemudian sadar kembali seolah tidak tahu kegilaan apa yang mereka lakukan sebelumnya
 http://desasidomulyocandimulyo.blogspot.com/2013/01/seni-budaya-jathilan.html

8 Des 2014

Jenising Gamelan



Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia . Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa.  Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
1.      Miturut larasé :

a                     Gamelan laras sléndro
b                    Gamelan laras pélog, béda karo gamelan laras Slendralaras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7
c                     Gamelan laras prawa (Pasisir)

2.      Miturut tlatah sumebaré
Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.
a             Gamelan Jawa
Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musik Jawa liyané. Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké. Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lan slow, beda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling. Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang beda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa.

Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama.Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.
Gamelan biyasané dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tarian. Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

Saperangkat gamelan diisi karo akéh alat musik. Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pring, logam, lan kayu. Saben alat musik duweni fungsi dhewe-dhewe ing pagelaran musik.Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing.

b        Gamelan Banyuwangen

c         Gamelan Banyumasan

d        Gamelan Sundha

e         Gamelan Crebonan

f          Gamelan Bali

g         Gamelan Malaysia

http://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan

jawa

jawa

About

Menapa panjenengan remen kaliyan blog menika?

Contact Details