TRISNA DWI SETIANINGSIH
TELAAH PRANATA MASYARAKAT JAWA
1. Telaah
Pranata Keluarga
Unen-unen
“Mangan Ora Mangan sing Penting Kumpul”
dadi
Tradhisining Kaluwarga
Mangan
ora manggan sing penting kumpul, unen-unen sing banget dirasakake dening
kaluwargaku. Saben dina mesthi kudu ana wektu kanggo kumpul bareng sakaluwarga.
Ya namung crita-crita bae ning ruang kaluwarga. Biasane nalika bengi bubar
ngaji, watara tabuh 9 bengi nganti jam 10an mesthi bae kudu kumpul dhisik.
Acara kumpul iki kaleksanan saben dina. Yen pas ora ana jadwal ngaji, yaiku
dina setu lan minggu, biasane kumpul kaluwarga bisa luwih suwe, jam 8 bengi wae
kabeh padha kumpul. Biasane yen dina setu lan minggu bengi bulik lan
putra-putrane uga melu kumpul, dhasare omahe cedhak karo omahku.
Kabeh
sekeluwarga bisa kumpul amerga yen ana sing crita marang salah sijining
kaluwarga, tuladhane nalika iku aku lagi crita-crita marang ibu. Banjur kang
mas lan adhi-adhiku banjur melu-melu marani lan ngrungokake critaku. Bapak uga
melu-melu kumpul. Mesthi bae ana rasa kurang yen ora melu kumpul kaluwarga iku.
Acara
kumpul bareng iku minangka sarana kanggo putra-putra supaya bisa cedhak karo
kaluwarga, bisa rerembugan babagan masalah apa bae, lan bisa cerita-cerita
kedadeyan sing diweruhi utawa dilakoni. Biasane padha gantian anggone
nyritakake kabar utawa kedadeyan sing lucu-lucu utawa kedadeyan liyane sing
kira-kira bisa kanggo crita. Ing wektu iku sakliyane kanggo crita, kadang kala
padha ngrembug tugas-tugas utawa PR sing durung rampung digarap. Biasane adik
sing njaluk warah marang ibu. Nanging kabeh padha ngrewangi uga menehi saran.
Kumpul
kaluwarga iki wis dadi kegiatan saben dina ing kaluwargaku. Wis dadi tradhisi
khusus kanggo kaluwarga. Yen pas ning ngomah kok ora melu kumpul iku rasane
gela banget.
2. Telaah
Pranata Agama
Tradhisi Qosidahan ing Dhusun Plikon
Desa Trasan, Kecamatan Bandongan, Kabupaten Magelang
Tradhisi
Qosidahan minangka sawijining tradhisi sing wis aran banget anane. Ing desaku,
tradhisi iki namung katindakake dening siji dhusun, yaiku Dhusun Plikon.
Sakliyane ing dhusun Plikon ora ana maneh sing nduweni grup Qosidahan. Menawa
ana kagiyatan dhesa utawa kagiyatan dhusun, RT, utawa kaluwarga iku ana sing
nduweni hajatan, biyasane grup Qosidahan iki diutus ngisi adicara. Ananging
biyasane grup Qosidahan iki diundang ing adicara pengajian, bisa pengajian sing
dianakake ing desa, dhusun, RT, utawa kaluwarga.
Tradhisi
Qosidahan utawa Rebana iku tansah kaleksanan ing Dhusun Plikon, dhusun tangga
nanging isih sak desa. Dhusun Plikon ikiwis nduweni grup Qosidahan dhewe, uga
ana sragame barang. Saben ana pengetan ing acara desa biyasane grup iki tampil.
Ananging grup qosidahan iki kabentuk tujuwane kanggo ngiringi nalika pengajian.
Warga
masyarakat ing dhusun iku tansah kerep latian Qosidahan. Saben-saben ana acara
pengajian dhusun, yaiku saben malem Rebo Pahing mesthi dianakake pengajian
gedhen. Mesthi bae ngundang Pak Kyai saka liya desa. Saben acara pengajian,
mesthi bae ana Qosidahan sing ana ing dhusun iku. Kagiyatan iki pancen wis dadi
tradhisi ing dhusun Plikon. Yen arep ana pengajian gedhen, kudu ana grup
Qosidahan, ngundang kyai sala liya desa, lan kudu ana panganane.
Senadyan
Qosidahan iku ora ana tuntunane ing Al-Qur’an utawa Al-Hadis, ananging tetep
bae dianakake Qosidahan. Warga masyarakat nganakake Qosidahan iku kanggo njaga
tradhisine Wali Sanga. Jaman biyen Wali Sanga anggone nyebarake agama Islam
nggunakake metode Qosidahan iki. Saengga saben ana acara pengajian gedhe mesthi
bae ana Qosidahan.
3. Telaah
Pranata Sosial
Kerja
Bakti Resik Kubur ing Dhusun Semaitan
Desa
Trasan, Kecamatan Bandongan, kabupaten Magelang
Dhusun
Semaitan iku mapan ing Desa Trasan, Kecamatan Bandongan, Kabupaten Magelang.
Dhusun iku yen ditonton saka kahanan masyarakate, katon yen ing dhusun iku ora
ana gegeran. Saben warga masyarakat bisa rukun, iku katon nalika ana acara
kerja bakti resik kubur. Kerja bakti resik kubur mesthi kaleksanan dening kabeh
warga masyarakat
Dhusun
Semaitan saben minggu ing awalan sasi. Ing dhusunku iku kabeh warga masyarakat
sing lanang mesthi kudu melu acara kerja bakti iki. Kerja bakti ing desaku iki
biasane diwiwiti tabuh 6 esuk. Kabeh warga masyarakat padha kumpul ing
pinggiran kuburan. Sawise padha kumpul kabeh padha dedonga bareng dipimpin
satunggaling sesepuh. Sawise iku banjur padha mlebu ing kuburan lan ngresiki
kuburan. Kabeh godhong-godhong lan kabeh larahan diresiki kabeh, dilumpukake
dadi siji. Sawise godhong-godhong lan larahan garing dikumpulke, banjur diobong
ing pinggiran kuburan.
Sawise
padha resik-resik biyasane banjur ana suguhan panganan saka dhusun. Kabeh
banjur padha leren, padha ngunjuk lan dhahar panganan sing wis cumawis. Nalika
iku, mesthi bae padha crita-crita. Iki bisa nuwuhake kerukunan antar warga
masyarakat.
Acara resik kubur iki wis dadi tradhisi saben
sasi ing Dhusun Semaitan. Kabeh warga masyarakat padha melu kerja. Ora cilik
ora gedhe, ora tua ora enom, kabeh sing ngrumangsani yen dheweke isih kuwat
anggone kerja bakti padha melu kabeh. Kajaba wong sing temenanan ora bisa,
amarga ana kagiyatan liya sing luwih penting, biyasane dheweke banjur lapor
marang kepala RT utawa kepala dhusun lan biyasane melu nguruni jajanan kanggo
wong sing mangkat kerja bakti. Kagiyatan iki bisa nuwuhake raketing warga sak
dhusun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar