Lothek Kantin
dening
Trisna Dwi Setianingsih
Ing
Desa Babaksari ana wong sing jenenge Bu Supar. Bu Supar nduweni garwa polisi.
Kaluwargane Bu Supar iku uripe mapan, sugih bandhane, dhuwite akeh. Omahe ana
ing perumahan paling elit ing kutha Semarang. Wong sing saben dinane urip sarwa
kecukupan iku nduweni anak sing ayu rupane, jenenge Yusni. Wiwit cilik Yusni
tansah kecukupan, apa-apa ditukokake. Kabeh gegayuhane dituruti.
Nalikane
Yusni wis mundhak gedhe, umure wetara 13 taun, wis sekolah SMP kelas loro. Kahanan uripe wis beda 180 derajat. Bapakne
Yusni kena penyakit kanker. Saben wulan kudu menyang rumah sakit kanggo kemo
terapi. Ragade kabeh dinggo ngobati penyakit iku. Ananging penyakite bapakne
malah tambah parah. Wis operasi barang nanging durung ilang penyakite. Wusanane
bapakne tilar donya nalika Yusni ana ing bangku SMA. Kaluwargane Bu Supar wektu
iku nelangsa banget. Omahe wis didol kanggo ragad rumah sakit. Kabeh bandhane
entek resik.
Mbiyen
nalika bapakne Yusni isih ana, dheweke uripe sarwa kecukupan, kabeh keturutan.
Nanging saiki bapakne wis tilar donya. Saiki Yusni namung urip dhewekan karo Ibune ing omah
cilik pinggir kutha. Kahanan iki dirasakake banget karo Yusni. Nganti dheweke
mandheg sekolah amerga durung bisa nrima kahanan. Sawise Yusni entuk kanca
anyar jenenge Anya, dheweke mulai bisa nata kahanan atine. Anya iki wong sing
ora nduwe ananging gelem usaha supaya bisa kecukupan. Wusanane Yusni gelem
sekolah maneh sak sekolahan karo Anya.
Senajan
kahanan uripe sarwa kekurangan. Ananging kaluwargane Bu Supar tetep ora
nggresula, dheweke tetep nekuni usahane. Dodolan lothek ana ing
kampung-kampung. Yusni uga melu ngrewangi dodolan lothek. Lotheke dititipake ing
kantin sekolahane. Nalika budhal sekolah, dheweke nggawa sak kresek, banjur
diwenehake Bu Isti, wong sing dodolan ing kantin sekolahane.
“Bu,
kula samenika badhe budhal sekolah. Pundi lothek sing badhe dititipaken wonten
kantin?” pitakone Yusni marang Ibune.
“Oo
iya ndhuk, iki ana 30 bungkus ya. Mengko matur marang Bu Isti dhuwit lothek
sing wingi ya ndhuk.” Wangsulane Bu Supar sinambi menehake bungkusan lothek sak
kresek.
“Asalamualaikum, Yusni ayo budhal”, mangkono celuke Anya saka
teras omah.
“Bu
kula budhal nggih, menika Anya sampun ngampiri”, kandhane marang ibune.
Yusni
banjur budhal sekolah bareng Anya sawise pamitan marang Ibune. Sekolahane Yusni
ana ing kutha, kanca-kancane uga akeh sing sugih, kabeh padha wis nggawa motor
anggone budhal sekolah. Uga ana sing nggawa mobil barang. Yusni karo Anya ora
isin senajan namung ngangkot. Kanca-kancane akeh sing ngedohi bocah loro iku.
Kabeh padha ngece yen Yusni iku anake wong mlarat. Ananging ana bocah siji
jenenge Hardi, dheweke sok melu ngece ananging iku mung kanggo golek perhatian
marang Yusni. Hardi sejatine seneng karo Yusni wiwit mlebunan sekolah.
“Yus,
iki kresek apa? Wong cah sekolah kok gawanane kresek, kowe meh sekolah apa
dodol? Hahaha.. Saiki wong dodol ki nganggo sragam SMA kok ya..”, mangkono
ucape Hardi marang Yusni. Hardi iku anake wakil kepala sekolah ing SMA-ne.
Hardi iku kanca sekelas karo yusni.
Yusni
kadung lara ati, saben dina diruh-ruhi Hardi. Amarga wis ngrasa judheg, Yusni
banjur lunga ora nggagas eceane kancane kui. Kanggo dheweke, sekolah sambi
kerja iku isa kanggo nuwuhake bektine marang wong tuwane. Dheweke nangis ing
mburi kantin sekolahan, ora ngerti yen ing kana ana bocah lanang sing namatake
dheweke.
“Mbak,
kok nangis? Ana apa mbak?”, mangkono pitakone bocah lanang iku.
“A..a..
Aku ora ngapa-ngapa kok mas”, wangsulane Yusni karo nangis ngguguk.
Yusni
banjur dirangkul karo bocah lanang mau. Ananging mbuh ngapa dheweke nduweni
rasa percaya lan gelem dijak mlebu ing njero kantin.
“Jenengku
Candra, bocah kelas 3 saka kelas IPA. Wis ta aja nangis maneh, yen kowe
kepengin crita marang aku, ya ora napa. Aku bakal ngrungokake,” ucape Candra
sambi nyoba nentremake kahanan atine Yusni.
Yusni
banjur meneng, dheweke namatake Candra, priya sing apik atine iku. Mripate ana
sorot cahya katentreman, Yusni sanalika iku langsung krasa kepenak atine nalika
namatake Candra. Candra uga mulai krasa sengsem marang Yusni. Suwe anggone
ndeleng, sakloron kaget nalika Ibu kantin menehake es jeruk ing mejane.
“Den,
iki es jeruk sing di pesen. Wah mbak e ayu ya den, kenalake karo simbok ta den.
Simbok kok nembe weruh iki, bocah anyar po?” kandhane Mbok Yem, pembantune
Candra sing nyambi dodolan ning kantin sekolahan.
“Ah,
simbok iki lho. Mung kanca kok mbok.”wangsulane Candra.
Mbok
Yem ngguyu banjur mlebu dhapur saperlu njipuk soto pesenane Candra.
“Mas,
sampeyan iku sinten ta, kok di timbali raden?” Yusni nduweni rasa penasaran
sapa sejatine Candra iku, lan apa gegayutane karo wong iku.
“Aku
iki wong biasa kok. Dene iku simbokku, simbok sing saben dina ngresiki omahku.
Saiki simbok yen awan nyambi dodolan ing kantin iki. Dene esuk karo sore simbok
ngresiki omahku. Ayahku lan mamaku kan wonge sibuk, dadine ndhawuhi simbok
ngruwat omah,” mangkono wangsulane Candra.
Yusni
sing kawit mau namung mesam-mesem ngrungokake swarane Candra sing merdu iku.
Sinambi mangan soto, Yusni crita-crita kabeh masalah sing bisa ndadekake
dheweke nangis. Candra senajan anake wong sugih nanging dheweke apik budhine,
ora mbedakake kanca, ora isin kekancan karo wong mlarat. Lagi kepenak anggone
crita, ujug-ujug hapene Candra muni.
“Waduh
hapeku muni, sedhela ya mbak.” Candra banjur metu kantin, njawab telpon saka
kancane. Sawise rampung dheweke banjur mlebu nemoni Yusni.
“Mbak,
ngapura ya. Iki aku wis ditunggu kanca-kancaku arep latian band. Lha kawit mau
kok durung kenalan,” iku kandhane Candra sambi ngulungake tangane.
“Oo
iya mas, aku Yusni. Bocah kelas siji bahasa. Matur nuwun ya mas, sampeyan wis
ngrewangi aku,”omonge Yusni sinambi salaman karo Candra.
“Iya
padha-padha. Yen kowe kepengin crita, aku siap ngrungokake kapan wae kok,”
mangkono wangsulane Candra sinambi mesam-mesem. Dheweke banjur lunga tumuju
ruang band.Yusni banjur mulih dhewe amarga Anya ana rapat OSIS.
Saben
dina Yusni budhal sekolah bareng Anya. Ora lali nggawa lothek sing dititipake
ana ing kantine Bu Isti. Nalika ing kantin, sakloron ketemu karo Candra. Anya
sing uga kenal Candra banjur nakoni dheweke amerga Candra ujug-ujug marani
bocah loro iku.
“Ee,
mas Candra. Wonten punapa mas?” Anya bingung lan gugup nalikane Candra ana ning
ngarepe bocah loro iku. Wong sing paling terkenal sesekolahane iku marani
dheweke.Candra namung kedhep mripate, nandhakake yen kepengen ngomong karo
Yusni. Anya lunga sawise pamitan karo Yusni kanthi rasa gumun banget, kok bisa
Yusni kenal karo Candra. Ananging dheweke ngurungake niat kanggo takon menyang
Yusni.
“Esuk-esuk
kok ning kantin?” pitakone Candra.
Yusni
banjur mangsuli, “Iki aku bubar ngeterake lothek ing kantine Bu Isti, arep
nyicipi apa ora mas, tak jipukake gelem ora?”
Amarga
Candra wis ngerti kahanan uripe Yusni, dheweke malah ngguyu.
“Ora
usah Yus, iki wis meh masuk. Ayo menyang kelas bareng wae, kan kelasmu sejalur
karo kelasku,” wangsulane Candra.
Yusni
karo Candra bareng anggone mlaku menyang kelas. Ora ngerti yen sakloron
ditutake karo Hardi, kanca sekelase Yusni sing meneng-meneng seneng merga ayune
Yusni. Nanging wektu iku Hardi isih nata atine.
Wis
pirang-pirang dina Yusni kerep ketemu karo Candra. Rumangsa rumaket banget
anggone kekancan. Atine Hardi panas yen ndelok bocah loro kui mlaku bareng. Apa
maneh wong sing ditresnani iku malah arep nyanthol ing atine kanca band ne dhewe.
Nalikane
Yusni mlebu kelas, Hardi weruh banjur uga melu mlebu kelas. Amarga kelas isih
sepi, Hardi langsung nyedhaki Yusni.
“Yus,
saiki aku njaluk ngapura marang kowe amerga aku wis tau nglarani atimu,
ananging ngertia yen aku iki sejatine tresno menyang sliramu. Kowe gelem apa
ora dadi wong sng spesial kanggoku.”pitakone Hardi sinambi nyekeli tangane
Yusni.
Yusni
sing risi karo tumindake Hardi iku langsung ngipatake tangane.
“Ora
Har, saiki aku pancen wis bisa legowo marang kowe senajan maune atiku pancen
kelara-lara amarga kelakuanmu. Ananging aku ora bisa nampa panjalukanmu babagan
hubungan iku. Aku ora bisa Har, atiku iki wis ana sing nduwe,” wangsule Yusni.
“Aku
tetep ora lila kowe nduweni sesambungan karo Candra, kanca band ku dhewe,” Hardi banjur lunga metu saka kelas. Dina iku Hardi
mbolos anggone sekolah.
Sawise
bubar sekolah, Yusni mara ning kantin saperlu njaluk dhuwit lothek ning Bu
Isti. Nalika ning kantin, Yusni ketemu karo Candra sing lagi mangan ing kantine
simbok. Yusni marani Candra banjur padha mangan bareng.
“Yus, aku sesuk ana latian band. Iku latian terakhir kanggo acara
perpisahanku sesuk. Kowe melu ngancani aku latian ya. Aku arep menehi sesuatu kanggo kowe.” Panjaluke Candra
sinambi ngereh-reh Yusni supaya gelem melu.
Atine Yusni seneng-seneng kuatir.
Yusni seneng amarga bisa luwih cedhak hubungane, ananging dheweke kuatir yen
Hardi, preman sekolahan iku tumindak sing ora-ora sing bisa nyilakani dheweke.
Wusanane Yusni durung njawab pitakone Candra. Candra atine rada gela. Padahal dheweke
nduweni rencana arep nembak Yusni nganggo lagu gaweyane dhewe nalika latian band.
Sedina
sabanjure Yusni sengaja mbolos sekolah, dheweke sengaja supaya ora ketemu karo
Candra. Yusni sengaja njaluk prei anggone nyetorake lothek. Candra sing wis
nunggu kawit esuk ora kapethuk karo Yusni. Anya ngabari Bu Isti yen Yusni prei
anggone ngeteri lothek. Nalika iku Anya dicegat karo Candra.
“Yusni
menyang ngendi Nya?” pitakone Candra.
Anya
sing wis ngerti crita sakabehane babagan hubungan Candra lan Yusni iku banjur
mangsuli pitakone candra. Sejatine Anya ngerti yen Yusni saiki ana ing kamare
dheweke, ananging Anya sengaja goroh.
“Wah,
aku ora weruh ki mas. Wingi aku dipeseni ibune Yusni yen saiki prei anggone
sadeyan. Ananging aku mau mangkat gasik, dadine ora bareng Yusni, coba ditilik
nyang kelase.” Wangsulane Anya goroh.
Candra
banjur menyang kelase Yusni, dheweke ora nemokake Yusni. Banjur dheweke mlayu
muteri sekolahan nggoleki Yusni. Ananging tetep ora ana. Nganti sekolahan wis
bubar, Candra tetep isih nunggu Yusni. Nanging tetep wae Yusni ora ana kabare.
Di telepon ora nyambung. Candra wektu iku atine gusar banget, wedi yen ana
apa-apa.
Sore
iku Candra nunggu kanca-kancane ning ruang musik. Rencana sing wis digawe bakal
gagal amarga Yusni ora teka. Ujug-ujug Hardi mlebu ruang musik iku. Hardi weruh
yen ana roti tulisane I Love You Yusni. Hardi
banjur njipuk roti iku banjur diuncalake menyang ngarep raine Candra.
“Kanca
kaya apa kowe iki, bisa-bisane ngrebut Yusni saka aku. Biyen aku rumangsa bisa
cedhak karo Yusni, nanging sawise ana kowe Yusni malah mbok rebut.” Hardi
nesu-nesu sinambi ngantem Candra.
Candra
uga ora trima, dheweke mbales ngantemi hardi. Wusanane dadi gelut
kampleng-kamplengan. Kanca-kancane nalika iku ora bisa misahi. Banjur ngundang
kepala sekolah lan wakile. Amarga iku ayahe Candra lan Hardi dhewe, banjur
dheweke gelem nglereni anggone gelut. Ayahe Candra sanalika iku lngsung
nyidhang anake. Samono uga Hardi. Jebule namung masalah wong wadon. Candra
banjur getun, dheweke janji ora bakal mbaleni maneh. Dene Hardi mlah milih
pindah sekolahan amarga wegah ketemu karo masalah iki maneh amarga dheweke isih
nduweni rasa seneng marang Yusni.
Esuke
Candra ora mlebu sekolah, dheweke babak belur awake. Yusni sing ngrasa salah
marang candra banjur nggoleki Candra ing
kelase. Jebule kanca-kancane menehi ngerti yen Candra ora mlebu sekolah. Saiki
Yusni sing ngrasa kuwatir. Wusanane Yusni menyang kantine simbok.
“Mbok,
Mas Candra dhateng pundi nggih?”pitakone Yusni.
“Oalah
bocah kawit wingi kok malah golek-golekan, wingi Mbak yusni sing ora budhal, e
saiki kok gantian Den candra sing ora budhal, wah aku durung ngerti sebabe
Mbak,” mangkono wangsulane simbok. Asline simbok ngerti kedadeyan iku, ananging
simbok wis janji ora bakal ngandhani Yusni.
Wis
telung dina Yusni nunggu kabare Candra, nanging ora ana kabar babar pisan.
Saben dina Yusni mere ning kantine simbok saperlu golek kabare Candra. Ananging
simbok tetep ora gelem njawab, simbok tetep ngumpetake perkara iku. Ananging
suwe-suwe simbok ora betah nonton kahanane Yusni sing tansah katon kuwatir
mikirke Candra, saben dina takon babagan Candra. Yen weruh Yusni hawane
kepengin melu nangis, amarga saben mara ing kantine simbok Yusni mesthi netesake uluh.
Amarga
simbok ora tega, dheweke banjur ngomongi Yusni babagan kedadeyan ing ruang
musik iku. Yusni langsung nangis ngguguk, krasa yen perkara iku asale saka
Yusni dhewe. Sawise dicritani simbok, Yusni banjur nyuwun alamat omahe Candra.
Dheweke langsung mak klepat nggoleki omahe Candra.
Yusni
langsung nangis sawise ketemu Candra sing babak belur iku. Sanalika atine
langsung lega sawise ketemu wong sing disenengi iku.
“Aku
bisa nrima kahanan kaya ngene, kabeh iku wis ana konsekuensine. Ananging iki
kabeh minangka salah sijining perjuanganku kanggo kowe, Yus. Apa kowe gelem
nrima aku sing bonyok-bonyok iki?”
Yusni
banjur malah ngguyu cekakakan. Candra uga melu ngguyu senajan isone namung
mringis-mringis ing ndhuwur peturone.
<cuthel>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar