Gamelan Jawa
Gamelan
iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané
ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka
basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi
gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa
ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan
pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata
nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing
mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.

Gamelan
duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula
swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran
gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané
Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi
saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah
utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan
kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik
pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras
ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan
nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan
http://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar